ß
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
- Kanggo pasukan Jerman dong masa Jerman Nazi sing jenenge Schutzstaffel, deleng pasukan SS.
ß – uga disebut Eszett, Scharfes S, Straßen-S, Buckel-S, Ringel-S, Rucksack-S utawa Dreierles-S yakuwe salah siji aksara ligatur sing dienggo nang penulisan basa Jerman, kecuali nang Swiss.
Aksara kiye nglambangna swara /s/ utawa nang tulisan "ss" utawa "sz". Nek aksara kiye ora ana dadine aksara "s" sing detulis ping pindo teyeng dienggo.
Huruf kapital [sunting]
Tembe wiwit taun 2006 aksara kapital kanggo eszett "diresmikna". Senajan eszett ora tau ana nang ngarep tembung, penulisan judul sing nganggo aksara gedhe/kapital kabeh maraih ana pihak sing njaluk/kepengin anane bentuk kapital kiye.
