Sumatera

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Sumatera

Topografi Pulau Sumatera
Geografi
Lokasi Asia Tenggara
Koordinat 0°00′ LU 102°00′ BT
Kepulauan Kepulauan Sunda Besar
Luas 473.481 km²
Ketinggian tertinggi 3.805 m
Puncak tertinggi Kerinci
Negara
Indonesia
Provinsi Aceh, Bengkulu, Jambi, Lampung, Riau, Sumatera Barat, Sumatera Selatan, Sumatera Utara, Kepulauan Bangka Belitung, Kepulauan Riau
Kota terbesar Medan (pop. 3.418.645 (2009))
Demografi
Populasi 45 juta (per 2005)
Kepadatan 96/km²
Kelompok etnik Aceh, Batak, Minangkabau, Melayu, Rejang

Sumatera utawa Sumatra kuwe pulau keenem paling gedhé sadonya sing ana nang Indonesia, ambane 443.065,8 km2. Penduduk pulau kiye sekitar 42.409.510 wong (2000). Pulau kiye uga dikenal nganggo jeneng sejen yaiku Pulau Percha, Andalas, atawa Suwarnadwipa (basa Sanskerta, sing artiné "pulau emas"). Nang Prasasti Padang Roco taun 1286 dipahatna swarnnabhūmi lan bhūmi mālayu kanggo nyebut pulau iki. Nang naskah Negarakertagama sekang abad ke-14 uga nyebutna maning "Bumi Malayu" (Melayu) kanggo pulau iki.

Etimologi[sunting | besut sumber]

Jeneng Sumatera asale sekang Kerajaan Samudera (sing ana nang pesisir wetan Aceh). Dong Ibnu Batutah, petualang sekang Maroko teka maring negeri kuwe nang taun 1345, dheweke ngucapna kata Samudera dadi Samatrah, lan banjur dadi Sumatra atawa Sumatera, seterusé jeneng kiye kecatet nang peta-peta abad ke-16 gaweané wong Portugis, sing nggambarna pulau kiye, banjur sidane dikenal meluas gutul sekiye[1].

Jeneng asli Sumatera, kaya sing kecatet nang sumber-sumber sejarah lan crita-crita rakyat, yakuwe “Pulau Emas”. Istilah pulau ameh (basa Minangkabau, artiné pulau emas) bisa ditemoni nang crita Cindur Mata sekang Minangkabau. Nang crita rakyat Lampung kecatet jeneng tanoh mas kanggo nyebut pulau Sumatera. Uga ana musafir sekang Cina sing jenengé I-tsing (634-713), sing netep nang Sriwijaya (sekiye Palembang) nganti taun-taunan dong jaman abad ke-7, nyebutna Sumatera nganggo jeneng chin-chou sing rartiné “negeri emas”.

Nang pirang-pirang prasasti, Sumatera disebut nganggo jeneng Sansekerta: Suwarnadwipa (“pulau emas”) atawa Suwarnabhumi (“lemah emas”). Jeneng-jeneng kiye uwis dienggo nang naskah-naskah India sedurung Masehi. Naskah Buddha sing termasuké paling tua, Kitab Jataka, nyritakna pelaut-pelaut India nyebrangi Teluk Benggala maring Suwarnabhumi. Nang crita Ramayana dikisahna dong ngoleti Dewi Sinta, istri Rama sing diculik Ravana, gutul maring Suwarnadwipa.

Musafir Arab gole nyebut Sumatera nganggo jeneng Serendib (persisé: Suwarandib), transliterasi sekang jeneng Suwarnadwipa. Abu Raihan Al-Biruni, ahli geografi Persia sing teka maring Sriwijaya taun 1030, ngomong nek negeri Sriwijaya kuwe letaké nang pulau Suwarandib. Tapi uga ana wong sing ngarani nek Serendib kuwe Srilangka, sing ora tau disebut Suwarnadwipa.

Nang bangsa Yunani purba, Sumatera uwis dikenal nganggo jeneng Taprobana. Jeneng Taprobana Insula kuwe uwis dienggo nang Klaudios Ptolemaios, ahli geografi Yunani abad keloro Masehi, tepaté taun 165, pas dheweké menguraikan daerah Asia Tenggara nang njero karyané Geographike Hyphegesis. Ptolemaios nulis nek nang pulau Taprobana ana negeri Barousai. Ndeyané negeri sing dimaksudkna kuwe Barus nang pantai kulon Sumatera, sing terkenal awit jaman gemiyen dadi penghasil kapur barus.

