Dhuwet

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Mlumpat maring: navigasi, goleti
?Dhuwet
Jamblang (Syzygium cumini)
Jamblang (Syzygium cumini)
Klasifikasi ilmiah
Kerajaan: Plantae
Divisi: Magnoliophyta
Kelas: Magnoliopsida
Ordo: Myrtales
Famili: Myrtaceae
Genus: Syzygium
Spesies: S. cumini
Jeneng binomial
Syzygium cumini
(L.) Skeels.


Dhuwet, (jambu keling) utawa juwet yakuwe jenisé wit woh saka kulawarga suku jambu-jambuan (Myrtaceae). Tentanduran woh sepet kiye misuwur karan jeneng kayata jambee kleng (Acèh), jambu kling (Gayo), jambu kalang (Min.), jambulang, jambulan, jombulan, jumblang (macemé jeneng nang tlatah Sulut), jambulan (Flores), jambula (Ternate), jamblang (Btw., Sd.). Uga jambu juwat, jiwat, jiwat padi (Ind., juwet utawa dhuwet (Jw.), juwet, jujutan (Bl.), dhuwak, dhalas (Md.), duwe (Bima) lan sakpanunggalé.[1]

Nang pengkaran basa kulon woh kiye wisuwur karan jambulan, jambulana (Malaysia), duhat (Filipina), jambul, jamun, atau Java plum (Ingg.), lan sakpanunggalipun.Jeneng latiné yakuwe Syzygium cumini.

Wit[sunting | sunting sumber]

Kembang Dhuwet
Woh Dhuwet

Wit kang kuat lan molai rontok godhongé, bisa uga ditemoni pang kang mbengkong, dhuwur wit kurang luwih 20 m .Dhuweni pang kang ngisor kang bunder lan ora rata.

Godhong[sunting | sunting sumber]

Godhong-godhongé adep-adepan, nduweni gagang 1-3,5cm .Wujudé godhong bunder endok kuwalik rada lonjong, 2-25 x 2-10 cm gagangé arupa bundel lan bunder, pucuk uga bundel lan lncip bisa uga rata. Werna godhongé ijo tua gilap/meling-meling ana nang dhuwur godhong.Godhong dhuwet ana ambuné menawa di remet.Pupus godhongé utawa godhong kang isih enom wernane abang jambu.

Kembang[sunting | sunting sumber]

Kembang dhuwet umumé bisa tukul ana nang pang-pang kang ora ana godhongé . Kembangcilik, , 3-8 kuncupé ana nang pucuk gagang , lan ambuné wangi. Godhong kelopak wujudé arupa lonceng ombo utawa kaya corong ,dhuwur kurang luwih 4-6 mm, kuning nganti nyambon. Godhong mahkota bunder lan pisah-pisah, 3m lan wernané putih [nyambon]] nganti abang jambu.Benang saréi akeh, 4-7mm, putik 6-7mm.

Woh[sunting | sunting sumber]

Woh dhuwet wujudé kaya lonceng utawa kaya endog, lan asring rada bengkong, 1-5 cm, ana mahkota kuping kelopak, bisa uga ana kulit tipis lan lunyu ,abang tua nganthi ungu ireng, bisa uga wernané putih. woh dhuwet asring ana nang kumpulan grombol kang akeh .Danging woh dhuwet wernané putih, kuning uga abang ungu, ora ana ambuné.

Wiji[sunting | sunting sumber]

Wiji woh dhuwet lonjong, kira-kira 3,5 cm. [2] [3]

Mumpangat[sunting | sunting sumber]

Woh dhuwet bisa uga dipangan seger utawa langsung saka wité kang wis matèng.Ing India lan Filipina, uga dipangani kaya nang tlatah Indonésia, Woh dhuwet kang matèng bisa uga dicampur karo uyah lan bisa ditambahi gula.Woh kang ngandut vitamin A lan C uga bis dimumpangatake dadi sari woh ,jeli utawa anggur. nang Filipina, anggur dhuwet misuwur lan larang regané. [2]

Kayu[sunting | sunting sumber]

Kayuné bisa uga dimumpangatake kanggo bangunan, lan kayu dhuwet gambang pecah luwih wangun dimumpangatake kanggo rencek . Kulit kayuné ngasilke zat nyamak (tanin) lan di mumpangatake kanggo sumbo (pewarna) nang piranti jala (ubar).Godhong dhuwet asring nang tlatah jawa dimumpangatake kanggo pakan kéwan kayata wedus, sapi, kebo lan kelici

Semana uga bagean wit dhuwet uga dimumpangatna kanggo bahan obat tradisional utawa modern. Kulit pang, godhong , woh lan wijiné wisuwur di mumpangatna kanggo obat kencing manis, murus (diare), lan lara liyané.Simplisia saka kulit pangé asring misuwur karan Syzygii cortex lan wiji dhuwet (kasebut Syzygii semen). [1] [4]

Wit dhuwet uga asring ditandur kanggo wit ayub-ayupan nang latar ngarep omah utawa nang pekarangan lan kebon (kayata kanggo ngayomi tetanduran kopi), utawa kanggo nahan angin (wind break). Kembang-kembangé apik kanggo pakan tawon madu

Deleng uga[sunting | sunting sumber]


Rujukan[sunting | sunting sumber]

  1. ^ 1,0 1,1 Heyne, K. 1987. Tumbuhan Berguna Indonesia, jil. 3. Yay. Sarana Wana Jaya, Jakarta. Hal. 1518.
  2. ^ 2,0 2,1 Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2. Hal. 380-382.
  3. ^ Steenis, CGGJ van. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonesia. PT Pradnya Paramita, Jakarta. Hal. 327.
  4. ^ Sutrisno, R.B. 1974. Ihtisar Farmakognosi, edisi IV. Pharmascience Pacific, Jakarta. Hal. 119 dan 163.

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Delengen Uga Who-wohan