Srengenge

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Mlumpat maring: navigasi, goleti
Srengenge

Prakata[sunting | sunting sumber]

Srengenge utawa [basa Indonesia] Matahari kuwe jane salah siji lintang ning galaksine dhewek.Galaksine dhewek kuwe arene Bimasakti.Ning galaksi Bimasakti ana milyaran lintang dadi srengenge mukur salah sijine gel.

Jarak rata-rata srengenge maring bumi kuwe 149.680.000 KM. Srengenge karo planet-planet sing ngubengine kuwe mbentuk Tata Surya.

Srengenge kuwe lintang jenis cilik (jenis G), akeh lintang liya sing ukurane puluhan malah atusan tikel luwih gedhe ketimbang srengenge.

Srengenge kuwe salah sijine lintang sing paling perek panggonane ning alam raya lan dadi punjer tata suryane dhewek.Nggone sing jarake antara 149 juta Km sekang bumi ndadekna panas lan cahyane banget ndhukunge lan pigunane kanggo kahuripan.Tetanduran mbutuhna cahyane saben dina kanggo potosintesis,manungsa ngrobah cahyane dadi sumber energi listrik lan nganggo panase minangka salah sijine cara ngepe klambi.Ning bumi nggone dhewek manggon,srengenge katon semu kuning padhahal sebenere warna srengenge kuwe putih.Prakara kiye dumadi amarga awur-awurane atmosper sekang warna biru.Bakal banget katone lamon dhewek ndeleng srengenge kanthi saklebatan ning esuk-esuk lan ning sore-sore,bakal katon sejen karo warna srengenge ning bedhug-bedhug.

Ning klasipikasi lintang kelas spectral,Srengenge arupa lintang kelas G2V,G2 nyirekna yen lumahe srengenge kuwe kira-kira 9.941ºF utawa kurang luwih 5.505ºC ,V kuwe angka rum sing nyirekna yen srengenge kaya dene lintang-lintang liyane,dheweke ngasilna energi sekang kasil fusi nuklir inti Hidrogen lan inti Helium ning inti srengenge.Srengenge m-fusikna Hidrogen awit 430 nganti 600 juta ton saben dhetike

Kelawan bobote (massa’ne) sing saiki kosih 2 x 1033 gram.Srengenge saben dhetike kelangan 4 juta ton sekang bobote sing bakal dirobah dadi energi.Umur srengenge saiki wis 5 milyar taun.Kaya dene teori evolusi lintang disebutna,umur samono wis sapadhan karo setengah perjalanan kahuripane srengenge.Dadi kira-kira ning 5 milyar taun maning sing pan teka lintang sing paling perek karo bumi kiye bakal wiwit mangli dadi lintang raseksa abang lan bakal kelangan bahan bakare nganti pungkasane mangli dadi supernova lan kebentuk planeteri nebula.

Fisik[sunting | sunting sumber]

Srengenge (uga lintang-lintang liya) kuwe jane bal gas sing ning jerone terus-terusan ngalami reaksi nuklir.

Manfaat[sunting | sunting sumber]

Wiki letter w.svg

Artikel kiyé ésih tulisan rintisan. Mangga mélu ngembangna dadi tulisan sing wutuh.


mBalik ming:

Astronomi ; Tata Surya ; Lintang