Srikaya

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Mlumpat maring: navigasi, goleti
?Srikaya
Woh srikaya
Woh srikaya
Klasifikasi ilmiah
Kerajaan: Plantae
Divisi: Angiospermae
(tidak termasuk) Magnoliids
Ordo: Magnoliales
Famili: Annonaceae
Genus: Annona
Spesies: A. squamosa
Jeneng binomial
Annona squamosa
L.


Srikaya (basa Latin: Annona squamosa), kuwe tetanduran sing kagolong nang sajroning genus Annona sing asalé sekang dhaérah tropis. [1]

Woh srikaya wanguné bunder, kulité matané akèh (kaya sirsat). [1]Daging woh wernané putih.[1]

Klebu semak semi-ijo langgeng utawa wit sing meranggas tekan 8 m dhuwuré.[1] Godhongé selang-seling, prasaja, lembing mbujur, 7-12 cm dawané, lan ambané 3-4 cm.[1] Kembangé tuwuh ing tandhan cacahé 3-4, saben kembang ambané 2-3 cm, kanthi enem godhong kembang/kelopak, kuning-ijo mawa bintil ungu ing dhasaré.[1]

Wohé biasaé bunder utawa mèmper kerucut cemara, dhiameteré 6-10 cm, kanthi kulit benjol-benjol lan sisiken.[1] Daging wohé putih, mèmper lan rasané kayapodeng.[1]

Jinis[sunting | sunting sumber]

Srikaya ana sing rupané ijo.[2] Srikaya kang rupane ijo nduwéni daging werna putih. [2]Rasane legi. [2]Nanging ana uga srikaya kang rupané abang rada wungu.[2] Srikaya kang rupané abang rada ungu iki werna dagingé putih. [2]Kang luwih saka srikaya wungu yaiku ambuné wangi lang rasané kang legi.[2] Saliyané iku daging wohé empuk lan legit banget.[2]

Srikaya Ganal[sunting | sunting sumber]

Srikaya ganal utawa srikaya malinau jeneng ilmiahé ''Rollinia deliciosa'' .[1]Srikaya kang ukurané gedhé iki ditemokaké ing Kalimantan Timur yaiku ing Kabupatén Malinau.[1]

Asal[sunting | sunting sumber]

Srikaya malinau asalé saka Amérika tropis yaiku saka Mexiko nganti Peru lan Argentina.[1] Ing dhaérah asalé srikaya malinau nduwé jeneng ''Biriba''.[1] Srikaya kiye teyeng urip nang dhataran rendah tropis nganti sub tropis. [1]Srikaya kiye banjur nyebar nang kawasan Malesia yakuwe nang negara Malaysia, Filipina, Brunai, Papua Nugini. [1]

Deskripsi[sunting | sunting sumber]

Srikaya ganal nduwéni wit kang dhuwuré kurang luwih 4-15 métér.[1] Godhongé lonjong (élips), dawané 15-27,5 cm, ambané 7,5-10 cm, lan gagang godhongé 1 cm.[1] Kembang srikaya kiye suméléh telu-telu nang pang-pang. [1]Bentuk kembangé kaya lar mlengkung mendhuwur utawa kaya lampion lan ambuné wangi.[1] Kembangé nduwé benangsari sing cacahé akéh,bentuké dawa lan ana kantung sari nang pucuké. [1]Bakal buah ana rambuté, tangkai putiké nduwéni bentuk lonjong dawa.[1]

Srikaya kiye nduwéni kayu wernané kuning semu soklat. [3]Kayuné madan atos lan teyeng kanggo gawé perahu kano utawa perahu boat.[3] Srikaya Malinau nduweni ukuran woh sing gedhe.[3] Bobote kurang luwih 1,5 kg. [3]Bentuk buahe rada lonjong lan dhiametere 7,5-12,5 cm.[3] Kulit buah dihiasi tanduk kang jenengeareolus. [3]Srikaya kiye dong isih nom wernane ijo lan malih kuning angger wis mateng.[3] Tandhane srikaya kiye mateng yakuwe nek dipenyet krasa empuk.[3] Daginge putih, alus tanpa serat lan ngandhut banyu.[3] Rasané ora patiya legi lan ora patiya kecut.[3] Srikaya malinau bisa dipangan langsung utawa dicampur es lan sirup.[3]

