Haurgeulis

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
(Dialihna sekang Haurgeulis, Indramayu)
Haurgeulis
—  Kecamatan  —
Negara  Indonesia
Propinsi Jawa Barat
Kabupaten Indramayu
Pemerentahan
 - Jeneng Camat Drs.H. Prawoto
Wewengkon 56,05 km²
Desa/kelurahan 10 desa/kelurahan

Haurgeulis iku salah siji kecamatan ning Kabupaten Indramayu, Provinsi Jawa Barat, Indonesia.

Kecamatan kien letake ana ning ujung barat daya wilayah kabupaten Indramayu lan uga dilewati jalur rel sepur. Letake bebatesan langsung karo kecamatan Compreng lan Cipunagara (Kabupaten Subang) ning lebah kulon (bari sungai Ci Punagara), kecamatan Gantar ning lebah kidul, kecamatan Kroya ning lebah wetan, lan kecamatan Anjatan ning lebah lor.

Sejara[sunting | besut sumber]

Aran Haurgeulis iku asale saking gabungan 2 kata ing basa Sunda, yaiku Haur lan Geulis. Haur artine pring, geulis artine ayu. Dhadi, aran Haurgeulis iku ndhuweni arti Pring Ayu atawa Bambung Cantik ning basa Indonesia. Hal kien jarene disebabaken wilayah kecamatan kien ning jaman bengen akeh dicukuli karo wit-witan pring sing ndhuweni bentuk unik lan dhuwe manpaat sing gedhe kanggo masyarakat ning kono.

Ning masa awal abad ke-16, wilayah Haurgeulis (termasuk Gantar, Anjatan, Sukra, lan sebagian Kandanghaur lan Terisi) manjing ning wilayah kekuasaan Kerajaan Sumedang. Pernah ana konplik ning antara penguasa Indramayu lan penguasa Sumedang ngeributaken statuse wilayah kien.

Konon ning salah sijine waktu, penguasa Indramayu (lewat Nyi Endang Dharma) nyiapaken strategi khusus nganggo bisa ngolihaken hak kekuasaan wilayah kien sing Kerajaan Sumedang. Nyi Endang Dharma (sing konon awale yaiku wong lanang sakti mandhra guna) ngubah wujud asline dadi wong wadhon sing ayu. Ayune Nyi Endhang ndadhiaken Raja Sumedang waktu kuen, Prabu Geusan Ulu Adji Putih, jatuh cinta lan ndhuweni niat ngawini Nyi Endang Dharma. Prabu Geusan ora weruh bahwa wong wadhon ayu kuen sebenere yaiku musuh bebuyutane. Nyi Endang Dharma ora pikir-pikir dhawa, langsung nerima tawaran saking Sang Prabu, mung kudhu ana ketentuan Sang Prabu gelem nekeni nganggo dheweke wilayah sing mengko arep didhadiaken tempat tinggale. Ora langsung pikir-pikir maning, Prabu Geusan sing wis kejebak ning kelicikan Nyi Endang Dharma, langsung ngabulaken jejalukane demi cintane.

Mung sawise Prabu Geusan nyumpahaken janjine, ujug-ujug dheweke nembek sadar bahwa Nyi Endang sing didhemenie yaiku musuh gedhene saking pesisir lor. Kabeh wilayah sing dinekene ilang lan ngalih kekuasaan ning tangan Indramayu. Wilayah kuen sing sekien diarani daerah Haurgeulis (termasuk Gantar, Anjatan, Sukra, uga sebagian Kandanghaur lan Terisi).

Pendhudhuk[sunting | besut sumber]

Kecamatan Haurgeulis iku salah siji kecamatan sing ndhuweni sipat/ budhaya masyarakate sing heterogen. Letak geografise sing strategis nggawa pengaruh maring pola urip masyarakate. Suku Jawa masih dadi golongan sing dominan ning Haurgeulis, seteruse suku Sunda, Cina, Minang lan Arab. Wong-wong Cina, Arab lan Minang iku wong-wong teteka-an lan rerantauan sing mbuka usaha ning Haurgeulis.

Basa sing dinggo ning Haurgeulis iku akehe nganggo basa Jawa. Mung, ora kabeh basa Jawa ning Haurgeulis iku padha. Ana 3 dhialek Jawa sing dinggo ning Haurgeulis, yaiku dhialek Dermayon, dhialek Cirebon lan dhialek Tegal (mirip dhialek Banyumas). Masyarakat ning desa Kertanegara, Karangtumaritis lan Wanakaya akehe nganggo dhialek Cirebonan. Dhialek Tegalan biasa diucapi ning desa Sidadadi, Sumbermulya, blok Cipedang Bunder (desa Mekarjati), Lebak (desa Sukajati) lan sebagian wilayah wetan desa Haurgeulis. Dhialek Dermayon dinggo ning pendhuduk ning desa Cipancuh, Mekarjati, Haurgeulis, Sukajati lan sebagian Sumbermulya.

Basa Sunda dhewek uga termasuk basa sing masih sering dinggo ning masyarakat. Hal iki normal sebab meskipun manjing ning wilayah Indramayu (sing notabene manjing Jawa), Haurgeulis ning awal-awale yaiku wilayah kekuasaan saking Sumedang. Basa Sunda sing dinggo ning Haurgeulis umume yaiku basa Sunda kasar. Wilayah sing pendhuduke nganggo basa Sunda diantarane yaiku desa Haurkolot, Cipancuh (blok Sumur Bandung / Karanganyar), Mekarjati (blok Babakan Jati II, III), Kertanegara (blok 18, 19, 22), Wanakaya (blok Maja) lan Karang Tumaritis (blok Karang Sambung).

Sebagian cilik maning saking masyarakat yaiku nganggo basa Indonesia sing didhadiaken bahasa ibu. Wilayah sing nganggo basa Indonesia sedhina-dhina yaiku daerah ning sekitar desa Haurgeulis (blok Pasar lan Babakan Negla) lan Sukajati (blok Masjid Al-Hanan, Warung Jambu lan sebagian Manggungan).

Panggonan urip masyarakat Haurgeulis sebagian gedhe yaiku mbuka usaha (dhagang) lan tethanduran/tani. Sisane dhadi karyawan pertokoan lan instansi uga wiraswasta. Intensitas perdhagangan ning Haurgeulis iku salah siji sing paling gedhe ning Kabupaten Indramayu, uga Jatibarang.

Kelurahan/desa[sunting | besut sumber]

  1. Haurgeulis
  2. Haurkolot
  3. Karangtumaritis
  4. Kertanegara
  5. Mekarjati
  6. Sidadadi
  7. Sukajati
  8. Sumbermulya
  9. Wanakaya
  10. [Cipancuh, Haurgeulis, Indramayu]