Goa Lawa
Goa Lawa kuwe salah siji panggon wisata alam nang Purbalingga. Panggone anan nang lereng Gunung Slamet lewih tepate Desa Siwarak, Kecamatan Karangreja, Kabupaten Purbalingga. Jarake ± 25 Km kang pusat Kota Purbalingga.Goa kiye kebentuk kang lava pegunungan aktif sing meleleh ewunan tahun. Proses pengademan lava kiye sing merekna watune pada dadi atos tur kuwat sing ndadikna stalagnit dan stalagmit. Nduwe area sing ambane 11,5 hektar. DIbuk ago pengunjung unggal dina mulai jam 08.00--17.00 WIB. [1] Rega tiket melbune Rp20.000 dina biasa, Rp25.000 dina prei.[2]
Sejarah
[sunting | besut sumber]Taun 1978 petani-petani sekang desa Siwarak, Kecamatan Karangreja, Kabupaten Purbalingga ndeleng ewonan lawa sing gawe sarang nang lobang gedhe nang salah siji bukit nang desa kuwe. Penduduk sing penasaran akhire brasil nemokna goa-goa gedhe nang bukit kuwe, penemuan kuwe ditanggapi pemerentah sing langsung ngirim tim ahli geologi sekang ITB.
Tanggal 30 November 1979 goa kiye resmi dadi obyek plesiran alam nang kabupaten Purbalingga.
Bagian Goa Lawa
[sunting | besut sumber]Nang goa Lawa kuwe ora mung siji thok goane ning mandan akeh antarane:
- Goa Batu Semar
- Goa Waringin Seto
- Goa Dada Lawa
- Goa Pancuran Slamet
- Goa Sendang Slamet
- Goa Sendang Drajat
- Goa Gangsiran Bupati
- Goa Lobang Panembahan
- Goa Rahayu
- Goa Keris
- Goa Langgar
- Goa Cepet
- Goa Putri Ayu
Kabeh goa nang dhuwur kuwe ana lorong penghubunge, dadi antara goa siji karo liyane ana lorong tembus. Sing ora nana lorong tembusane ialah:
Referensi
[sunting | besut sumber]- ↑ https://www.goalawapurbalingga.com/p/profil.html
- ↑ https://www.goalawapurbalingga.com/2022/02/paket-wisata-goalawa.html