S. Bagyo

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Sedulur-sedulur penginyongan Banyumas Raya kayonge esih kemutan, ndhisit tau ana grup lawak S. Bagyo Cs, sing telung anggotane liyane: S. Bagyo, S. Diran, S. Darto asli Banyumas Raya. Siji thok sing asli tlatah Pasundan ya kuwe Sol Soleh. S. Darto sedurunge nyewiji kambi Kwartet S sing anggotane Ateng, Iskak, S. Bagyo kambi Eddy Sud.

Inyong arep ndongeng salah sijine anggota grup lawak Bagyo Cs, kebanggan Banyumas Raya sing lahir neng Purwokerto 17 Maret 1943, depundhut neng arsane Gusti Allah 15 Agustus 2004.

Neng Jawa Tengah, jaman gemiyen ana telung grup wayang wong sing jenenge misuwur banget, ya kuwe: WO. Ngesti Pandawa Semarang, WO. Sri Wedari Solo karo WO. Sri Surya Purwokerto. WO. Sri Surya mangkale neng grumbul Tipar, sewetane pertelon Jl. Kalibener, bose asmane Winoto.

Pak Winoto, sejatine bapane pelawak S. Darto. Mulane aja padha gumun, ari WO. Sri Surya agi manggung, S. Darto melu mayang dadi salah sijine anggota punakawan, ya kuwe Bawor. Lha sing dadi Petruk, pak Winoto dhewek. Merga S. Darto golr ngayahi lakon Bawor pas banget, WO. Sri Surya angger manggung neng ndi ora sing nonton mbludag.

WO. Sri Surya gole manggung ora mangkruk neng gedhong City Theater (sing siki gedhong RRI Purwokerto), ningen moyang-mayeng. Sing wis pesti angger Ratu Juliana tumbuk warsa (Ultah), WO. Sri Surya dtanggep neng pasar malem alun-alun Purwokerto sedawane telung puluh dina. Uga, cokan manggung neng Panti Soemitro sing njemugrug neng Jl. Ragasemangsang, lapangan Brobahan mburi RRI Purwokerto, lapangan Kebondalem (siki dadi komplek pertokoan Kebondalem). Paling keri, WO. Sri Surya manggung neng gedhong bioskop Indra (siki gedhong kesenia Soetedja)

Rikala WO. Sri Surya agi manggung, jenenge WO> Sri Surya agi moncer-moncere, S. Darto sing dadi pelakon Bawor padu karo tukang becak sing gawene mangkal neng gonggoman gedhong bioskop Indra. Merga tukang becak sing becake detumpaki nyathut rega. S. Darto ora trima, banjuran dheweke keceplosan omong kambi nantang gelut.Aja maning kur karo rika, kambi tukang becak kabe be inyong wani koh,” omonge S. Darto.

Merga omongane, S. Darto degrudug tukang becak ngendheng-endheng pisan. Basa kaya kuwe, S. Darto gagean ngilang jebule aring Stasiun Raya Purwokerto, nyeplak sepur aring Jakarta. Neng Jakarta, S. Darto nggabung kambi S. Bagyo. Malah, neng Jakarta S. Darto sengsaya moncer karo henenge dadi malik Darto Helm, merga sirahe sing buthake kayong agi nganggo helm.

Merga padu banjur degrudug tukang becak ngendheng-endheng, S. Darto dadi lunga maring Jakarta, banjur malah jenenge moncer neng Jakarta. Insiden padu karo degrudug tukang becak Purwokerto ngendheng-endheng, kanggo Darto Helm malah nggawa berkah. Dheweke ping kopang-kaping methungul neng TVRI Pusat, neng acara Aneka Ria Safari, dadi pelawak Nasional, bareng S. Bagyo, S. Diran kambi Sol Soleh. Kosok balene, WO. Sri Surya dadi kelangan pelakon Bawor sing dadi maskote. WO. Sri Surya sing siji-sijine tontonan kesenia lokal neng Banyumas. Selot suwe, pamor WO. Sri Surya mbleret.

Rikala RRI Purwokerto neng awal taun seketan nganakna lomba dhagelan, ana bocah umuran sekolah SMA ndaptar. Merga sing melu lomba ngendheng-endheng, panitia mbatesi saben sewong kur limang menit kanggo ngaksi neng panggung. Seliyane wektune sing mepet, penontone lomba dhagelan kiye galak-galak karo mbloak-mbloak. Buktine, angger pendhagel-pendhagel sing durung lucu nembe munggah pangung, penontone padha ngorong-orong, “Medhuuunn! Medhuunn!” Kepriwe dhagelan-dhagelan sing arep depamerna aring juri ora buyar, angger nembe nylingkrig panggung wis degalaki neng penontone? Selucu-lucune sing melu lomba, angger mentale ora kuat mesthi grogi! Dadine ora sida lucu, iya mbok? Ora beda kambi pendhagel sing siji kiye, dheweke uga debentak-bentak kon medhun sekang panggung, “Mundur.. Mundurrr!” malah dependeliki. Angger pendhagel liyane diblekeri kon medhun banjur tangane nlethek karo dhengkule gemeter, ningen kanggo bocah nom-noman kiye ora. Malah, penontone dependeliki.

