Menyang kontèn

Anggur (woh)

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Anggur abang
Anggur, abang utawa ijo
Kandungan nurtrisi saben Cithakan:Convert/g
Energi Cithakan:Convert/kJ
Karbohidrat 18.1 g
- Gula 15.48 g
- Serat pangan 0.9 g
Lemak 0.16 g
Protein 0.72 g
Thiamine (Vit. B1) 0.069 mg (5%)
Riboflavin (Vit. B2) 0.07 mg (5%)
Niacin (Vit. B3) 0.188 mg (1%)
Pantothenic acid (B5) 0.05 mg (1%)
Vitamin B6 0.086 mg (7%)
Folate (Vit. B9) 2 μg (1%)
Vitamin B12 0 μg (0%)
Vitamin C 10.8 mg (18%)
Vitamin K 22 μg (21%)
Calcium 10 mg (1%)
Iron 0.36 mg (3%)
Magnesium 7 mg (2%)
Manganese 0.071 mg (4%)
Phosphorus 20 mg (3%)
Potassium 191 mg (4%)
Sodium 3.02 mg (0%)
Zinc 0.07 mg (1%)
Persentase ngrujuk maring rekomendasi Amerika Serikat kanggo wong dewasa.
Source: Sumberdata Nutrisi USDA

Wit anggur kuwe klebu jinis woh-wohan non-climacteric (ora usum-usuman), tuwuh minangka tanduran sing tahan urip mataun-taun ( perennial ) lan arupa wit grumbul sing mrambat ( deciduous woody vine ), sekang genus Vitis. [1]Woh anggur teyeng dipangan mentahan utawa digawé selai, kismis, jus, jèli, cuka anggur, ombènan anggur lan lenga wiji anggur.[2] Anggur tuwuh nggrombol wiwit 6 nganti 300, lan wernané teyeng ireng, biru, emas, ijo, ungu, abang, jambon,coklat, peach (jambon kekuningan}, utawa putih.[1] Senajan kaya kuwe, anggur "putih" jan-jane werna ijo, ningen sacara alon-alon malih rupa sing asalé sekang anggur abang.[2] Mutasi sekang loro gèn sing temata ngendhegna produksi anthocyanin, yakuwe zat sing marahi rupané anggur dadi abang.[3].

Anggur kalebu tanduran sing dimanfaatna wohè.[4] Anggur arupa tanduran perdu sing mrambat. Angger nandur anggur biyasanè dirambatna nang anjang-anjang utawa nang wit liyanè.[4] Tanduran anggur teyeng urip subur nang dhaèrah dhataran rendah.[4]

Wit Anggur

[sunting | besut sumber]

Akèh-akèhé anggur asale sekang cultivars Vitis vinifera, yakuwe wit anggur Eropah sing asalé sekang tlatah Mediterranean lan Asia Tengah Minor, dadi tanduran anggur jinis sing sumebar nang Amérika land Asia, kayata :

Anggur Segara Coccoloba uvifera kuwe jan-jane anu kaluwargané anggur Buckwheat Polygonaceae lan asalé sekang pulo-pulo nang segara Karibia.[4]

Kebak nang Guna

[sunting | besut sumber]

Anggur teyeng dimanfaatna kanggo nggawé produk inuman férméntasi. [4]Asil férméntasi anggur sing nagndhut alkohol biyasané diarani Wine, anggur uga teyeng digaringna dadi kismis lan kanggo industri selai lan jeli.[4] Anggur uga teyeng dipangan kanggo buah.[4]

Distribusi lan prodhuksi

[sunting | besut sumber]
Palatina, anggur Jerman
Grapevines
Grape production in 2005

Miturut "Food and Agriculture Organization" (FAO), 75,866 km2 lumahing bumi dinggoni tanduran anggur.[2] Kira-kira 71% prodhuksi anggur donya digawé ombènan anggur (wine), 27% dadi panganan woh seger, lan 2% digaringna.[2] Sebagéyan prodhuksi anggur dianggo nggawé jus anggur kanggo pemanis woh-wohan kalèng sing tanpa tambahan gula lan "100% alami".[2] Tlatah kebon anggur tansaya tambah kira-kira 2% saben taun.[2]

Tabel nang ngisor iki minangka daftar prodhusèn anggur sing pinunjul nang donya.:

Negara Ambané tlatah kebon anggur
Spanyol 11.750 km²
Prancis 8.640 km²
Italia 8.270 km²
Turki 8.120 km²
Amérika Sarékat 4.150 km²
Iran 2.860 km²
Rumania 2.480 km²
Portugal 2.160 km²
Argentina 2.080 km²
Australia 1.642 km²
Inggris 10,53 km²

Sumber: FAO, Organisation Internationale de la Vigne et du Vin (pdf), Australian Wine and Brandy Corporation.

Jinise anggur yakuwe kaya sing katulis nang ngisor kiye:[5]

Chatetan Suku

[sunting | besut sumber]
  1. 1,0 1,1 (Indonesia)[1](dipunundhuh tanggal 24 April 2011)
  2. 2,0 2,1 2,2 2,3 2,4 2,5 (Indonesia)[2](dipunundhuh tanggal 24 April 2011)
  3. Walker AR, Lee E, Bogs J, McDavid DA, Thomas MR, Robinson SP (2007). "White grapes arose through the mutation of two similar and adjacent regulatory genes". Plant J 49 (5): 772–85. PMID 17316172. 
  4. 4,00 4,01 4,02 4,03 4,04 4,05 4,06 4,07 4,08 4,09 4,10 (Indonesia) - Similar(dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
  5. (Indonesia)[3](dipunundhuh tanggal 23 April 2011)

Delengen uga

[sunting | besut sumber]

Pranala jaba

[sunting | besut sumber]
Jinising Woh-wohan