Sumatra Kulon

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
(Dialihna sekang Sumatera Barat)
Sumatra Kulon
—  Propinsi  —
Sekang kiwe maring tengen: Bandar Udara Internasional Minangkabau, Jam Gadang, Kantor Gubernur Sumatera Barat, Rumah Gadang, Ngarai Sianok lan Danau Maninjau.
Sekang kiwe maring tengen: Bandar Udara Internasional Minangkabau, Jam Gadang, Kantor Gubernur Sumatera Barat, Rumah Gadang, Ngarai Sianok lan Danau Maninjau.
Bendera Sumatra Kulon
Bendera
Lambang Sumatra Kulon
Lambang
Motto: Tuah Sakato
Peta lokasi Sumatera Barat
Peta lokasi Sumatera Barat
Negara  Indonesia
Ibu kota Padang
Koordinat 3º 50' LS - 1º 20' LU
98º 10' - 102º 10' BT
Luas
 • Total 42.297,30 km2 (16,331,08 sq mi)
Populasi (2010)[1]
 • Total 4.845.998
 • Kepadatan Bad rounding here110/km2 (Bad rounding here300/sq mi)
Demografi
 - Suku bangsa Minangkabau (88,35%), Batak (4,42%), Jawa (4,15%), Mentawai (1,28%), Lain-lain (1,8%) [2]
 - Agama Islam (98%), Kristen (1,6%), Buddha (0,26%), Hindu (0,01%)
Zona waktu WIB
Kabupaten 12
Kota 7
Kecamatan 147
Desa/kelurahan 877
Lagu daerah Ayam Den Lapeh, Kampuang Nan Jauah nang Mato, Kambanglah Bungo, Minangkabau, Bareh Solok, Tinggalah Kampuang.
Situs web www.sumbarprov.go.id

Sumatera Barat kuwe salah siji propinsi nang Indonesia sing manggone nang pesisir kulon pulau Sumatera sing ibu kotane Kota Padang. Sumatera Barat nduweni bates Samudra Hindia nang sisi kulon, propinsi Jambi lan propinsi Bengkulu nang sisi kidul, propinsi Riau nang sisi wetan, lan propinsi Sumatera Utara nang sisi lor. Berdasarkan data sekang Badan Pusat Statistik, Sumatera Barat kuwe salah siji sekang sewelas propinsi nang Indonesia sing paling sering ditekani wisatawan.[3]

Propinsi sing wewengkone 42.297,30 km2 kiye duwe 12 kabupaten lan 7 kota lan jumlah pedhununge lewih sekang 4.800.000 jiwa[1], serta nduwe 391 pulau sing 191 nang antarane urung duwe jeneng. Pembagian wilayah admikistratif seuwise kecamatan nang kabeh kabupaten (kecuali kabupaten Kepulauan Mentawai) yakuwe nagari—sedurung dibusek banjur diganti nganggo sistem pemerentahan desa taun 1979, lan wiwit diberlakukan maning taun 2001.

Sumatera Barat sing sekiye kuwe bagiyan sekang wilayah adat lan kebudayaan Minangkabau, mulane kuwe propinsi kiye identik karo kampung halaman wong Minangkabau[4] sing seringkali dipadhakna karo wong Padang. Seliyane Minangkabau, Sumatera Barat uga dipanggoni suku Mentawai nang kabupaten Kepulauan Mentawai, suku Nias (suku Nieh) nang Padang, lan suku-suku liyane sing umume manggon nang daerah-daerah transmigrasi.

Dong tanggal 30 September 2009, ana lindhu sing kekuatane 7,6 Skala Richter ngguncang pirang-pirang kabupaten lan kota nang Sumatera Barat sing marekna lewih sekang 6000 nyawa melasing, banjur tanggal 26 Oktober 2010 disusul maning nang lindhu lan tsunami nang kabupaten Kepulauan Mentawai.

