Tatajeneng binomial

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Tatajeneng binomial (binomial artine 'rong jeneng') kuwe aturan baku jenengi nggo kabeh organisme (makhluk urip) sing kejukut sekang rong undhangan sekang tata taksonomi (biologi), nganggo jeneng genus karo jeneng spesies. Jeneng sing dienggo kuwe jeneng baku sing diwehna nanggo basa Latin utawa basa lia sing wis dilatina. Aturan kiye awale diterapna nggo jamur, tanduran lan kewan karo penyusune (Carolus Linnaeus), ning siki uga wis diterapna nggo bakteri. Sebutan sing disepakati nggo jeneng iki 'jeneng ilmiah' (scientific name). Wong awam sering nyebut "jeneng latin" meski jane kurang pas, sebab sebagian jeneng sing diwehna dudu istilah asli nang basa latin ning jeneng sing diwehna karo wong sing pertamane ngewewehi penjelasan utawa deskripsi (sing dijenengi deskriptor) terus dilatina.

Aturan nulis[sunting | besut sumber]

  1. Aturan nulis nang tatajeneng binomial mesti ngesugna jeneng genus nang ngarep lan jeneng spesies mbuntuti.
  2. Jeneng genus MESTHI diawali karo huruf kapital (huruf gede, uppercase) lan jeneng spesies MESTHI diawali karo huruf biasa (huruf cilik, lowercase).
  3. Nulisna jeneng iki ora melu aturan tipografi (artine, menawa teks sing nganggo huruf kapital/balok kabeh, contone nang judul naskah, ora ndadekna nulis jeneng ilmiah dadi huruf kapital kabeh) kecuali nggo bab kayata:
    1. Nang teks sing nganggo huruf ngadeg (huruf latin), jeneng ilmiah ditulis nganggo huruf miring (huruf italik), lan sewalike.
    2. Nang teks tulisan tangan, jeneng ilmiah diwenehi garis ngisor sing kepisah nggo jeneng genus lan jeneng spesies.
  4. Jeneng utawa singkatane deskriptor olih diwehna nang mburi jeneng spesies, lan ditulis karo huruf ngadeg (huruf latin) utawa tan nganggo garis ngisor.

Contone:

  1. Nang judul: "PENGUJIAN DAYA TAHAN KEDELAI (Glycine max Merr.) TERHADAP BEBERAPA TINGKAT SALINITAS". (Penjelasan: Merr. kuwe singkatane deskriptor (nang conto kiye E.D. Merrill) sing hasil karyane diakoni nggo ggambarna Glycine max. Jeneng Glycine max diwehna nang judul sebab ana spesies lia, Glycine soja, sing uga disebut kedelai.)
  2. Nang teks: "Rumus bangun asam ricinoleat yang banyak dikandung oleh minyak biji Ricinus communis (jarak) agak berbeda dengan asam-asam lemak yang lain."

mBalik ming:

Taksonomi