Menyang kontèn

Basa Jawa

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Basa Jawa, Basa Jawi
Dituturaken nang: Jawa (Indonesia), Suriname, Kaledonia Baru
Cacah Penutur: 80 - 100 yuta
Nang donya urutan ping: 11
Rumpun Basa
Klasifikasi:
Austronesia

 Melayu-Polinesia
  Melayu-Polinesia Kulon
   Sundik
    Basa Jawa

Status Resmi
Basa Resmi nang: Hindhia-Walanda (Jawa)
Dijabel wiwit taun: 1942
Kodhe Basa
ISO 639-1 jv
ISO 639-2 jav
SIL JAN, JVN, JAS, OS, TES

Basa Jawa kuwi kegolong basa Austronesia, utawa basa-basa sing dienggo sak kabehing bangsa Pribumi nang nuswantara sakidul-wetaning benua Asia. Basa Jawa kasebar mulai pucuk kulon nusa Jawa, Banten nganti pucuk wetan Banyuwangi. Liyane kuwi, Basa iki kasebar nang Walanda, Suriname, Curacao karo nang Kaledonia Baru. Basa Jawa uga dituturaken nang Malaysia, Sumatera nganti Irian Jaya.

Basa Jawa dadi kontributor paling gedhe kanggo pengembangan Basa Indonesia. Sanajan dudu basa resmi nang pemerentahan, Basa Jawa kuwi duwe pengaruh ketimbang basa-basa liyane kayata nang kosakata karo istilah-istilah sing biasane cokan nganggo istilah Jawa.

Dialek-dialek Basa Jawa

[sunting | besut sumber]

Basa Jawa kuwi akeh banget cara pituturane. Ana dialek sosial sing dibagi miturut hirarkhi soko kasar nganti alus kayata :

  • ngoko
  • madya
  • krama

Dumuken Basa Jawa Ngoko - Basa Inggris iki, yaiku sethithik terjemahan soko Basa Jawa Ngoko Andhap nang Basa Inggris.

ana basa kang mligi digunakake kanggo keperluan resmi karaton

  • bagongan dienggo nang Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat
  • kedhaton dienggo nang Kraton Surakarta Hadiningrat
  • basa walikan (basa jawa prokem)

Sak liyane kuwi, ana dialek sing didasarake saka tlatahe, dadi ora kabeh dialek Jawa kuwi dimangarteni wong Jawa. Dialek-dialek kuwi miturut ahli basa : E.M. Uhlenbeck, 1964, nang bukune A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura, The Hague: Martinus Nijhoff, dikelompokake dadi 3 (telu) rumpun yaiku :

Kelompok ing ndhuwur kuwi biasa diarani basa Jawa ngapak ngapak utawa basa penginyongan.

Klompok ing ndhuwur kuwi biasane diarani basa Jawa baku.

Klompok ing ndhuwur kuwi biasane diarani basa Jawa Timuran.

Sastra karo Tata Basa Jawa Pepak

[sunting | besut sumber]

Pranala luar

[sunting | besut sumber]