Menyang kontèn

Pelem

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
?Pelem
Woh pelem gedhong, sekang Sumedang, Jawa Kulon
Woh pelem gedhong, sekang Sumedang, Jawa Kulon
Klasifikasi ilmiah
Kerajaan: Plantae
Filum: Magnoliophyta
Kelas: Magnoliopsida
Ordo: Sapindales
Famili: Anacardiaceae
Genus: Mangifera
Spesies: M. indica
Jeneng binomial
Mangifera indica
L.


Pelem kuwe jeneng sajenis woh, mangkono uga jeneng wité.[1] Pelem klebu nang marga Mangifera, sing kapérang sekang 35-40 anggota, lan suku Anacardiaceae.[1] Jeneng èlmiyahé yakuwe Mangifera indica.[1]

Genus Mangifera duwé 62 ''spesies'', ningen sing ngasilna woh sing énak mung 16 species.[1] Pelem sing dipangan awaké dhéwék saben dina, kayata pelem golèk klebu species Mangifera indica L.[1]

Wit pelem klebu tetanduran tingkat dhuwur sing struktur watangé klebu klompok ''arboreus'', yakuwe tetanduran kayu sing dhuwuré watang luwih sekang 5 m.[1] Dhuwuré wit pelem teyeng gutul 10-40 m lan umuré teyeng tekan 10 taun utawa luwih.[1] Pelem sing isih nom biayasané disenengi wong meteng.[2]

Pelem kuwe kalebu tanduran woh taunan kang asalé sekang nagara India.[3] Tanduran pelem banjur nyebar nang tlatah Asia Tenggara, kalebu Malaysia lan Indonésia.[3]

Jinis kang akeh urip nang Indonesia

[sunting | besut sumber]

Klasifikasi botani pelem yaiku:[3] Divisi : Spermatophyta Sub divisi : Angiospermae Kelas : Dicotyledonae Keluarga : Anarcadiaceae Genus : Mangifera Spesies : Mangifera spp. Jinis pelem kang nah ditandur nang Indonésia yakuwe ''Mangifera indica L''.[3] Contoné pelem arumanis, golék, gedhong, manalagi lan cengkir lan ''Mangifera foetida'' kayata kemang lan kweni.[3]

Pusat tanduran pelem nang Pulo Jawa yakuwe nang Probolinggo, Indramayu, Cirebon.[3] Tanduran pelem cocog urip nang dhaérah kanthi musim kering kurang luwih 3 sasi.[3] Musim kering kiye dibutuhna sadurungé lan yen wayah ngembang.[3] Yèn ditandur nang dhaérah kang lembab, tanduran pelem bakal kena serangan ama lan penyakit.[3] Saliyané kuwe bisa rontok kembang lan wohé yèn ngembangé wayah udan utawa mangsa rendheng.[3]

Asil olahan

[sunting | besut sumber]

Pelem kang mateng bisa langsung dipangan dadi buah, rasané kang legi lan seger, dagingé kang empuk gawé wong akeh kang seneng pelem.[2] Pelem kang isih nom bisa diawetna kanthi kadar gula kang nah dadi manisan basah lan kering.[2] Pelem kang durung mateng diarani kepoh, bajangan.[2]

  • jus pelem
  • puding
  • manisan
  • asinan

Pelem nduwéni akeh variétas.[4] Kurang luwih ana 2.000 jinis pelem nang donya.[4] Saliayané rasané kang legi lan seger, pelem uga nduwéni khasiat kang migunani kanggo kaséhatan.[4] Woh pelem nduwéni zat-zat kang dibutuhna awak.[4]

A mango tree in full bloom in Kerala, India
  • ngandhut vitamin A,E lan C[5]
  • bisa dadi disinféktan[5]
  • ngresikki getih[5]
  • ngobati werna-werna penyakit, ngilangi bau badan utawa awak kang kringeté rada ora énak ambuné.[5]
  • obat yèn lagi demam lan awak panas[5]

Bahan wacan

[sunting | besut sumber]
  • Morton, J. 1987. Mango. p. 221–239. In: Fruits of warm climates. Julia F. Morton, Miami, FL.
  • van Steenis, C.G.G.J. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonesia. PT Pradnya Paramita. Jakarta.
  • Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.

Referensi

[sunting | besut sumber]
  1. 1,0 1,1 1,2 1,3 1,4 1,5 1,6 (Indonesia)Situs Deptan(dipunundhuh tanggal 27 April 2011)
  2. 2,0 2,1 2,2 2,3 (Indonesia)Kabarinews(dipunundhuh tangal 27 April 2011)
  3. 3,00 3,01 3,02 3,03 3,04 3,05 3,06 3,07 3,08 3,09 (Indonesia)Situs Ristek(dipunundhuh tanggal 26 April 2011)
  4. 4,0 4,1 4,2 4,3 (Indonesia)Vivanews.com(dipunudhuh tanggal 27 April 2011)
  5. 5,0 5,1 5,2 5,3 5,4 (Indonesia)Khasiat dan Manfaat Buah-buahan(dipunudnhuh tanggal 27 April 2011)

Pranala njaba

[sunting | besut sumber]
Delengen Uga Who-wohan