Kejawen

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Tradisi upacara "Bersih Desa" nang Sarangan, Magetan, Jawa Timur.

Kejawen kuwe ajaran pedoman uripe wong Jawa sing ngutamaaken ketentreman bathin, keselarasan, keseimbangan karo sikap nrima. Tindakan menungsa (sebagai kawula) kudu patuh ming tata masyarakat, masyarakat kudu patuh ming penguasa alam (Gusti).

Perwujudan ajaran[sunting | besut sumber]

Perwujudan ajaran kiye umume dianggep ana 3 perlambang: perlambang kepercayaan, perlambang tradisi karo perlambang seni. Ana sebagian wong sing nganggep nek Kejawen kuwe agama asli Jawa, laka campurane asing babar blas.

Perlambang kepercayaan, contone keyakinan wong Jawa nek Tuhan yakuwe zat sing ora bakal kejangkau pikiran menungsa, mulane kudu dilambangaken ben bisa diakui, misale nyebut Tuhan karo Gusti Ingkang Murbheng Dumadi, Gusti Ingkang Maha Kuaos, lan liya-liyane.

Perlambang tradisi, contone ana tradisi upacara kematian (ndonga kanggo wong sing meninggal) tahlilan telung dina, pitung dina, patangpuluh dina, satus dina, setaun, rongtaun, telungtaun, lan sewu dina bar meninggal. Perlambang seni, contone kelir-kelir sing dilukis nang raine wayang kulit. Kelir kiye sebagai perlambang watek masing-masing tokoh wayang kui.

Deleng uga[sunting | besut sumber]