Sejarah[sunting | besut sumber]

Panggonane gubernur Westkust van Sumatra utawa "pantai barat Sumatera" (litografi miturut lukisane Josias Cornelis Rappard, 1883-1889)

Kawasan Sumatera Barat jaman gemiyen kuwe bagiyan sekang Kerajaan Pagaruyung. Seuwise perjanjian sing digawe nang pemuka Adat lan kerabat Yang Dipertuan Pagaruyung, lan rampunge Perang Padri, kawasan kiye dadi mlebu pengawasane Belanda.[5]

Kondisi lan sumber daya alam[sunting | besut sumber]

Geografi[sunting | besut sumber]

Danau Diatas, salah siji danau nang kabupaten Solok
Pulau sikuai, salah siji kawasan wisata bahari nang Padang

Sumatera Barat ana nang bagiyan kulon tengah pulau Sumatera, nduwe dataran rendah nang pantai kulon, lan dataran tinggi vulkanik sing dibentuk Bukit Barisan mbentang sekang Lor-Kulon maring Kidul-Wetan. Garis pantai propinsi kiye kabeh senggolan karo Samudera Hindia sedawa 375 km. Kepulauan Mentawai sing ana nang Samudera Hindia lan puluhan kilometer lepas pantai Sumatera Barat mlebu maring propinsi kiye.

Sumatera Barat nduwe pirang-pirang danau antarane yakuwe Maninjau (99,5 km²), Singkarak (130,1 km²), Diatas (31,5 km²), Dibawah (Dibaruh) (14,0 km²) lan Talang (5,0 km²).

Pirang-pirang kali gedhe nang pulau Sumatera berhulu nang propinsi kiye, antarane yakuwe Kali Siak, Kali Rokan, Kali Inderagiri (disebut sebagai Batang Kuantan nang bagian hulune), Kali Kampar lan Batang Hari. Kabeh kali kiye muarane nang pantai wetan Sumatera, nang propinsi Riau lan Jambi. Sementara Kali-Kali sing muarane nang pantai kulon jarake pendek. Beberapa nang antarane yakuwe Batang Anai, Batang Arau, lan Batang Tarusan.

Gunung-gunung nang Sumatera Barat yakuwe Marapi (2.891 m), Sago (2.271 m), Singgalang (2.877 m), Tandikat (2.438 m), Talamau (2.912 m), Talang (2.572 m), Pasaman (2.190 m), Kelabu (2.179 m), Rasan (2.039 m), Mande Rubiah (2.430 m), Tambin (2.271 m), Ambun (2.060 m).


Sumber daya alam[sunting | besut sumber]

Sumber daya alam sing ana nang Sumatera Barat yakuwe batubara, watu wesi, watu galena, timah ireng, seng, mangan, emas, watu kapur (semen), kelapa sawit, kakao, gambir lan hasil perikanan.

Kependudukan[sunting | besut sumber]

Masjid Jami nang Agam
Gereja Katholik peninggalan Belanda nang Sawahlunto

Suku bangsa[sunting | besut sumber]

Mayoritas pedhununge Sumatera Barat kuwe suku Minangkabau. nang daerah Pasaman seliyane suku Minang uga ana suku Batak lan suku Mandailing. Suku Mentawai ana nang Kepulauan Mentawai. Nang sawetara kota nang Sumatera Barat utamane kota Padang ana etnis Tionghoa, Tamil lan suku Nias lan nang sawetara daerah transmigrasi (Sitiung, Lunang Silaut, Padang Gelugur lan liyane) uga ana suku Jawa.

Basa[sunting | besut sumber]

Basa sing digunakna sedin-dinane yakuwe basa daerah yakuwe Basa Minangkabau sing nduweni sawetara dialek, kaya dialek Bukittinggi, dialek Pariaman, dialek Pesisir Selatan lan dialek Payakumbuh. Nang daerah Pasaman lan Pasaman Barat sing berbatasan karo Sumatera Utara, pedhununge nganggo Basa Batak lan Basa Melayu dialek Mandailing. Anggere nang daerah kepulauan Mentawai sing digunakna Basa Mentawai.

Agama[sunting | besut sumber]

Mayoritas pedhununge Sumatera Barat agamane Islam. Seliyane kuwe uga ana sing agamane Kristen utamane nang kepulauan Mentawai, uga ana sing agamane Hindu lan Buddha.

taun 2008 2010
Jumlah penduduk 4.763.130 4.845.998
Sejarah kependudukan Sumatera Barat
Sumber:[1]

Pemerentahan[sunting | besut sumber]

Barkas:Kangubsumbar.jpg
Kantor gubernur Sumatera Barat

Propinsi Sumatera Barat dipimpin nang gubernur sing dipilih nganggo pemilihan langsung bareng karo wakile nggo masa jabatan 5 taun. Gubernur seliyane dadi pemerentah daerah uga berperan dadi perwakilan utawa perpanjangan tangan pemerentah pusat nang wilayah propinsi sing kewenanganea diatur nang Undang-undang nomer 32 taun 2004 lan Peraturan pemerintah nomer 19 taun 2010.

