Semangka

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Mlumpat maring: navigasi, goleti
?Semangka
Wit lan woh semangka
Wit lan woh semangka
Klasifikasi ilmiah
Kerajaan: Plantae
Divisi: Magnoliophyta
Kelas: Magnoliopsida
Ordo: Violales
Famili: Cucurbitaceae
Genus: Citrullus
Spesies: C. lanatus
Jeneng binomial
Citrullus lanatus
Thunb.) Matsum. & Nakai


Semangka (Citrullus lanatus, suku timun-timunan utawa Cucurbitaceae) kuwe tanduran mrambat sing asalé sekang dhaérah setengah gurun nang Afrika bagéyan kidul.[1]. Tetanduran kiye isih sakerabat karo melon (Cucumis melo) lan timun (Cucumis sativus).[1]. Semangka biasa dipanèn wohé kanggo dipangan seger utawa digawé jus.[1]. Wiji semangka sing digaringna lan disangrai uga teyeng dipangan isiné (kotiledon) minangka kuaci.[1].

Kayadéné anggota suku timun-timunan liyané, habitus tetanduran kiye mrambat ningen ora teyeng mbentuk oyot adventif lan ora teyeng mènèk. Jangkauan rambatan teyeng nganti welasan meter.[1].

Godhongé mlekuk-mlekuk nang pinggiré.[1]. Kembangé sampurna, awerna kuning, cilik (dhiameteré 3cm). Semangka kuwe andromonoecious monoklin, yakuwe nduwèni rong jenis kembang nang satanduran: kembang jantan, sing mung duwé benang sari (stamen), lan kembang banci/hermafrodit, sing duwé benang sari lan putik (pistillum). [1].Kembang banci teyeng ditepungi sekang anané bakal woh (ovarium) nang bagéyan pangkal kembang arupa panggédhénan awangun oval.[1].

Woh semangka kulité atos, wernané ijo pekat utawa ijo enom kanthi larik-larik ijo tuwa. Gumantung kultivaré, daging wohé sing ngandhut banyu wernané abang utawa kuning.[1].

Tetanduran kiye cukup tahan swasana garing utamané yèn wis mlebu mangsa pambentukan woh. [1].

Kena nang Guna[sunting | sunting sumber]

Semangka rasané seger apa manéh yèn dipangan pas awan.[2] Semangka kalebu woh kang disenengi.[2] Semangka teyeng nggawé awak seger lan njaga stamina awak sewengi muput.[2] Panalitén nang Texas, Amerika Serikat ngandarna yèn semangka nduwéni ''citrulline''. [2] Zat kiye teyeng mroduksi komponén kang teyeng nggawé rélaksasi pembuluh darah, kayadéné yèn para priya ngombé viagra.[2]

Nang kulit semangka uga katemokna citrulline sing teyeng nduwéni réaksi karo énzim nang awak lan teyeng malih dadi arginin, yakuwe asam amino kang migunani tumprap jantung, sirkulasi darah lan imunitas beréaksi dengan énzim tubuh dan diubah menjadi arginin, yakuwe asam amino kang migunnai tumprap jantung, sirkulasi darah, dan sistem imunitas.[2]

Miturut Bhimu Patil,paneliti lan Diréktur sekang A&M’s Fruit and Vegetable Improvement Center, arginin teyeng ningkatna nitrat oksida kang gawé rélaksasi pembuluh darah, padha kaya Viagra kang teyeng ngobati lan ncegah éréksi.[2] Semangka teyeng ngrélaksasékna pembuluh darah tanpa éfék samping.[2] Miturut Patil, nitrat oksida uga teyeng ngurangi agina, tekanan darah tinggi utawa hiperténsi, lan kardovaskular.[2] Patil nerangna kurang luwih 60 persén citruline manggon nang kulit semangka lan uga nang dagingé.[2] Para panaliti uga nemokna cara kanggo ningkatna citruline nang daging.[2] Panaliti Departemén Pertanian nang Lane, Okla, AS, Penelope Perkins-Veazie, nerangna yèn citruline ana nang kabéh semangka aningen semangka kuning ngandhut citruline paling akéh.[2] Miturut Perkins dibutuhna enem semangka kanggo ngéntoké citruline kang cukup kanggo ningkatna arginin.[2]

