Wikipedia:Dopokan

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.

Langsung menyang: navigasi, golèk

Anggota wikipedhia basa Banyumasan kabeh, nang kene enggone kanggo mbahas apa baen termasuk ngaweh saran, komentar utawa uneg-uneg bab Wikipedia basa mBanyumasan kiye. Dadi kiye pada baen karo forum komunikasi bebas antar anggota Wikipedia basa mBanyumasan. Nang Wikipedia Basa Indonesia forum kiye padha baen karo Warung Kopi. Angger ana masalah sing mandan angel mangga ngubungi para pengurus Wikipedia basa mBanyumasan. Aja kelalen bar ngaweh komentar, trus ditutup karo tanda ~~~~ (gelombang/tidle) ping papat, ben jatidiri karo tanggal penulisan Rika keton, kesuwun. Pengurus.


Bab lan paragraf

[sunting] Banyumasan gel

Kabeh tulisan kudu nganggo basa mBanyumasan gel, termasuk angger tulisane/artikel kuwe sekang terjemahan, ningen aja klalen nyantumna sumbere, kesuwun Slamet Serayu 01:20, 12 August 2005 (UTC).

[sunting] Usul

Kiye inyong kepengi usul kepriwe umpama wikipedia nyediakna fasilitas chat room lewih enak supaya wong sing pada mrantau bisa kandahan karo wonge dewek sing neng kampung kanggo nambah tali silaturahmi para sedulur kabeh usul kiye ora terbatas neng wikipedia banyumasan tapi mbok menawa bisa denggo neng ndi ora wong sedunya terimakasih & kesuwun. Petrukmuda 08:14, 12 October 2006 (UTC)

  • Nyuwun pangapura nganti siki Wikipedia urung nyediakna fasilitas kaya kuwe, ning media liyane contone halaman pesen & catetan nang masing-masing kaca anggota, halaman bahas nang masing-masing halaman artikel uga media dopokan kiye bisa nggo komunikasi utawa saling kirim pesen, utamane media pesen & catetan sing sifate luwih pribadi, Slamet Serayu 01:25, 13 October 2006 (UTC)

[sunting] Uneg-Uneg

Ngesuk minggu tanggal 5 November 2006 arep ana peresmian Museum Rekor Banyumas, mbok menawa sedulur kabeh ana sing padha kepengin nduwe rekor neng kawasan utawa wong asli banyumas, bisa ngubungi karo neng nomer (0281)655340 fax ya teyeng. Nek ngesuk minggu acara kiye nggone neng lapangan balbalan Desa Cilongok

[sunting] Komentar

iya pancen,aku ya urung sue ngerti komputer semono uga internet,dadi urung patia bisa tapi yakue lah nek gelem blajar nyatane ya bisa ora ketang sitik sitik. siki aku mandan ngerti. siki kan wis bisa mlebung aring rubrik dopokan gayane wong banyumas khususe kebumen jalaran aku wong bumen.wikipedia iki mbantu banget maring aku sing adoh kan prantoan sing pengin blak ngaplak jawa banyumasan.senajan wong ndesa tapi kudu due niat blajar.ayu kabeh kanca kanca sing ngerti internet sengi batir batire sing urung familyer karo internet,janji ana sing nyengi mesti bada gelem ko.kaya aku mbien jg blas ora ngerti apa apa.jalaran kancaku nyengi terus aku dadi bs ngerti teknology.aja kalah karo sarjana sarjana IT.ora perlu sekolah duwur duwur ben ngerti internet jane,intine sing pinter gelem gandeng sing urung bisa ben bisa,kue thok.nah rika kabeh sing sekolae duwur bersyukurlah bs ni wenei kelewihan di banding liyane.aku mung njaluk tulung ben batir batir saking bumen lan ya ubenge sing kurang beruntung kaya aku ngerti teknologylan ora ketinggalan jaman.sebab saka internet ekeh sing bisa di dapat.gari bisa pilah lan pilih sing apik utawa sing elek ana kabeh. pancen mikine isin jalaran ora ngerti apa apa ora PD lah jere wong kota.ning kudu di bujuk ben bs lan ben gelem.nek wong banyumas bs ngerti kabeh kan tentune ora perlu adoh adoh meng jakarta nggolet gawean.bs usaha internet nang kampung.kan wis membuka lapangan kerja nggo wong liya jg mendpat penghasilan. mangga sedulur kabeh sing pengin kenal karo aku kunjungi aku nang email (hadicom_12@yahoo.co.id.) senajan aku udu sarjana tapi kon dopokan(bercanda dg sopan) ya pinter mbok lah khase wong banyumas.mbok ana sing bs di tuker pikiran lan pengalamane.