Perwakilan[sunting | besut sumber]

DPRD propinsi Sumatera Barat
2009-2014
Partai Kursi
Lambang Partai Demokrat Partai Demokrat 14
Lambang Partai Golkar Partai Golkar 9
Lambang PAN PAN 6
Lambang PKS PKS 5
Lambang Partai Hanura Partai Hanura 5
Lambang PPP PPP 4
Lambang Partai Gerindra Partai Gerindra 4
Lambang PDI-P PDI-P 3
Lambang PBB PBB 3
Lambang PBR PBR 2
Total 55
Sumber:[6][7]
*PKB kehilangan kursi sing didudukinya pada
periode 2004-2009.

Berdasarkan Pemilu Legislatif 2009, Sumatera Barat mengirimkan 14 wakil ke DPR RI dari dua daerah pemilihan lan empat wakil ke DPD. Selangkan untuk DPRD Sumatera Barat tersusun dari perwakilan sepuluh partai, dengan perincian sebagai berikut:[6][8]


Senjata Tradisional[sunting | besut sumber]

Senjata tradisional Sumatera Barat yakuwe Keris. Keris biasane dienggo nang wong lanang lan dipasang nang ngarep, lan umume dienggo nang para penghulu utamane angger ana acara resmi kaya acara malewa gala utawa pengukuhan gelar, seliyane kuwe uga biasa dienggo nang para manten lanang dong acara majlis perkawinan sing masyarakat ngana nyebute baralek. Senjata liyane sing uga tau dienggo antarane tombak, pedang panjang, panah, sumpit lan liya-liyane.

Panganan[sunting | besut sumber]

Nasi Kapau salah siji masakan nang Sumatera Barat
Sate Padang


Rujukan[sunting | besut sumber]

  1. 1,0 1,1 1,2 "Jumlah Penduduk Sumatera Barat". BPS Sumbar. http://sumbar.bps.go.id. Diakses pada 29 September 2010. 
  2. Indonesia's Population: Ethnicity and Religion in a Changing Political Landscape. Institute of Southeast Asian Studies. 4 Maret 2003. 
  3. (Inggris)Time for N. Maluku to become tourist destination. Antaranews. 8 Mei 2011. Diakses pada 21 November 2011.
  4. Dinas Pariwisata Sumatera Barat, Minangkabau, West Sumatra, Dinas Pariwisata Sumatera Barat
  5. Amran, Rusli, (1981), Sumatra Barat hingga Plakat Panjang. Penerbit Sinar Harapan.
  6. 6,0 6,1 http://www.tempointeraktif.com Wajah Baru Bakal Dominasi DPRD Sumatera Barat. TempoInteraktif. Edisi 19-05-2009
  7. Merekalah sing akan Duduk nang DPRD Sumbar.
  8. politik.vivanews.com Hanura Ungguli PPP nang DPRD Sumatera Barat. VivaNews. Edisi 19-05-2009.

Bacaan liyane[sunting | besut sumber]

  • (Indonesia) Rusli Amran, (1981), Sumatera Barat hingga Plakat Panjang, Jakarta: Sinar Harapan.
  • (Indonesia) Audrey R. Kahin, (2005), Dari pemberontakan ke integrasi: Sumatra Barat lan politik Indonesia, 1926-1998, Yayasan Obor Indonesia, ISBN 979-461-519-6
  • (Indonesia) A.A. Navis, (1984), Alam Takambang jadi Guru. Jakarta: PT. Grafiti Pers.
  • (Indonesia) M.D. Mansoer, (1970), Sedjarah Minangkabau, Jakarta: Bhratara.

Deleng uga[sunting | besut sumber]

Cithakan:Wilayah Geografis

Pranala jaba[sunting | besut sumber]

Wikivoyage   Deleng panduan wisata Sumatra Kulon nang Wikivoyage

Cithakan:Coor title dms