Masjid Nur Sulaiman Banyumas

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Masjid Nur Sulaiman Banyumas digawé taun 1755, arsiteké yakuwé Bapak Nur Daiman sing uga dadi Penghulu Masjid sing sepisanan, dheweké kalebu tokoh Islam Banyumas jaman gemiyèn. Jeneng Masjid Nur Sulaiman kuwé dijukut sekang jeneng Bapak Nur Daiman kuwe.

Masjid paling tua nang Banyumas kiyé dibangun bar pembangunan Pendapa Si Panji rampung. Gemiyèn status Masjid kiyé pancèn Masjid Agung Kabupaten dadi jenengé kuwé Masjid Agung Nur Sulaiman Banyumas, ningèn bar ibukota Kabupatèn dipindah maring kota Purwokerto termasuk dipindah juga Pendapa Si Panji, jeneng masjid kiyé diobah dadi Masjid Nur Sulaiman Banyumas.

Ukuran[sunting | besut sumber]

  • Luas pekarangan kabeh: 4.950 m2
  • Ruang utama: 22 x 15.5 m
  • Duwur bangunan: 14.5 m
  • Ruang serambi: 11 x 22 m
  • Ruang mihrab: 4 x 2.2 m, duwure 5.9 m
  • Mimbar: 2.2 x 1.25 m, duwure 1.67 m
  • Maksura: 2.3 x 2.3 m

Ciri Khas[sunting | besut sumber]

Bentuk Masjid kiye khas jaman Kerajaan Islam Jawa antarane:

  • Atap tumpang susun 3
  • Denah bujur sangkar
  • Ana serambi-ne
  • Batur duwur
  • Pintu utama nang sisi wetan
  • Mimbar-e bentuk tandu
  • Ana Maksura-ne (enggon Shalat khusus kanggo penguasa)
  • Mihrab (ruang imam) ialah tajug susun 2 dilengkapi mahkota sing bentuke mirip gada.
  • 4 pilar utama (saka guru)
  • 12 pilar pendukung (saka pengarak)



mBalik ming:

Kabupaten Banyumas ; Banyumas