Menyang kontèn

Kudhi

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Bentuke Kudhi
Bentuke Kudhi

Kudhi ya kuwe salah sijine gaman tradisonal sing landep khas Banyumasan, jenis gaman kiye uga dikenal nang tlatah Jawa liyane nganti nang pulau Madura. Gunane gaman kiye ya kuwe alat nggo ngethok-ngethok sing nduwe punuk nang ngingsore. Dong jaman kuna, gaman kiye nglambangna daulat karo kuasane wong, dadi mandan sakral lan nduwe karakter sing nyatu karo wong-wong sing nduwe kuasa dong jaman ndipit, anggepan kiye kanggo ngantek abad ke 19. Angger nang tlatah Sunda, Kudhi kiye arep pada bae karo Kujang. Ukuran asline jaman ganu jane mandan cilik, ujude akeh jenise, ana sing jenenge Kudhi Peksi, Kudhi Wayang lan liya-liyane. Jaman siki, bentuk lan ukuran Kudhi wis dipadakna karo gunane (lewih pragmatis).

Kudhi, siki dadi salah siji tengere Banyumasan, malahan ana paguyuban-paguyuban Banyumasan sing nganggo gambar Kudhi nggo lambang utawa logo paguyubane.