Naskah Yunani taun 70, Periplous tes Erythras Thalasses, ngungkapkna nek Taprobana uga dijuluki chryse nesos, sing artiné ‘pulau emas’. Awit jaman purba para pedagang sekang daerah sekitar Laut Tengah uwis nekani Nusantara, utamané maring Sumatera. Seliyane ngoleti emas, pedagang kuwe uga ngoleti kemenyan (Styrax sumatrana) lan kapur barus (Dryobalanops aromatica) sing waktu kuwe mung ana nang Sumatera. Sewaliké, para pedagang Nusantara uga uwis ngadol komoditi mereka gutul maring Asia Barat lan Afrika Timur, kaya sing ditulis nang naskah Historia Naturalis karyané Plini abad pertama Masehi.

Nang jerone kitab umat Yahudi, Melakim (Raja-raja), pasal 9, diterangna nek Nabi Sulaiman a.s. raja Israil nrima 420 talenta emas sekang Hiram, raja Tirus sing dadi bawahané dheweke. Emas iku olihé sekang negeri Ofir. Kitab Al-Qur’an, Surat Al-Anbiya’ 81, nerangna nek kapal-kapal Nabi Sulaiman a.s. berlayar maring “tanah sing Kami berkati nduwuré” (al-ardha l-lati barak-Na fiha).

Akeh ahli sejarah sing berpendapat nek negeri Ophir iku ana nang Sumatera. Perlu dicatet, kota Tirus kuwe dadi pusaté pemasaran barang-barang sekang Timur Jauh. Ptolemaios uga nulis Geographike Hyphegesis dasaré sekang informasiné pedagang Tirus sing jenengé Marinus. Akeh petualang Eropa nang abad ke-15 lan ke-16 ngoleti emas maring Sumatera jalaran nganggep nek nang kana kuwe panggonané negeri Ofir Nabi Sulaiman a.s.

Samudera dadi Sumatera[sunting | besut sumber]

Jeneng Sumatra pertama kali disebutna nang gelar salah sijining raja Sriwijaya Haji (raja) Sumatrabhumi ("Raja lemah Sumatra"), [2] berdasarkan berita China dheweke ngirimna utusan maring China taun 1017. Pendapat liyane nyebutna nek jeneng Sumatera asale sekang jeneng Samudera, kerajaan nang Aceh abad ke-13 lan ke-14. Para musafir Eropa awit abad ke-15 uwis nggunakna jeneng kerajaan kuwe nggo nyebut sekabehane pulau. Pada karo pulau Kalimantan sing tau disebut Borneo, sekang jeneng Brunai, daerah bagian lor pulau iku sing asale ditekani wong orang Eropa. Pada bae karo pulau Lombok sing maune jenenge Selaparang, Lombok kuwe jeneng daerah nang pantai wetan pulau Selaparang sing pertama disinggahi pelaut Portugis.

Sejarah[sunting | besut sumber]


Daftar gunung nang Sumatera[sunting | besut sumber]

Sumber daya alam[sunting | besut sumber]

Administrasi[sunting | besut sumber]

Propinsi Ibu kota Populasi
Aceh Banda Aceh 223.446
Sumatera Utara Medan 2.097.610
Sumatera Barat Padang 833.562
Riau Pekanbaru 897.767
Kepulauan Riau Tanjung Pinang 192.493
Jambi Jambi 531.857
Bengkulu Bengkulu 308.544
Sumatera Selatan Palembang 1.455.284
Kepulauan Bangka Belitung Pangkal Pinang 174.000
Lampung Bandar Lampung 881.801


Propinsi nang Sumatera[sunting | besut sumber]

Kota gede[sunting | besut sumber]

Nang ngisor kiye daptar 10 kota gedhe nang Sumatera miturut jumlah populasi taun 2009.[3]

Urutan Kota, Propinsi Populasi
1 Medan, Sumatera Utara 3,418,645
2 Palembang, Sumatera Selatan 1,271,855
3 Padang, Sumatera Barat 960,184
4 Bandar Lampung, Lampung 916,561
5 Pekanbaru, Riau 763,275
6 Jambi, Jambi 454,686
7 Bengkulu, Bengkulu 373,243
8 Banda Aceh, Aceh 287,769
9 Pematang Siantar, Sumatera Utara 209,568
10 Lubuklinggau, Sumatera Selatan 189,371

basa[sunting | besut sumber]

Budaya[sunting | besut sumber]

Deleng uga[sunting | besut sumber]

Referensi[sunting | besut sumber]

  1. Nicholaas Johannes Krom, De Naam Sumatra, BKI, 100, 1941.
  2. Munoz. Early Kingdoms. hlm. 175. 
  3. Helders, Stefan. "Indonesia: largest cities and towns and statistics of their population". World Gazetteer. http://www.world-gazetteer.com/wg.php?x=&men=gcis&lng=en&des=wg&srt=npan&col=abcdefghinoq&msz=1500&geo=-101. Diakses pada 21 April 2009.