Madu

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Mlumpat maring: navigasi, goleti
Madu

Madu (basa Sansekreta: madhu), kuwe cairan legi kentel sing digawé déning tawon sekang sarine kembang-kembang sing uga diarani néktar.[1] Néktar kiye teyeng diowaih déning tawon-tawon dadi madu seuwisé ditambaih énzim-énzim. [1] Tawon kuwe biyasané nggawé omah ing wit-wit kang nggrembuyeng. [1]Madu rasané legi lan nyéhataké, amarga madu asalé saka kembang-kembang kang alami sing dipangan tawon. [1] Madu akèh banget mupangaté.[1] Kajaba kena kanggo unjukan, uga kena kanggo tetamba.[1] Yèn kanggo tetamba kudu milih madu sing asli. [1]Kanggo niténi madu kuwe asli apa palsu, carané gampang:

  • Madu ditetesna maring kertas. Nek nganti dirubung semut, tegesé palsu.[1]
  • Madu ing gendul, angger dikocok banjur munthuk, tegesé uga palsu.[1]
  • Nyelupaké rek maring madu; nuli dijresaké. Angger esih teyeng murub, kuwe madu asli.[1] Nek ora murub tegesé uga palsu. [1]

Tawon[sunting | sunting sumber]

Tawon sing ngasilna madu paling éféktif yakuwe Tawon alas utawa Apis Dorsata.[2] Tawon iki kalebu tawon madu Asia kang paling apik maduné.[2] Tawon kiye nggawé omah mung siji sisiran kang nggantung nang pang wit, nang langit-langit kang bukaan lan nang tebing jurang.[2] Apis dorsata durung teyeng dibudidayakake nang papan sing ketutup.[2] Sisiran sarang ukurane 2 x 2 m lan tawon iki bisa ngasilaké sarang nganti 20 kg saben sarang.[2]

Apis doesara kiye awaké gedhé nek dibandingna spesiés tawon madu liyané. [2]Tawon iki urip ing dhaérah sub-tropis lan tropis Asia kayata Indonesia, Filipina, Indi, Népal lan ora ditemokaké ing saliyané dhaérah Asia. [2]Ing Indonesia tawon alas bisa ditemokaké ing Sumatra, Kalimantan, Sulawesi lan NTB utawa NTT. Tawon iki arang ditemokaké ing Pulo Jawa.[2]

Dasa nama[sunting | sunting sumber]

Nang Indonesia tawon kiye nduwé dasanama kayata manye/muanyi (Kalimantan Barat - danau Sentarum), tawon gong (Jawa), tawon odeng (Sunda), labah gadang, labah gantuang, labah kabau, labah jawi (Sumatera Barat), harinuan (Tapanuli),lan ing bahasa Inggris diarani giant hone bee. [2]

Murni[sunting | sunting sumber]

Madu asli utawa kang diarani madu asli yakuwe cairan nektar kembang sing disedot tawon madu lan dilebokna maring kantong madu nang njero awaké tawon.[3] Néktar kembang sing uwis disedot mau banjur diolah nang awake tawon kanthi dicampur karo enzim tartamtu banjur ditokna maring panggonan kanggo nyimpen madu yakuwe nang tholo utawa sarang tawon.[3]

Komposisi madu murni nduwéni gizi sing lengkap.[3] Ananging komposisiné uga gumantung karo sumber néktar sing disedot tawon.[3] Madu murni ngandhut Vitamin-Mineral, Protéin, Zat hidrat arang, Hormon, Antibiotik lan trace Elemen. [3]Vitamin A,kabeh jinis vitamin B kompléks, beta caroten, Vitamin C,D,E dan K.Mineral kang arupa uyah: Mg, S, Fe, Ca, Cl, K, Y, Na, Cu, lan Mn. [3]Madu murni ngandhut énzim aktif kang ora bisa diproduksi manungsa.[3] Enzim iki kanggo reaksi kimia biologis lan sistem metabolisme ing awak.[3] Enzim ing madu kalebu enzim kang paling apik saka kabéh panganan.[3]

Madu
Kandungan nurtrisi saben Cithakan:Convert/g
Energi Cithakan:Convert/kJ
Karbohidrat 82.4 g
- Gula 82.12 g
- Serat pangan 0.2 g
Lemak 0 g
Protein 0.3 g
Air 17.10 g
Riboflavin (Vit. B2) 0.038 mg (3%)
Niacin (Vit. B3) 0.121 mg (1%)
Pantothenic acid (B5) 0.068 mg (1%)
Vitamin B6 0.024 mg (2%)
Folate (Vit. B9) 2 μg (1%)
Vitamin C 0.5 mg (1%)
Calcium 6 mg (1%)
Iron 0.42 mg (3%)
Magnesium 2 mg (1%)
Phosphorus 4 mg (1%)
Potassium 52 mg (1%)
Sodium 4 mg (0%)
Zinc 0.22 mg (2%)
Shown is for 100 g, roughly 5 tbsp.
Persentase ngrujuk maring rekomendasi Amerika Serikat kanggo wong dewasa.
Source: Sumberdata Nutrisi USDA


