Tawon

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Tawon buruh

Tawon kuwe saklompok gedhé srangga sing dikenal amarga seneng urip nglompok utawa mentuk koloni sanajan sejatiné ora kabèh sifaté kaya mangkono. Tawon sing urip ndhéwé ora nang klompok kasebut tawon solitèr. Tawon klebu nang suku/familia Apidae (ordo Hymenoptera: srangga kanthi swiwi slaput). nang donya ana kira-kira 20.000 spesies tawon sing teyeng ditemokna nang saben bawana, kejaba Antartika.

Minangka srangga, tawon nduwé telung pasang sikil lan rong pasang swiwi. Tawon nggawé susuhé nang dhuwur wukir, nang wit kayu lan nang gendhèng omah. Susuhé digawé saka malam sing ana nang awaké. Tawon mangan nektar kembang lan serbuk sari.

Nang sawijining klompok tawon utawa koloni, ana pambagéyan tugas selaras karo wangun awaké, yakuwe:

  • Tawon ratu, mung ana siji nang saben koloni lan ngawal kabèh kegiyatan tawon lanang lan wadon. Komposisi kromosomé diploid saéngga bias ngasilna keturunan. Awaké luwih gedhé amarga wiwit isih larva diwènèhi pangan royal jelly sing akèh khasiyaté. Tugas utamané kawin lan ngendhog. Tawon ratu sing aktif bias ngendhog kurang luwih 2.000 butir sedina. Uripé tawon ratu kuwe telung taun.
  • Tawon wadon kang dikenal uga minangka tawon buruh. Tawon kiye nglumpukna serbuk sari lan nektar. Madu arupa prodhuk asil pangolahan panganan kiye nang njeron awak lan disimpan nang susuh tawon minangka panganan, kalebu kanggo larva lan pupa. Ana uga tawon wadon sing tugasé ngresiki susuh lan njaga anak-anak tawon. Uripé tawon buruh kuwe telung sasi utawa luwih sithik. Tawon wadon kawangun tanpa liwat perkawinan ("partenogenesis") lan mandhul (steril) amarga mung nduwé sak sèt kromosom (haploid).
  • Tawon lanang, tugasé ngawini tawon ratu lan bakal mati sawisé kawin. Tawon lanang arupa tawon asil perkawinan (saéngga diploid) sing diwènèhi pangan nektar lan madu biasa (dudu "royal jelly").

Pranala njaba[sunting | besut sumber]