Panen Sarang Burung Walet

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Upacara adat kiye dianakna nang Desa Karang Bolong, Kecamatan Gombong, Kabupaten Kebumen]], pas Mangsa Kesanga nang Penanggalan Saka utawa kalender Jawa. Kuwe ialah wektu sing paling cocok nggo panen sarang burung walet.

Miturut kepercayaan, sing nduweni sarang burung walet nang desa Karang Bolong kuwe ialah Nyi Roro Kidul, penguasa laut kidul. Mulane ben ora kenang musibah, pemanen sarang walet kudhu nglakoni rangkaian ritual adat sing intine sebagai upacara keselamatan. Upacara adat kiye dipimpin Pak Mandor.

Sesajen nggo Ratu Kidul disiapna antarane: kain lurik hijau gadung, udang wulung, selendang, kasur, karo bantal putih ditambah penganan sesaji sing dipercaya disenengi Nyi Roro Kidul.

Nang bibir Gua Contoh nang Pantai Karang Bolong, disiapna juga pagelaran wayang kulit, kabeh Perangkat Gamelan disiapna juga Penayagan.

Bar kabeh persiapan kuwe rampung Dalang molai maca Mantra sebagai pambuka pagelaran. Dheweke njaluk ijin maring Sang Bahureksa, penguasa laut lidul termasuk pengikute antarane Joko Suryo, Suryawati, Den Bagus Cemeti, Kiai Bekel, karo Kiai Surti, kanggo keselamatan acara panen sarang burung walet ngesuke.

Sejarah[sunting | besut sumber]

Upacara adat kiye ialah amanah leluhur. Gemiyen, jere wong tua, Kiai Surti ialah utusan Kerajaan Mataram Kartasura, dheweke ditugasi nggolet tamba/obat kanggo permaisuri sing agi lara, ngantek akhire Kiai Surti tiba nang Pantai Karang Bolong kiye.

Kiai Surti lantes mertapa ngantek akhire olih wangsit sekang Dewi Suryawati, anak buahe Nyi Roro Kidul. Sang Dewi aweh pentunjuk nek obat sing digolet kuwe ialah sarang burung walet sing ana nang jero Goa Karang Bolong. Singkat crita, permaisuri akhire mari.

Bar peristiwa kuwe Kiai Surti akhirnya nikah karo Dewi Suryawati secara batin.

Nang pagelaran wayang kulit, ana aturane ialah tokoh nang wayang ora olih gugur nang medan perang, sebab nek nang pergelaran kuwe ana sing mati, diyakini bakal ana pemetik sarang walet sing kenang musibah.

Puncak upacara ditutup karo acara kenduren sing dibarengi karo Tayuban utawa pagelaran tari Tayub.

Ngesuke, acara metik sarang burung walet dipercaya bakal aman sebab wis olih restu sekang Nyi Roro Kidul, kaya kuwe....