“Inyong nembe munggah pangguh deweih wektu kur limang menit koh dekon medhun?” omonge aring penonton, penonton banjuran padha klakep meneng. Penontone padha gumun karo bocah nom-noman kiye sing mentale kuat pisan, ora kaya pendhagel liya-liyane.

“Inyong arep miwiti dhagelan, inyong arep maca geguritan. Judule, GENI.” Bettt, lampu panggung banjur desidhem. Bocah nom-noman kiye gagean ngetokna korek jes sekang sak kathoke. Koreke banjur deurubna. Byar. panggung dadi padhang.

Dheweke nempelna tutuke aring urube geni kuwe, karo ngomong, “MATI!” Bett, urube penthol korek jes banjuran mati merga kedamu. Panggung peteng ndhedhet maning.

Bocah nom-noman kiye gagean ngloyor medhun panggung. Merga gedhong tontonan neng njero RRI peteng ndhedhet, penonton padha ora ngira ngger wis njagong maning neng kursi penonton.

Rikala panitia wara-wara sing dadi juara dhagelen, bocah nom-noman sing jebule jenenge S. Bagyo dadi juara siji. Hadiahe ayam jago. Seploke menangi lomba dhagelan RRI Purwokerto, S. Bagyo dadi laris entuk tanggapan manggung acara-acara perpisahan sekolahan neng kota Purwokerto. Uga, laris diceluk kanggo ngramekna acara-acara komersial.

Angger wis neng ndhuwur panggung, ngawekani gole ndhagel sengsaya lucu, penonton-penontone padha mbalangi bungkusan rokok, untel-untelan dhuwit apa bungkusan-bungkusan panganan kanggo saweran. Gandheng Siswo Soewarno bapane S. Bagyo pamong praja (Asisten Wedana/Camat SUmbang), dadi nggadhang-gadhang anak lanange nuruni bapane dadi ambtenaar. Sewise namatna SMA karo STM (nduwe rong ijazah), dheweke banjur nerusna kuliah neng Fakkultas Hukum UGM Yogyakarta. Hobine ndhagel neng Yogya sengsaya kepupuk, merga neng kana uga menangna lomba dhagelan.

Ningen, apa S. Bagyo dadi Sarjana Hukum merga nutugna kuliahe? Apa dheweke sengsaya moncer neng jagad dhagelan merga ketungkul srawung kambi daseng manggung neng wong-wong sekang komunitas dhagelan Mataraman kaya dene Basiyo, Drajat karo Atmonadi?

Taun 1950-1955, S. Bagyo ndhagel sekang panggung siji aring panggung liyane neng tlatah Purwokerto-Yogya bareng Drajat. Taun 1956, daseng manggung bareng neng tokoh dhagelan Mataram sing kewentar banget, ya kuwe Pak Guno. Neng Yogya, S. Bagyo kuliah nyambi ndhagel, apa ndhagel nyambi kuliah? Sing cetha, hobi ndhagele depolna.

Rikala ana festival dhagelan neng Yogya, S. Bagyo ndaptar. Ora merga ndilalah, merga bakat ndhagele ngedab-edabi, dheweke nyabet juara siji. Basa ana festival dhagelan maning, S. Bagyo ndaptar maning. Eh… dheweke ya menang maning. Sedheng Eddy Soed karo Iskak dadi juara loro kalo telune. Jaragan anu bakat ndhagele gedhe, mbuh kepriwe-priwe ngger melu lomba ya mesthi akeh menange.

S. Bagyo neng Yogya kondang merga pinter nggawe kaku wetenge penonton. Dialek ngapak-ngapake tumrap wong Yogya merguyokna pisan. Taun 1957, S. Bagyo ngedegna grup dhagelan bareng Eddy Soed karo Iskak. Sewijine ndina, Usmar Ismail ngonangi bakate pas agi manggung. Tokoh pilem nasional kuwe ngaseng hijrah aring Jakarta, ningen durung gelem. Nembeke gelem nerusna karir ndhagel neng Jakarta basa Hardjo Muljo pendhagel gaya Mataraman sing lewih ndhisit kiprah neng Jakarta ngaseng boyong. Partner ndhagele kaya dene Eddy Soed karo Iskak uga daseng.

Kuliahe neng Fakultas Hukum UGM detinggal. Dheweke ngubur kekarepane bapa Siswo Soewarno dadi ambtenaar. Taun 1960 dadi taun gebragane trio EBI (Eddy Soed, Bayo karo Iskak) neng Jakarta, merga daseng Hardjo Mulyo ngambah jagad pilem nusantara. Entuk roll lumayan neng pilem Gaya Remaja. S. Bagyo uga tau gabung karo Bing Slamet, Cepot, Mang Topo karo Mang Udel (Drs. Poernomo) Seploke pilem Gaya Remaja diputer neng gedhong-gedhong bioskup, trio EBI deceluk manggung nganah-ngeneh. Tumrap trio EBI, ora angel kiprah neng jagad hiburan Jakarta.