Khasiat[sunting | sunting sumber]

Srikaya akéh banget paédahé tumprap kaséhatan.[4] Woh kang uga diarani custard apel utawa sugar apple tumprap pelaut Inggris kiye teyeng nggo ngalusna kulit.[4] Srikaya ngandhut antioksidan kayata vitamin C kang mbiyantu nglawan ''radikal'' bebas nang awak.[4] Kalium kang dhuwur cacahé lan magnesium kang ana nang srikaya uga teyeng njaga kaséhatan awak lan teyeng ncegah penyakit jantung.[4]

Angger kepéngin kulit keton ayu lan alus kanthi alami, srikaya teyeng dadi alternatif.[4] Srikaya nduwéni vitamin A sing teyeng njaga kulit, ngalusna kulit lan ngrawat kulit, kaséhatan rambut lan kanggo kaséhatan mripat.[4]

Ora mung kuwethok, srikaya uga nduwéni khasiat ngontrol tekanan darah lan mbiyantu normalna pencernaan.[4] Srikaya bisa diolah dadi sele roti.[4] Srikaya uga teyeng kanggo tamba sembelit lan ngobati diare lan kanggo woh anti disentri.[4]

Sekang katrangan kuwe, srikaya kalebu woh-wohan sing penting kanggo diét harian.[4] Woh kiye ngandhut magnesium sing akeh lan teyeng nyeimbangna kandungan banyu nang awak, ngilangana asam sekang sendi lan ngurangi gejala rématik lan radang sendi.[4]

Angger awak kerep krasa kesel, srikaya uga teyeng dadi obat,[4] Jalaran srikaya nduwe kalium sing teyeng ngobati otot sing lemah.[4] Srikaya uga teyeng kanggo obat anémia, awit akéh kalori.[4] Angger kepéngin nambah bobot awak srikaya teyeng dipangan rutin. [4]Srikaya nduwé kandungan gula alami, mulané srikaya apik kanggo camilan lan buah yèn bar mangan.[4]

Sele Srikaya[sunting | sunting sumber]

Selé srikaya yakuwe selé sing digawé sekang srikaya sing diblénder santen, endhog lan gula sing dimasak kanthi panas geni sing ora patiya panas lan nang wektu kang suwé saéngga dadi kentel kaya selé.[5] Ana uga sing diwénéhi godhong pandan lan godhongsuji.[5] Godhong pandan lan godhong suji kuwe marakna selai srikaya dadi wangi lan wernane ijo.[5]

Sele srikaya biyasané dianggo mangan roti tawar. [5]Sele kiye dipangan kanthi diolésna nang roti tawar. [5]Biyasané kanggo sarapan utawa cemilan.[5]

Pangaji Gizi[sunting | sunting sumber]

Srikaya sugih kandhutan energi panganan lan arupa sumber zat wesi sing becik.[5]

Panrapan Tradhisional[sunting | sunting sumber]

Digunakna nang sapérangan masarakat nang India kanggo ngramu tonik rambut.[5] Wijiné uga didheplok lan diolèsaké kanggo mbasmi tumo rambut.[5]

Galeri[sunting | sunting sumber]


Delengen Uga Who-wohan

Referensi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ 1,00 1,01 1,02 1,03 1,04 1,05 1,06 1,07 1,08 1,09 1,10 1,11 1,12 1,13 1,14 1,15 1,16 1,17 1,18 1,19 {{id}][1](dipunundhuh tanggal 28 April 2011)
  2. ^ 2,0 2,1 2,2 2,3 2,4 2,5 2,6 (Indonesia)[2](dipunundhuh tanggal 28 April 2011)
  3. ^ 3,00 3,01 3,02 3,03 3,04 3,05 3,06 3,07 3,08 3,09 3,10 (Indonesia)[3](dipunundhuh tanggal 28 April 2011)
  4. ^ 4,00 4,01 4,02 4,03 4,04 4,05 4,06 4,07 4,08 4,09 4,10 4,11 4,12 4,13 4,14 4,15 (Indonesia)[4](dipunundhuh tanggal 28 April 2011)
  5. ^ 5,0 5,1 5,2 5,3 5,4 5,5 5,6 5,7 5,8 (Indonesia)[5](dipunundhuh tanggal 28 April 2011)

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]