Wayang kulit

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Wayang kulit (Hanacaraka:ꦮꦪꦁ​ꦏꦸꦭꦶꦠ꧀) kuwe seni tradisional Indonesia sing dikembangna ning tlatah Jawa. Wayang kuwe asale sekang tembung "Ma Hyang" sing tegese tumuju maring roh spiritual, dewa, utawa Gusti Ingkang Maha Esa. Uga ana sing ngarani wayang kuwe tembung basa Jawa sing tegese "wayangan", sebabe wong sing ndeleng wayang bisa ndeleng sekang mburi kelir utawa wayangane tok. Wayang kulit ditanggap karo sing arane dalang, sing nyritakna lakone wayang, dikancani musik gamelan sing ditabuh deng nayaga karo tembang-tembang sing ditembangna deng sinden. Dalang nanggap wayang kulit ning walike kelir, yakue layar sing digawe sekang bujur putih, terus ning mburine disorot lampu listrik utawa lampu sing karo lenga (blencong), dadine wong sing ndeleng sekang mburi bisa weruh wayangane sing tiba ning kelir.

Pagelaran wayang kulit dimainaké dhalang kondhang ing Indonésia, Ki Manteb Sudharsono. Lakoné Gathotkaca Winisuda.

Umume wayang njikot lakon sekang naskah Mahabharata karo Ramayana, tapi ora karo pakem kue tok, ki dalang bisa nanggap lakon carangan (gubahan) sekang cerita Panji karo liya liyane.

Wayang kulit wis diakoni deng UNESCO sekang tanggal 7 November 2003, (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Wayang kulit lewih kondhang ning Jawa tengah karo Jawa wetan, nanging wayang golek lewih sering ditanggap ning Jawa kulon.