Bar kuwe main pilem kuwe, banjur desusul neng pilem Detektip Dangdut, Lompong Sagu, Mat Dower, Buah Bibir (skenario S. Bagyo), Ateng Pendekar Aneh karo Pulau Putri (scenario S. Bagyo) uga akeh pilem liyane sing deramekna S. Bagyo karo trio EBI-ne. Taun 1961, basa wis mlaku pirang tahun, Eddy Soed metu sekang Trio EBI, posisine degenti Atmonadi. Formasi S. Bagyo, Iskak karo Atmonadi ora tahan suwe, merga Iskak uga metu. Taun 1963, Iskak karo Ateng nggawe grup dhagelan anyar.

Taun 1973-1983, S. Bagyo banjuran ngaseng nyewiji S. Darto, S. Diran (loro-lorone weton Banyumas Raya) karo Sol Soleh (sekang tlatah Sunda) nggawe grup dhagelan maning. Saben manggung, kelompok kiye nganggo jeneng Bagyo cs. Taun 1983 Sol Soleh metu, tekan taun 1993 kur teluan kambi S. Darto karo S. Diran.

Rikala Indonesia nembe nduwe stasiun TV ijen, ya kuwe TVRI, sapa wonge sing ora ngerti S. Bagyo karo grupe? Tela iya koh, Bagyo cs tau ngaru biru jagad dhagelan nusantara! Gandheng ewa semana durung akeh sarana hiburan, angger TVRI wis wara-wara arep ngetokna S. Bagyo cs neng acara Kamera Ria / Aneka Ria Safari sing danakna saben malem Kemis, tekane malem Kemis dadi katon suwe banget. Maklum, wong Indonesia padha selek kepingin ndeleng Bagyo cs. Meh kabeh wong Indonesia padha lithongan neng TV-ne. Sing durung nduwe TV, padha nunut nonton nggone tanggane. Nek ora, padha nonton TV umum sing depasang neng lataran kelurahan utawa kecamatan.

Wis ping kopang-kaping, S. Bagyo dadi bintang iklan, salah sijine merk micin Ajinomoto. Karo nyurung grobogan bakso, S. Bagyo ngomong, “Langganan Non! Cup… cup.. Ajinomoto, hllllppp!” kiye ucapane S. Bagyo sing ora ilang-ilang neng alam pikirane wong Indonesia.

“Kalau sudah duduk lupa berdiri,” ucapane kanggo prodak furniture merek Ligna. “Eh, copot .. Copot..” ucapane liyane sing kondhang banget, sing dadi ciri khas latah karo kagetane neng pilem-pilem utawa neng panggung. S. Bagyo kerep banget dadi bintang iklan layanan masyarakat neng media elektronik karo cithak, salah sijine kanggo program Keluarga Berencana. Magane, rikala pemerintah agi kenceng-kencenge propaganda program KB, anake rendhel pisan, cacahe sanga, hahaha.

Karir • Pelawak bersama Dradjat (1950-1955) • Pelawak bersama Pak Guno (1956) • Bergabung dengan Eddy Sud dan Iskak (1957) • Bergabung dengan Bing Slamet, Cepot, Mang Topo, dan Saimun • Bergabung dengan Iskak dan Atmonadi (1961) • Bergabung dengan Iskak dan Ateng (1963) • Bergabung bersama Sol Saleh, Darto Helm, Diran (1970-1983) • Pelawak bersama Diran dan Darto Helm (1983-1993) Filmografi • Berabe 1960 • Darah Tinggi 1960 • Gaja Remadja 1960 • Istana yang Hilang 1960 • Lompong Sagu 1960 disutradarai oleh [[L.K. Hasanudin] • Mak Tjomblang 1960 • Si Djimat 1960 • Teruna Djenaka 1960 • Kuntilanak 1961 • Djakarta By Pass 1962 • Tudjuh Pahlawan 1963 • Matt Dower 1969 disutradarai oleh Nya Abbas Akup • Tantangan 1969 disutradarai oleh Pitrajaya Burnama • Buah Bibir 1972 • Ketemu Jodoh 1973 disutradarai oleh S.A. Karim • Lagu Untukmu 1973 • Si Janda Kembang 1973 • Telesan Air Mata Ibu 1974 • Aladin 1975 disutradarai oleh Matnoor Tindaon • Benyamin Koboi Ngungsi 1975 disutradarai oleh Nawi Ismail • Keluarga Sinting 1975 • Ateng Sok Tau 1976 • Boss Bagio Dalam Gembong Ibukota 1976 • Detektif Dangdut 1976 • Hippies Lokal 1976 • Manusia Purba 1976 • Tarsan Pensiunan 1976 • Ateng Pendekar Aneh 1977 • Ateng Sok Aksi 1977 • Donat Pahlawan Pandir 1977 • Koboi Cilik 1977 • Pulau Putri 1977 • Senyum Nona Anna 1977 • M-5 1978 disutradarai oleh Askur Zain • Tuyul Perempuan 1979 disutradarai oleh Bay Isbahi • Jeritan Malam 1981 • Sang Guru 1981

Artikel kiye ana sing tek jukut sekang http:sumpiuh.com karo sumber-sumber liane sing cocok karo kahanan tulisan