Dialek Cirebon

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
(Dialihna sekang Dialek Cirebon/Indramayu)

Kabupaten Cirebon | Kota Cirebon | Kabupaten Indramayu

Logo Kabupaten Cirebon --- Logo Kota Cirebon --- Logo Kabupaten Indramayu


Prakata[sunting | besut sumber]

Sub dialek Cirebon-Indramayu utawa biasa diarani Basa Cerbon-Dermayu kuen salah siji sub dialek kelompok basa Jawa wilayah kulon. Sub dialek kien dituturaken ning kabupaten Cirebon karo kabupaten Indramayu Jawa Barat lan ning kota-kota Pantura Jawa Barat yaiku Cilamaya (Karawang), Blanakan, Pamanukan, Pusakanagara (Subang), Indramayu, Cirebon, Losari Wetan, ngantek sebagian sisi kulon kabupaten Brebes, Jawa Tengah. Ana keding basa Cerbon-Dermayu iku kang dituturaken ning sebagian wewengkon Majalengka.

Pada umume dialek kien dituturaken kanggo urusan perdagangan nang pesisir lor Jawa Barat sebab jaman bengene kota Cirebon kuwen salah siji kota pelabuhan/bandar utama ning tlatah Jawa, kuwen sekitar abad 15 nyampe abad 17.

Sedurunge, sub dialek kiyen padha bae karo dialek basa Jawa wilayah kulon liyane, perubahan mulai katon awit abad 17, dialek kiyen kenang pengaruh budaya lokal karo pengaruh basa Sunda. Sakien, dialek Cirebon-Indramayu masih tetap duwe bentuk-bentuk dasar basa Jawa wilayah kulon utamane ning ukara-ukara karo pengucapane sing wis ora dienggo maning ning tata basa basa Jawa Baku / Standar (Yogyakarta lan Surakarta).

Sebagian budayawan Cirebon duwe rasa kuwatir sub dialek kiyen mengkone bisa pudar sebab kegeser karo basa Indonesia apa maning tlatah Cirebon-Indramayu secara administratif anane ning Propinsi Jawa Barat kang rata-rata nganggo Basa Sunda. Alesan sejene program muatan lokal (Mulok) daerah ning sistem pendidikan nasional kuwen kiblate masih ning wilayah administratif Propinsi, dadi muatan lokal ning wilayah Cirebon-Indramayu iku ditambah basa Sunda.

Sebenere sing luwih akeh jenise basa kuh, yaiku basa Dermayonan, masalahe hampir saban beda desa bae logate bede lan basane rada beda. Contohe kanggo nyebut awake dewek yaiku ana sing kita, reang, inyong, dewek, lan sejen-sejene masih ana. Jerene wong tua mah kuen kuh tergantung nenek moyange asline sing ndi. Lamon nenek moyange wong Sunda ngomonge sedesa Sunda kabeh, lamon nenek moyange sing wetan ya ngomonge kaya wong wetan.