Sawo

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Mlumpat maring: navigasi, goleti
?Sawo
Sawo
Sawo
Klasifikasi ilmiah
Kerajaan: Plantae
Divisi: Magnoliophyta
Kelas: Magnoliopsida
Ordo: Ericales
Famili: Sapotaceae
Genus: Manilkara
Spesies: M. zapota
Jeneng binomial
Manilkara zapota
(L.) P. Royen
Sinonim

Achras zapota L., 1753 (jeneng invalid)


Sawo (Manilkara zapota) kuwe wit woh-wohan ijo langgeng sing umuré dawa.Sawo uga teyeng diarani neesbery utawa sapodilas[1]. Wit sawo akeh ditandur nang Negara India, Sri Lanka, Filipina, Meksiko, Venezuela, Guatemala, lan Amérika Tengah. Nang Indonésia, umumé sawo didadékna tanduran pekarangan sing teyeng didhahar wohé, utamané nang dhaérah Sumatera Barat, Jakarta, Jawa Barat, Jawa Tengah,Jawa Timur, lan Nusa Tenggara Barat[2]. Wiji sawo bentuké ireng utawa soklat semu ireng, gepeng tur gedhé. Jaman gemiyen wiji sawo teyeng kanggo dolanan dakon. [2] Wiji sawo ngandhut saponin, kuersetin, lenga 23 persen. [2]100 gram sawo ngandhut energi 120 kkal, magnesium 12 mg, selenium 0,6 mg, protein 0,5 gram, kalsium 25 mg, fosfor 12 mg, besi 1 mg, retinol 18 mg lan asam askrobat 21 mg. [3][2]

Jenengé nang manéka basa antara liya sauh utawa sauh manila, utawa ciku (Mly.), chico (Filipina), chikoo utawa sapota (India), sofeda (Bangladesh), xa pô chê utawa hồng xiêm (Vietnam), rata-mi (Sri Lanka), lamoot (ละมุด) nang Thailand, Laos lan Kamboja, níspero (Venezuela), sugardilly (Kep. Bahama), naseberry (Hindia Kulon), sapote (Nicaragua), sapoti (Brazil), sapotillier (basa Perancis) lan sapodilla (basa Inggris).


Mupangat[sunting | sunting sumber]

Wit sawo nduweni manpangat yakuwe kanggo bahan pangan olahan kayata ès krim, selai, sirup utawa difermentasi dadi anggur lan cuka.[1] Saliyané kuwi wit sawo uga teyeng kanggo:

  • Tanduran penghijauan nang lahan kang kritis lan garing
  • Tanduran hias nang pot lan kanggo apotik hidup
  • Tanduran penghasil woh kang akeh giziné.
  • Tanduran kang teyeng ngasilna getah kanggo bahan baku industri permen karet
  • Tanduran kang teyeng ngasilna kayu kang apik kanggo perabotan omah


Sawo nduwéni kasiyat akeh kayata getih lan godhongé teyeng kanggo obat diaré, lara panas, obat borok, ramuan rempah kanggo wong wadon sing lagi nglairna.[3] [4]


Deleng uga[sunting | sunting sumber]


Pranala njaba[sunting | sunting sumber]


Referensi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ 1,0 1,1 (Indonesia)Sawo(diunduh tanggal 30 Maret 2011)
  2. ^ 2,0 2,1 2,2 2,3 (Indonesia)Soerianegara, I. lan RHMJ. Lemmens (eds.). 2002. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 5(1): Pohon penghasil kayu perdagangan yang utama. PROSEA – Balai Pustaka. Jakarta. ISBN 979-666-308-2.
  3. ^ 3,0 3,1 (Indonesia)Khasiat Menyehatkan di balik Manis Masirnya Sawo (diunduh tanggal 30 Maret 2011)
  4. ^ (Indonesia)Khasiat Buah Sawo (diunduh tanggal 30 maret 2011)
Delengen Uga Who-wohan

Cithakan:Botani-stub