Serat Jayabaya

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran.

Tanah Jawa kalungan wesi.

Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang.

Kali ilang kedhunge.

Pasar ilang kumandhang.

Iku tandha yen tekane jaman Jayabaya wis cedhak.

Bumi saya suwe saya mengkeret.

Sekilan bumi dipajeki.

Jaran doyan mangan sambel.

Wong wadon nganggo pakeyan lanang.

Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking jaman.

Akeh janji ora ditetepi.

Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe.

Manungsa padha seneng nyalah.

Ora ngendahake hukum Sang Hyang Widhi.

Barang jahat diangkat-angkat.

Barang suci dibenci.

Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit.

Lali kamanungsan.

Lali kabecikan.

Lali sanak lali kadang.

Akeh bapa lali anak.

Akeh anak wani nglawan ibu.

Nantang bapa.

Sedulur padha cidra.

Kulawarga padha curiga.

Kanca dadi mungsuh.

Akeh manungsa lali asale.

Ukuman Ratu ora adil.

Akeh pangkat sing jahat lan ganjil.

Akeh kelakuan sing ganjil.

Wong apik-apik padha kapencil.

Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin.

Luwih utama ngapusi.

Wegah nyambut gawe.

Kepingin urip mewah.

Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka.

Wong bener thenger-thenger.

Wong salah bungah.

Wong apik ditampik-tampik.

Wong jahat munggah pangkat.

Wong agung kasinggung.

Wong ala kapuja.

Wong wadon ilang kawirangane.

Wong lanang ilang kaprawirane.

Akeh wong lanang ora duwe bojo.

Akeh wong wadon ora setya marang bojone.

Akeh ibu padha ngedol anake.

Akeh wong wadon ngedol awake.

Akeh wong ijol bebojo.

Wong wadon nunggang jaran.

Wong lanang linggih plangki.

Randha seuang loro.

Prawan seaga lima.

Dhudha pincang laku sembilan uang.

Akeh wong ngedol ngelmu.

Akeh wong ngaku-aku.

Njabane putih njerone dhadhu.

Ngakune suci, nanging sucine palsu.

Akeh bujuk akeh lojo.

Akeh udan salah mangsa.

Akeh prawan tuwa.

Akeh randha nglairake anak.

Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne.

Agama akeh sing nantang.

Prikamanungsan saya ilang.

Omah suci dibenci.

Omah ala saya dipuja.

Wong wadon lacur ing ngendi-endi.

Akeh laknat.

Akeh pengkianat.

Anak mangan bapak.

Sedulur mangan sedulur.

Kanca dadi mungsuh.

Guru disatru.

Tangga padha curiga.

Kana-kene saya angkara murka.

Sing weruh kebubuhan.

Sing ora weruh ketutuh.

Besuk yen ana peperangan.

Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor.

Akeh wong becik saya sengsara.

Wong jahat saya seneng.

Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul.

Wong salah dianggep bener.

Pengkhianat nikmat.

Durjana saya sempurna.

Wong jahat munggah pangkat.

Wong lugu kebelenggu.

Wong mulya dikunjara.

Sing curang garang.

Sing jujur kojur.

Pedagang akeh sing keplarang.

Wong main akeh sing ndadi.

Akeh barang haram.

Akeh anak haram.

Wong wadon nglamar wong lanang.

Wong lanang ngasorake drajate dhewe.

Akeh barang-barang mlebu luang.

Akeh wong kaliren lan wuda.

Wong tuku ngglenik sing dodol.

Sing dodol akal okol.

Wong golek pangan kaya gabah diinteri.

Sing kebat kliwat.

Sing telah sambat.

Sing gedhe kesasar.

Sing cilik kepleset.

Sing anggak ketunggak.

Sing wedi mati.

Sing nekat mbrekat.

Sing jerih ketindhih.

Sing ngawur makmur.

Sing ngati-ati ngrintih.

Sing ngedan keduman.

Sing waras nggagas.

Wong tani ditaleni.

Wong dora ura-ura.

Ratu ora netepi janji, musna panguwasane.

Bupati dadi rakyat.

Wong cilik dadi priyayi.

Sing mendele dadi gedhe.

Sing jujur kojur.

Akeh omah ing ndhuwur jaran.

Wong mangan wong.

Anak lali bapak.

Wong tuwa lali tuwane.

Pedagang adol barang saya laris.

Bandhane saya ludhes.

Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan.

Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara.

Sing edan bisa dandan.

Sing bengkong bisa nggalang gedhong.

Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil.

Ana peperangan ing njero.

Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham.

Durjana saya ngambra-ambra.

Penjahat saya tambah.

Wong apik saya sengsara.

Akeh wong mati jalaran saka peperangan.

Kebingungan lan kobongan.

Wong bener saya thenger-thenger.

Wong salah saya bungah-bungah.

Akeh bandha musna ora karuan lungane. Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe

Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram.

Bejane sing lali, bejane sing eling.

Nanging sauntung-untunge sing lali.

Isih untung sing waspada.

Angkara murka saya ndadi.

Kana-kene saya bingung.

Pedagang akeh alangane.

Akeh buruh nantang juragan.

Juragan dadi umpan.

Sing suwarane seru oleh pengaruh.

Wong pinter diingar-ingar.

Wong ala diuja.

Wong ngerti mangan ati.

Bandha dadi memala.

Pangkat dadi pemikat.

Sing sawenang-wenang rumangsa menang.

Sing ngalah rumangsa kabeh salah.

Ana Bupati saka wong sing asor imane.

Patihe kepala judhi.

Wong sing atine suci dib