Tembung lemes
Tembung lemes atawa kecap lemes (aksara Sunda baku: ᮊᮨᮎᮕ᮪ ᮜᮨᮙᮨᮞ᮪) ya kuwé salah siji jinis tembung nang basa Sundha sing dienggo nang basa hormat ka batur. Lemes artiné alus atawa sopan. Kabèh tembung lemes mesthi ana padhané karo tembung loma, artiné tembung lemes selain minangka tembung sing digunakna kanggo ngurmati wong liya, uga tumrapé tembung-tembung lemes liyané, kaya tembung lemes pisan (alus temen, tembung lemes sing lewih dhuwur), tembung lemes dusun (alus dhusun, tembung lemes sing ora baku) lan tembung lemes énténg (tembung lemes sing netral atawa ora dikhususna kanggo wong liya atawa dhéwé).
Nang kamus-kamus atawa buku tatabasa Sundha, tembung lemes ditandai L., lem. atawa l.
Conto
[sunting | besut sumber]Nang isor kiye tembung lemes karo padhané nang tembung loma.
Banyumasan | Loma | Lemes |
---|---|---|
adus | mandi | siram |
kepéngèn | hayang | palay |
mangan | dahar | tuang |
nginum | nginum | ngaleueut |
mlaku | leumpang | nyacat |
endhas | sirah | mastaka |
gulu | beuheung | tenggek |
Cathetan sikil
[sunting | besut sumber]Rujukan
[sunting | besut sumber]- Coolsma, S. (1985). Tata bahasa Sunda. Jakarta: Djambatan. OCLC 13986971. https://archive.org/details/tata-bahasa-sunda.
Pranala njaba
[sunting | besut sumber]Deleng Kategori:Kata lemes nang Wiktionary, bausastra gratis. |
Wikimedia Commons nduweni kategori mengenai Tembung lemes |