Khasiat[sunting | sunting sumber]

Madu dimanfaatké kanggo kaséhatan lan kanggo nambani penyakit.[4] Ora mung wong Timur kang nggunakaké madu ananging wong Barat uga nggunakaké madu kanggo tamba.[4]

Campuran madu lan kayu manis uga dipercaya bisa ngobati werna-werna penyakit. [4]Madu pancen diasilaké méh kabéh negara ing dunya.[4] Ayurverdic ( nambani penyakit kanthi metode ayurveda) lan pangobatan Yunani wis nggunakaké madu kanggo obad wiwit pirang-pirang abad kapungkur.[4]

Para ilmuwan uga wis njléntréhaké yèn madu bisa dadi obat kang éféktif kanggo kabéh penyakit. [4]Madu bisa dadi obat kang ora ana éfék sampingé. [4]Sanajan rasané legi, madu uga apik kanggo wong kang nandang diabétes.[4]

Madu yèn dicampur kayu manis bisa kanggo obat kang mujarab.[5] Miturut Weekly World News madu bisa nambani penyakit kayata Arthritis (radang sendi), rambut rontok, infeksi kandung kemih, lara untu, pilek, mandhul, lara weteng, kembung, lara jantung, njaga kekebalan awak, gangguan pencernaan, influenza,ncegah penuaan, jerawat, inféksi kulit, keselen, obesitas, bau nafas[5]

Saliyané kena kanggo obat, madu uga bisa kanggo perawatan kecantikan.[6]

Informasi saka laman Times of India madu nduwéni akéh kagunan.[6]

  • Madu bisa dadi penggantiné gula kang séhat.[6]
  • Madu kena kanggo diét[6]
  • Madu nduwe sifat anti-baktéri kang bisa njaga pencernaan. Madu bisa diombé bocah cilik lan ora ana éfék sampingé.[6]
  • Madu uga nduwé karsinogen kang bisa ncegah tumor amarga nduweni sifat anti-tumor lan bisa ncegah kanker.[6]
  • Madu bisa ditambahaké ing wedang jaé kanggo ngobati lara gorokan.[6]
  • Madu nduweni sifat antiseptik kang bisa ncegah inféksi bakteri. [6]
  • Madu uga bisa ngurangi rasa lara lan aboh, amarga madu nduwéni sifat antibakteri kang ncegah inféksi lan nduwéni fungsi agén anti-inflamasi.[6]
  • Madu bisa kanggo masker rai.[6]

Wektuné kurang luwih 10 nganti 15 menit sadurungé rai diraupi nganggo banyu anget.[6] Iki ndadekake kulit rai dadi lentur lan katon seger.[6]

Galeri[sunting | sunting sumber]


Chatetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ 1,00 1,01 1,02 1,03 1,04 1,05 1,06 1,07 1,08 1,09 1,10 (Indonesia)www.maduhutan.com{dipunundhuh tanggal 3 Mei 2011)
  2. ^ 2,0 2,1 2,2 2,3 2,4 2,5 2,6 2,7 2,8 (Indonesia)www. madu hutan.com/informasi/lebah hutan(dipunundhuh tanggal 3 Mei 2011)
  3. ^ 3,0 3,1 3,2 3,3 3,4 3,5 3,6 3,7 3,8 (Indonesia)http://health.kompas.com(diundhuh tanggal 3 Mei 2011)
  4. ^ 4,0 4,1 4,2 4,3 4,4 4,5 4,6 4,7 (Indonesia)http://health.kompas.com/read/2010/08/24/0824337/20.Khasiat.Madu.Plus.Kayu.Manis.I.(dipunundhuh tanggal 3 Mei 2011)
  5. ^ 5,0 5,1 (Indonesia)http://health.kompas.com/read/2010/08/24/09125830/20.Khasiat.Madu.Plus.Kayu.Manis.II(dipunundhuh tanggal 3 Mei 2011)
  6. ^ 6,00 6,01 6,02 6,03 6,04 6,05 6,06 6,07 6,08 6,09 6,10 6,11 6,12 6,13 (Indonesia)http://kosmo.vivanews.com(dipunundhuh tanggal 3 Mei 2011)
Wikipedia
Artikel kiye kuwe artikel dhasar sing kudhu dipundarbèni kabeh basa.