Taksonomi

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Ilmu sing mempelajari bab urut-urutan jeneng mahluk urip

Istilah taksonomi njukut sekang basa Yunani tassein sing artine nggo bagi karo nomos sing artine aturan. Taksonomi bisa diartikna aturan mbagi sing nganggo tingkatan, utawa prinsip sing ndasari cara nggolongna. Meh kabeh -- barang obah, barang meneng, panggonan, karo kedadean -- bisa digolongna miturut aturan pembagian taksonomi.

Taksonomi nang biologi[sunting | besut sumber]

Deleng uga Tatajeneng binomial Nang biologi, taksonomi uga disebut pembagian utawa sistematika. Sistem sing dienggo kuwe njenengi nganggo rong jeneng, sing dikenal karo tatajeneng binomial utawa binomial nomenclatur, sing diusulna karo Carl von Linne (Latin: Carolus Linnaeus), kuwe wong naturalis kebangsaan Swedia.

Dheweke ngenalna enem hirarki (anda) sing nggolongna kabeh organisme urip. Enem hirarki (sing dijenengi takson) kuwe berturut-turut (sekang paling dhuwur kanthi paling ngisor, istilah njero kurung kuwe usulan nggo basa Banyumasan):

Nggo Tandhur-tandhuran, istilah Divisio sering dienggo nggantekna Pilum.

Nang tatajeneng binomial, njenengi siji jenis cukup karo nyebutna jeneng marga (mesthi diawali karo huruf gedhe) karo jeneng jenis (mesthi diawali karo huruf cilik) sing dicetak miring (dicetak ngadeg angger naskah utamane dicetak miring) utawa ditulis nganggo garis ngisor. Aturan iki kudune ora bakal mbingungna sebab jeneng marga ora oleh pada nggo tingkatan takson lia sing lewih dhuwur.

Maju-majune ilmu maksa digawe takson anyar sekang enem takson sing wis ana (Nganggo awalan 'super-' karo 'sub-') lan uga takson nang ngisor jenis (infraspesies) (Varietas lan Forma). Uga digawe siji takson nang ndhuwur Pilum (sing disebut Regnum (Bahasa Inggrise 'Kingdoms') nggo mbedakna Prokariota (regnum Archaea lan Bacteria) karo Eukariota (regnum Mycota, Plantae utawa Thanduran, lan Animalia Kewan).

Ana 5 kelompok gede, disebut kratonan utawa Regnum, nang ilmu taksonomi. Amben mahluk urip mesti nang ngisore salah siji sekang 5 kratonan. Kratonan kuwe:

  • Monera - Mahluk urip sing paling sederhana.
  • Protista - jenising bakteri sing ndhuwe sel siji.
  • Fungi - jamur-jamuran, khamir and lan jamur liyane.
  • Plantae - kabeh tanduran, mulai suket tekan wit gedhe.
  • Animalia - kabeh kewan, klebu menungsa.

Taksonomi nang pedologi[sunting | besut sumber]

Nang ilmu lemah (pedologi), taksonomi lemah digawe didasarna pirang variabel sing ncirikna kahanan jenising lemah. Sebab awale ora sistematis (teratur), nang taun 1975 tim sekang 'Soil Survey Staff' Departemen Pertanian Amerika Serikat (USDA) nerbitna sawiji mufakat nang taksonomi lemah. Sekang wektu kuwe, tiap jenis lemah paling sethitik ndhuwe rong jeneng. Meski jeneng anyar wis ana, jeneng lawas sering esih dienggo sebab aturan sekang Soil Survey Staff dianggep nthriktik mbanget.

Deleng uga[sunting | besut sumber]


mBalik ming:

Biologi