Salak

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Mlumpat maring: navigasi, goleti
?Salak
Woh salak
Woh salak
Klasifikasi ilmiah
Kerajaan: Plantae
Divisi: Magnoliophyta
Kelas: Liliopsida
Ordo: Arecales
Famili: Arecaceae
Genus: Salacca
Spesies: S. zalacca
Jeneng binomial
Salacca zalacca
(Gaertn.) Voss
Sinonim

Salacca edulis Reinw.
Calamus zalacca Gaertn.


Salak kuwe uwit lan woh sekang tanduran sing klebu golongan palma kanthi woh sing teyeng dipangan.[1] Uwit lan woh kiye uga dikenal minangka sala (Min., Mak., Bug., [2] dan Thai). Jroning basa Inggris diarani salak utawa snake fruit, sauntara jeneng ilmiahé yaiku Salacca zalacca. Wohé sing bunder padha karo endhog nanging rada lancip nang sisih dhuwur, kulité coklat tuwa. Woh kiye uga disebut snake fruit amarga kulité mèmper sisik ula. [1]Rasané sepet nanging sekiye wis dibudidayakna jenis unggulan.[1]

Jinis[sunting | sunting sumber]

Saliyané dadi dhaérah wisata sing éndah , Bali uga dadi sentral produksi salak nang Indonésia.[3] Salak sing asalé sekang Bali kiye jenengé salak Bali.[3] Salak Bali daging buahé kandel lan wernané putih rada kuning.[3] Tekstur salak Bali renyah.[3] Wijiné uga cilik-cilik, cacahé 1-2 saben woh.[3] Ukuran salak Bali rada cilik.[3] Salak Bali nduwéni sifat khas ''kleistogami''. [3]Tegesé, pembuahan salak Bali teyeng kadadéyan kanthi otomatis, or mrelokna manungsa.[3] Wit salak Bali dhuwuré kurang luwih lima nganti pitung meter.[3]

Woh salak teyeng dipanén sawise mateng lan umuré kira-kira enem wulan sawisé kembang mekar. [3]Salak sing siap panén titikané sisiké jarang, werna kulité abang semu ireng utawa kuning tuwa lan wulu-wuluné wis ilang. [3]Pucuké salak lancip lan empuk yen dipenyét.[3]

Salak Bali akeh ditemokna nang Sibetan lan Karangasem.[3]

lan liyané

Carané nandur[sunting | sunting sumber]

sekiye nandur salak wis tansaya maju.[4] Olèhè nandur ora ndadak ndhedher ''kenthos''.[4] Carané luwih gampang lan cepet yaiku kanthi nyangkok nganggo pring utawa botol plastik lan saben dina kudu sregep nyirami.[4] Menawa wis metu oyodé dikethok banjur ditandur.[4]

Sadurungé ditandur lemahé didhudhuk dhisik banjur diwènèhi rabuk. [4] Dientèni nganti sawetara wektu lagi cangkokan salak mau ditandur.[4] Nek wis metu ketheker digolèkna kembang salak lanang sing banjur digepyokna nang ketheker lan kiye sing diarani kawin silang tumprap salak.[4] Wiwit kembang, géyol nganti dadi salak mateng umuré sesasi.[4]

Habitat[sunting | sunting sumber]

Tanduran salak teyeng urip nang dhaérah-dhaérah nang Indonésia.[4] Contoné nang DKI Jakarta, Jawa Barat, Jawa Tengah, D.I.Yogyakarta, Jawa Timur, Sumatera Utara, Sulawesi Utara, Sulawesi Selatan, Maluku, Bali, NTB lan Kalimantan Barat.[4]

Salak teyeng urip nang lemah sing subur, gembur, lan lembab.[5]

Derajat keasaman lemah utawa ''pH'' sing cocok kanggo nandur salak yaiku 4,5-7,5.[5] Wit salak bakal mati yen lemah sing dianggo urip ngandhut banyu sing luwih-luwih.[5] Wit salak bakal mati amerga kebacékén.[3] Ananging salak mbutuhna lemah sing lembab kanggo urip.[5] Wit salak teyeng urip nang dhaérah sing dhuwuré 100-500 m dpl.[5]

Asil olahan[sunting | sunting sumber]

Woh salak teyeng dipangan langsung tanpa olahan apa-apa.[4] Salak teyeng kanggo buah sawisé mangan.[4] Ananging angger salak arep dipangan langsung, kudu ngenténi salak mateng.[4] Salak yen durung mateng rasane sepet.[4] Salak uga teyeng digawe manisan sing rasané legi uga teyeng digawé asinan sing rasané madan asin.[4] sekiye manisan salak teyeng digawé sekang salak sakulité, dadi ora usah diocéki.[4] Wit salak ora teyeng digunakna kanggo bahan bangunan lan kayu bakar.[4] Woh salak biyasané disuguhna dadi buah meja.[4] Woh salak sing didol biyasané isih arupa ''tandan'' utawa wis diprothéli dadi pethilan sawiji-wiji. [4]Salak sing dipanén nang wulan sing kaping 4 utawa 5 biyasané digawé manisan.[4]

Galeri Salak[sunting | sunting sumber]

Rujukan[sunting | sunting sumber]

  1. ^ 1,0 1,1 1,2 (Indonesia)[1](dipunundhuh taggal 25 April 2011)
  2. ^ Heyne, K. 1987. Tumbuhan Berguna Indonesia, jil. 1. Yay. Sarana Wana Jaya, Jakarta. Hal. 392.
  3. ^ 3,00 3,01 3,02 3,03 3,04 3,05 3,06 3,07 3,08 3,09 3,10 3,11 3,12 3,13 3,14 3,15 3,16 3,17 (Indonesia)[2](dipunundhuh tanggal 25 April 2011)
  4. ^ 4,00 4,01 4,02 4,03 4,04 4,05 4,06 4,07 4,08 4,09 4,10 4,11 4,12 4,13 4,14 4,15 4,16 4,17 4,18 4,19 (Indonesia)[3](dipunundhuh tanggal 25 April 2011)
  5. ^ 5,0 5,1 5,2 5,3 5,4 (Indonesia)[ www.nationalgeographic.com/field/explorers/kira-salak/](dipunundhuh tanggal 25 April 2011)

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Delengen Uga Who-wohan