Yèn kakéyan mangan semangka teyeng nyebabna urin kang cacahé akèh saéngga kerep ning kamar mandi.[2] Semangka kalebu diuretik kang teyeng kanggo terapi kanggo pasién ginjal sadurungé térapi dialisis.[2] Parkins uga nerangna yèn kadar glukosa semangka teyeng mlebu nang pembuluh darah.[2]


Citrulline lan arginin uga teyeng kanggo obat penyakit obese lan diabetes tipe 2.[2] Saliyané iku, Citrulin uga ana nang tanduran liyané kayata timun lan bléwah.[2] Citruline kang ana nang timun lan bléwah cacahé luwih sithik tinimbang kang ana nang semangka.[2] Saliyané kuwe zat kiye uga ana nang protéin susu kaséin.[2] Miturut Perkins, Citruline paling akéh ditemokna nang wiji kenariref name="internet1"/> Aningen kenari rasané pait lan jarang wong kang seneng mangan.[2]


Seliyane ngandhut vitamin C semangka uga vitamin A kang cukup.[1]. vit A mlebu golongane anti oksidan yakuwe sat kang teyeng nglawan kanker.[1].

Nandur[sunting | sunting sumber]

Semangka kalebu tanduran kang akéh gunané awit ngandhut banyu kang akéh lan serat.[3] Cara nandur semangka teyeng sekang wijiné. Ditandur nang lemah kang akéh humusé.[3] Kang kudu digatékaké, jarak tanduran siji lan sijiné kudu rada adoh supaya wohé teyeng akéh.[3] Semangka kalebu pala kesimpar kang uripé mrambat nang lemah.[3] Saliyané jarak tandur kang kudu diatur, kahanan iklim lan curah hujan uga prelu digatékaké,[3]

Hasil olahan Semangka[sunting | sunting sumber]

Semangka teyeng dipangan langsung lan uga digawé jus.[4] Saliyané kuwe semangka uga teyeng digawé ]puding semangka.[4] ningen yèn ngolah semangka luwih becik ora nganggo gula utawa sirup, susu, utawa krim kang cacahé akéh.[4] Bahan-bahan mau teyeng ngrusak zat-zat nutrisi kang ana nang semangka.[4]

Jinis lan bentuk[sunting | sunting sumber]

  • semangka ireng[5]
  • semangka kuning[5]
  • semangka abang[5]
  • semangka orén[5]
  • semangka bunder[5]
  • semangka kotak[5]
  • semangka lonjong[5]
  • semangka piramid[5]

Galeri[sunting | sunting sumber]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ 1,00 1,01 1,02 1,03 1,04 1,05 1,06 1,07 1,08 1,09 1,10 1,11 Jaya baya.2002.hal 18
  2. ^ 2,00 2,01 2,02 2,03 2,04 2,05 2,06 2,07 2,08 2,09 2,10 2,11 2,12 2,13 2,14 2,15 2,16 2,17 2,18 2,19 2,20 (Indonesia)[1](dipunundhuh tanggal 15 April 2011)
  3. ^ 3,0 3,1 3,2 3,3 3,4 (Indonesia)[2](dipunundhuh tanggal 15 April 2011)
  4. ^ 4,0 4,1 4,2 4,3 (Indonesia)[3](dipunundhuh tanggal 15 April 2011)
  5. ^ 5,0 5,1 5,2 5,3 5,4 5,5 5,6 5,7 (Indonesia)[4](dipunundhuh tanggal 15 April 2011)

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]