Durèn

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Durèn
Klasifikasi Ilmiah
Kerajaan:Plantae/Tanduran
Divisi:Magnoliophyta
Kelas: Magnoliopsida
Ordo: Malvales
Famili: Bombacaceae
Genus: Durio
Jeneng jenis
  • Durio zibethinus
  • Durio kutejensis
  • Durio oxleyanus
  • Durio graveolens
  • Durio dulcis

Durèn kuwe salahsiji woh tropik sing asale sekang Asia Tenggara. Ciriwanci utama woh kiye yakuwe aroma/ambune sing menyengat, sing doyan ya marakna nggugah selera ning angger sing ora seneng bisa marakna mumet. Angger kakehan mangan woh kiye biasane cokan dadi mandan mumet tur anget ning jere bisa ditambani nganggo banyu uyah sing diseduh nang bolongan sisi jero kulite.

Durèn kiye uga umum nggo campuran panganan liya uga wedangan, antarane nggo campuran kolak, es campur lyy, ana uga sing digawe dodol jenenge lempog. Nang daerah tinentu, daging durèn sing wis bosok kuwe isa diolah (proses fermentasi) digawe kaya tape ning kandungan alkohole dadi mandan akeh, panganan kiye jenenge tempoyak.

Fisik[sunting | besut sumber]

Kulite kandel ana rine gedhe-gedhe tur landep, mulane gole ngupas kudhu ngati-ati ning angger wis mateng banget ana rekahan nang kulite nggo misahna wilah-wilahane dadi gampang gole mbukak, malah bisa langsung dibukak nganggo tangan.

Kelir daginge mandan kuning tur lembek.

Wiji durèn kuwe atos ning isa dipangan uga, digodhog ndisit ngantek mateng.

Rega[sunting | besut sumber]

Angger wis mangsane, rega duren lokal ora patiya larang, sing ukurane mandan cilik kira-kira pitung ewonan rupiah, paling larang sekitar limolasan ewu.

Jenis[sunting | besut sumber]