Basa Indonesia

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Prakata[sunting | besut sumber]

Basa Indonesia kuwe basa resmi Negara Republik Indonesia, ning mung sebagian thok wong Indonesia sing bener-bener nuturna basa kiye sebagai basa ibu, dadi jane luwih akeh sing nuturna Basa Daerah.

Sejarah[sunting | besut sumber]

Basa melayu kuna guwe ora mukur dienggo nang zaman Sriwijaya, soale nang Jawa Tengah (Gandasuri) ditemokna prasasti ana tulisan taun 832 M karo nang Bogor ya ditemokna prasasti ana tulisane taun 942 M sing ngganggo basa Melayu kuna. Jerene pas zaman Sriwijaya basa Melayu dienggo go basa kabudayan, yakuwe buku pelajaran Agama Budha. Basa Melayu uga dienggo nggo basa penghubung karo suku liyane nang Nusantara karo nggo basa wong dodolan. Basa Indonesia urip lan nyebar sekang Melayu sing jaman gemiyen wis dienggo nggo basa penghubung, ora mukur nang kepuloan nang nusantara, tapi nang Asia Tenggara. Pas guwe, para wong enom sekang werna-werna pelosok Nusantara kumpul, terus ngasilna ikrar, yakuwe (1) Bertumpah darah sing satu, tanah Indonesia, (2) Berbangsa sing satu, bangsa Indonesia, lan (3) Menjunjung bahasa persatuan, bahasa Indonesia. Ikrar guwe jenenge Sumpah pemuda.

Basa Melayu kepenak ditampa nang Masyarakat Nusantara nggo basa penghubung antar pulo, antarsuku, antarbangsa, karo antar kerajaan. Mergane basa Melayu ora ngenal duwur ngisor, dadi pas nggo sepadha-padha. Basa Melayu sing dienggo nang Nusantara nang pertumbuhe dipengaruhi nang corak budaya daerah. Basa melayu nyerep kosakata kang werna-werna basa, sing utama sekang basa Sanskerta, Basa Persia, Basa Arab, lan Basa-basa Eropa.

Wong enom Indonesia sing nggabung nang kumpulan gerakan, njunjung basa Melayu dadi basa Indonesia, sing dadi basa persatuan go bangsane dhewek (Sumpah pemuda, 28 Oktober 1928). Kebangkitan Nasional wis ndorong perkembangan basa Indonesia. Sampe pas Proklamasi kemerdekaan 17 Agustus 1945, wis ngukuhna kedudukan lan fungsi basa Indonesia secara konstitusional nggo basa negara. Siki basa Indonesia dienggo nang werna-werna lapisan masyarakat, sekang tingkat pusat utawa nang daerah.

Basa Dagang[sunting | besut sumber]

Deleng Uga[sunting | besut sumber]