Ngapurane Kang lan Mbok Moderator,

aku kiye tembe ngerti ana babagan banyumas neng internet, jan ndesa banget mbok, aku wong margasana, kira-kirane wis ana apa urung kominitas banyumas, ben sing seka banyumas sing nyambut gawe neng perantauan biso ngomong-ngomongan kuwe. aku wis nem tahun urip neng jakarta tapi aku urung ngerti komunitas wong banyumas neng jakarta, mbok ayo di gawe ager pancen urung, karepe aku nek arep mudik ora susah bingung bali maring omah, mbok biso carter bis sing apik

pripun Kang Lan Mbok Moderator sega kupat disiram santen segala lepat nyuwun ngaputen -anton ya ayuh pada sinau internet sekabehe wong banyumasan 202.162.216.199 14:12, 13 October 2007 (UTC)

[sunting] Selamatan 1000 Artikel

Tumpeng

Kiye acara selamatan Wikipedia basa Banyumasan isine wis 1000 artikel luwih, mangga njukut sega tumpeng, sing wareg ya ning wedange urung ana, banyune agi digodog urung umeb.

[sunting] Wikimedia Election Notice

If you are able, please translate this notice to as many possible languages and post it anywhere applicable.

The Wikimedia Election Committee is accepting candidates for the 2007 Wikimedia Foundation Board of Trustees election. Please see [1] for more information.

There is still time for a new candidate to be considered for election, and you may now endorse the candidate of your choice (up to 3 candidates) on the endorsements page, [2]. Please read the instructions carefully prior to endorsing. If you can translate the instructions, please do.

If you have any questions, please contact any member of the election committee, who are listed here [3].

Posted on behalf of the Election Committee,
Philippe


[sunting] Mbuh Usul Mbuh Apa Kiye

1. Anu moderatore udu Banyumas asli kiye ndean. Soale tulisane ora kaya Banyumasan. Contone Bae ditulis Wae. Iya ndean ya mas. Nggolet sing banyumas asli lah. Men lucu tuli... 2. Karo blajar bisnis, ayu pada tukar informasi. Nang kana ana apa, neng kene ana apa. Engko mbok bisa dadi duit tuli... Nang Mojokerto kene jarang banget ana PETE karo JENGKOL, apamaning BEWEH. Anane sambel petis thok lah. Tapi ya enak sih,... kira-kira Petis payu apa ora ya nang pasar wage.

== Inyong setuju karo usule rika Kang. Pancen kayane dudu wong Banyumas. Kaya kuwe koh prentah kon nulise Banyumasan Gel, ya lucu. Mbok jajal moderatore kon maca blog bahasa Banyumasan toli ana. Wong inyong uga sering maca koh.

[sunting] Kelingan jaman semana

Inyong wis mandan suwe ninggalna desa kelairanku, terakhir inyong bali taun 2004 umahku kolom anjatan sabuk desa Kaligondang. Sewektu-wektu aku kangen kelingan jaman semana pada neng ndesaku karo batir-batirku, aku mbuka website ( basa banyumasane apa ora ngerti wong dong inyong cilik ora ana website-websitean )dadi kaya bali neng nggone dewek temenan. Inyong siki neng Palembang kawit taun 1987. Jane inyong ya kepengin ketemu karo batir-batirku. Inyong alumni SMA Negeri cap Gajah Purbalingga taun 1982. Pas inyong silaturahmi karo wong tua sekitar taun 2000, inyong sengaja njagong neng arep bioskop Rayuan kemutan gemiyen inyong esih sekolah, ngomonge karo biyunge ana kegiatan neng sekolahan jebule nonton. suwe inyong njagong ora nana sijia batirku kliwigan. Dadi aku jajal mlaku tekan tugu bekicot ngarep kodim bancar sapa ngerti mbok ana batirku sing liwat neng alun-alun. Seumpama Budi Pitoyo Jere Pamen Poloisi, Wagito Guru SMP Kaligondang, Mugiarto mbuh ora ngerti neng endi, Didi kulon BRI, sedulur mbok ana sing kenal utawane pas mbukak dopokan kiye jajal dibales semene bai dingin, kelilian.

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://map-bms.wikipedia.org/wiki/Wikipedia:Dopokan"