Susu

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Segelas susu

Susu kuwi cairan werna putih kang diprodhuksi déning kéwan mammalia, kayata sapi, asu, wedhus lan manungsa. Cairan mau diprodhuksi ing kelenjar susu. amarga bayi kang lagi lair durung duwé untu kudu disusoni sadurungé bisa mangan panganan kang padhet. Susu ngandhut akèh nutrien kanggo mbantu pertumbuhan lan kaséhatah bayi.

Kandhutan Nutrièn[sunting | besut sumber]

Susu Sapi
Kandungan nurtrisi saben Cithakan:Convert/g
Energi Cithakan:Convert/kJ
Karbohidrat 5.26 g
- Gula 5.26 g
  - Laktosa 5.26 g
Lemak 3.25 g
- tak jenuh 1.865 g
- tak jenuh tunggal 0.812 g
- tak jenuh majemuk 0.195 g
Protein 3.22 g
- Tryptophan 0.075 g
- Threonine 0.143 g
- Isoleucine 0.165 g
- Leucine 0.265 g
- Lysine 0.140 g
- Methionine 0.075 g
- Cystine 0.017 g
- Phenylalanine 0.147 g
- Tyrosine 0.152 g
- Valine 0.192 g
- Arginine 0.075 g
- Histidine 0.075 g
- Alanine 0.103 g
- Asam aspartik 0.237 g
- Asam glutamik 0.648 g
- Glycine 0.075 g
- Proline 0.342 g
- Serine 0.107 g
Air 88.32 g
Vitamin A equiv. 28 μg (3%)
Thiamine (Vit. B1) 0.044 mg (3%)
Riboflavin (Vit. B2) 0.183 mg (12%)
Vitamin B12 0.44 μg (18%)
Vitamin D 40 IU (10%)
Calcium 113 mg (11%)
Magnesium 10 mg (3%)
Potassium 143 mg (3%)
100 mL corresponds to 103 g.[1]
Persentase ngrujuk maring rekomendasi Amerika Serikat kanggo wong dewasa.
Source: Sumberdata Nutrisi USDA


Susu ngandhut akèh zat calcium (kira-kira 10% Calcium), yaiku zat kang diperlokaké kanggo kekuatan balung lan saraf kang séhat. Ananging susu ngandhut mung sethithik zat Magnesium. Magnesium diperlokaké sacukupé kanggo ningkataké daya serep. Susu uga ngandhut gajih, protein, lan gula kang diperlokaké déning kéwan kanggo tenaga.

Cacahé zat kandhutan susu béda-béda saka kéwan siji lan sijiné. Susu manungsa èncèr lan ngandhut akèh lactose. Susu sapi ngandhut luwih sethithik gula lan luwih akèh gajih lan protein. Susu sapi ngandhut kira-kira 3.5% gakih, 8.5% padhetan susu lan 88% banyu. Susu saka sawetara kéwan dikumpulaké manungsa kanggo diombé. Biasané saka sapi, nanging uga kadhangkala saka wedhus, yak utawa biri-biri.

.

Ora kabèh sarujuk yèn susu kuwi séhat kanggo diombé manungsa. Sawetara riset nuduhaké yèn protein jroning susu ora migunani manèh tumraping wong dhiwasa. Salahsawijining studi, kang dibéayani déning industri susu, nitèni konsumsi panganan èwon perawat jroning 10 taun. Perawat kang akèh ngonsumsi susu nduwé peringkat dhuwur karetakan ballung pinggul. Susu sapi nyebabaké getih luwih asam lan awak manungsa banjur narik calsium saka balung kanggo netralaké keasaman mau jroning process kang disebut Homeostasis. Sawetara ana sing percaya yèn susu apik kanggo bocah cilik. Wis tau dibuktèkké ing [engadilan ing Amerika Serikat yèn susu sapi ngandhut BGH (Bovine Growth Hormones) kang ngrugèkaké kaséhatah. Ing sawetara negara, akèh kang kuwatir yèn susu ngandhut zat kimia saka panganan kéwan. Zat kimia iki bisa ngganggu kaséhatah manungsa.

Nyimpen Susu[sunting | besut sumber]

Yèn susu ora disimpen jroning lemari ès, bakal rusak lan dadi kecut sawisé sawetara wektu. Tansaya panas suhu susu, tansaya cepet dadi kecut. Fermentasi lah sebabé. Bakteri Asam laktat ngrubah gula susu dadi asam laktat. Fermentasi diango nalika nggawé produk liyané asal susu.

Susu sering di pasteurisasi sadurungé diombé, utawa digawé produk liya luwih dhisik kaya krim, mentéga, yoghurt, ès krim, gelato, utawa kèju. Susu sapi sing wis dipasteurisasi bakal dadi kecut yèn ora disimpen ing lemari ès. Susu kudu disimpen ing suhu antara 1° nganti 4° Celsius. Yèn susu diprosès nganggo ultra-high temperatures (UHT), bakal luwih awèt disimpen sadurungé rusak. Susu sing diprosès nganggo UHT mau ora kudu disimpen ing lemari ès nganti dibukak bungkusé.

Laktose[sunting | besut sumber]

Susu ngandhut zat kimia sing arané laktose. Bayi nggawé enzyme sing jenengé laktase jroning awaké. Wong dhiwasa mrodhuksi luwih sithik lactase. Yèn cacahé ora cukup, bakal ora bisa nyerna lactose manèh. Bab iki diarani lactose intolerance lan akèh nengaruhi wong dhiwasa. Akèh obat kang mbantu wong dhiwasa nyerna laktose. Akèh wong kang nduwé problem lactose-intolerant banjur ngombé susu kedhelé, ora susu kéwan, sebab susu kedhelé ora ngandhut laktose.

Santen[sunting | besut sumber]

Santen katon kaya susu biasa, nanging ngandhut luwih sithik nutrien. Santen iki digawé saka daging klapa, diprès utawa diperes, nuli ditambah banyu. Santen iki biasa dianggo masak, contoné masakan kari.

Uga pirsani[sunting | besut sumber]


Pranala jaba[sunting | besut sumber]

Chatetan Suku[sunting | besut sumber]

  1. Jones, Alicia Noelle (2002). "Density of Milk". The Physics Factbook. http://hypertextbook.com/facts/2002/AliciaNoelleJones.shtml. 
Wikipedia
Wikipedia
Artikel kiye kuwe artikel dhasar sing kudhu dipundarbèni kabeh basa.