Arkeozoikum

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Prakata[sunting | besut sumber]

Eon Arkeozoikum utawa archean kuwe artine jaman kehidupan purba, kuwe kira-kira (4,5 - 2,5 milyar taun gemiyen). Nang jaman kiye kerak-kerak kulit bumi wis molai kebentuk ning urung stabil. nang jero perut bumi keadaane esih bergolak panas, mulane dong jaman Arkeozoikum kiye planet bumi kiye secara geologis paling aktif, sing jenenge kedaden lindu karo gunung meletus kuwe kedaden sing biasa, saben wektu.

Atmosfer Awal[sunting | besut sumber]

Nang jaman kiyelah Pembentukan Atmosfer Bumi dimolai. Anane atmosfer berarti ana cuaca, ning cuaca jaman kiye isine mung badai karo petir kuwe merga atmosfer sing molai kebentuk, isine mung gas-gas beracun antarane gas metana karo karbondioksida dadi urung ana sing jenenge oksigen. Banyu jane wis ana nang jaman kiye ning wujude esih uap merga suhu bumi esih panas.

Pembentukan Samudera[sunting | besut sumber]

Bar ewonan taun, temperatur/suhu atmosfer bumi akhire mandan adem, terus bisa mancair, akhire bisa dadi udan. Ana udan brarti ana aliran banyu, ana kubangan banyu, ana segara, ana samudera. Jaman kuwe (ndeyan tekan siki) mung planet Bumi sing duwe banyu sing wujude cair.

Makhluk Hidup Awal Jaman Arkeozoikum[sunting | besut sumber]

Anane banyu cair nang samudera kuwe dadi prasyarat utama kanggo anane makhluk hidup. Mulane nang jaman kiyelah pertama kali Tuhan nyiptaaken makhluk hidup ning esih primitif banget, wujude ialah mikro organisma (bakteri karo ganggang) sing urip nang samudera purba. Bakteri kuwe umume mung duwe sel 1 utawa bersel tunggal ning ana juga sing wis dibekeli karo klorofil. Sing bersel tunggal mung bisa nyerap panganan sekang samudera terus carane gole berkembang-biak ialah membelah diri.

Bakteri Biru Ijo[sunting | besut sumber]

Bakteri sing duwe klorofil kuwe jenenge Bakteri Biru Ijo, kuwe bisa ngolah panganan dhewek nang jero klorofile. Bakteri kiye juga siji-sijine jenis bakteri jaman kuwe sing wis bisa ngolah banyu. Merga jaman kuwe banyu melimpah, bakteri biru ijo kiye juga melimpah banget nang samudera.

Fosil mikro organisme jaman kiye sing wis ditemokna ialah fosil Stromatolit karo Cyanobacteria sing umure kira-kira 3.500.000.000 taun.

Pembentukan Oksigen[sunting | besut sumber]

Pengolahan panganan nang jero klorofil bakteri biru ijo kiye juga menghasilkan gas buang sing jenenge oksigen, akhire atmosfer planet bumi kebek diisi gas buangan kiye. Gas oksigen kiye sebagai prasyarat kanggo penciptaan makhluk hidup sing lewih kompleks.




mBalik ming:

Prasejarah ; Kurun Wektu Geologis