Babad Banjarnegara

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Prakata[sunting | besut sumber]

Babad Banjarnegara ora bisa dipisah karo sejarah Kerajaan Galuh Purba (dibangun adoh sedurung abad 5 Masehi). Kerajaan kiye dibangun nang sekitar Gunung Slamet ning bar kuwe pusat kerajaane pindah maring Garut - Kawali (abad 6-7 Masehi) mbentuk utawa ngelanjutaken pemerentahan nang Kerajaan Galuh Kawali. Kerajaan Galuh Purba kuwe dibangun pendatang-pendatang sekang Kutai, Kalimantan ning sedurung agama Hindu melebu nang Kutai. Keturunan-keturunan Kerajaan Galuh Purba kiye nerusna pemerentahan Kerajaan nang Garut - Kawali (Ciamis) sing wis duwe budaya Sunda, terus sebagian campur darah karo keturunan Kerajaan Kalingga (Dieng, Jawa Tengah).

Babad Banjarnegara juga ora bisa dipisah karo sejarah kerajaan Galuh Kawali sing wilayah kekuasaane ngeliputi lewih separo wilayah Jawa Tengah siki (kemungkinan tekan Kedu lan Purwodadi), dadi termasuk juga wilayah Banjarnegara karo Banyumasan umume.

Babad Banjarnegara juga ora bisa dipisah karo babad Kerajaan-Kerajaan utama nang Jawa Tengah antarane kerajaan Kalingga, Kerajaan Mataram, Kesultanan Demak, Kesultanan Pajang lyy.

Wilayah[sunting | besut sumber]

Kabupaten Banjarnegara sedurunge dibagi dadi 5 Kawedanan/Kecamatan: Banjar, Singomerto, Wanayasa, Batur karo Pagentan. Kawedanan-kawedanan liyane kuwe kasil pemekaran sekang 5 Kawedanan kuwe.

Ibukota Banjarnegara[sunting | besut sumber]

Ibukota Banjarnegara sedurunge nang desa Banjarkulon, kecamatan Banjarmangu lewih dikenal Banjarwatulembu, terus pindah ming sisi kidul Kali Serayu, sing dipilih yakuwe daerah Banjar (siki Kota Banjarnegara) sing dadi ibukota anyar. Daerah Banjar sing dipilih kuwe jane persawahan sing amba pisan karo lereng-lereng sing curam. Arti kata Banjar yakuwe sawah, negara utawa kota.

Bupati-Bupati[sunting | besut sumber]

Jaman perang Diponegoro, wilayah Banjarnegara dipimpin R. Mangun Broto karo Mas Ranudiredja ning bar perang kuwe rampung taun 1830, Sri Susuhunan Pakubuwono VII ngusulna R. Tumenggung Dipoyudo IV sing wektu kuwe esih dadi penguasa nang kadipaten Ayah diangkat dadi bupati Banjarnegara. Kadipaten Ayah dhewek statuse dihapus tur digabung karo wilayah liyane.


mBalik ming: Kabupaten Banjarnegara