Parembugan Naraguna:PAHONJEAN RENDEZVOUS

Konten halaman tidak didukung dalam bahasa lain.
Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

HONG-HONGAN[besut sumber]

Esih kemutan mbok? dolanan kiye? dolanan jonjang pas ndipit jaman dewek cilik, bocah cilik siki esih pada dolanan ora? ya moga-moga esih pada dolanan, dadi ora ilang dolanan tradisional hong-hongan kiye.

Dolanan hong-hongan ora butuh alat akeh, mukur butuh tepes pirang tumpuk thok, wis bisa dolanan hong-hongan, ora keakehan sarat mbok? men bisa dolanan hong-hongan, butuh bocah mandan akeh, men rame, jane ya wong telu cukup, sing masang siji, sing umpetan loro, tapi kan ora rame? biasane nek dolanan hong-hongan kuwe nang nggon sing amba, jembar lah, soale dolanan karo playon, ra mukur umpetan. mulane bocah-bocah ndipit sehat-sehat ra kurimen, jonjangane mesti akeh playon sih?

Dadi pertamane, nek arep dolanan, biasane pada hompimpa gisit, nek gari wong loro gari sutder, nah sing kalah kuwe singmasang gisit. tepes ditumpuk nyilang, sampekan kira-kira rong kilan lah duwure, diluwihi siji nggo gacone utawane cirine , tumpukan tepes karo gacone mau manggone nang bunderan, dadi gacone mau ora ulih metu bunderan pas dolanan kiye urung rampung.nek pas dolanan kewenangan gacone metu sekang bunderan, nek wis ditata, salah siji bocah sing menang nyrampang tumpukan tepes mau karo gacone, seknang jarak sing wis ditentukna, biasane ping telu batese, lah, konsekuensine, nek ora rubuh tumpukan tepese, bocah sing nyrampang mau kalah, dadi deweke masang.

La nek wis bubyar tumpukan tepese, bocahan pada mlayu pating slebar dewek-dewek, sing masang kudu nata maning tepese secepete. bocah-bocah sing umpetan digoleti nang bocah sing masang, nek ketemu ngomong " HONG!!!" trus disebutna jenenge, contone, HONG Kasrun, Hong Tuslam, ap HONG Samini, deneng ana cah wadone? ya iya, dolanan kiye ra mukur go bocah lanang, cah wadon ya bisa melu dolanan. nek wis kewenangan trus disebut jenenge, bocah kuwe rung mati, tapi esih duwe kesempatan nggo nendang tumpukan tepes mau sampe bubyar, tapi kudu cepet-cepetan karo sing masang, tapi nek sing masang mlayune nguber gaco, dadi nek sing masang wis ngidek gaco, berarti wis sah, bocah mau mati nang dolanan kiye, nunggu dolanan dimulai maning. tapi nek bisa mbubyarna tumpukan tepes gisit, otomatis dolanan dimaulai sekang awal maning, langsung pada mlayu umpetan bocah-bocah sing wis pada mati nang dolanan kiye, ora kya pertama ndadak nyrampang tumukan tepes dipit, keculi bocahan ketemu kabeh, langka sing bisa mubyarna tumpukan tepes mau, dolanan dimulai sekang awal maning, bocah sing pertama kena masang, terus sing nyrampangna tepese sing bar masang, nek ping telu tumpukan tepese ora bubyar, ya masang maning, tupukan tepese di bubyarna maning, bocahan pada mlayu umpetan maning. lah pokoke rame lah dolanan kiye.

Kang, Yu, Ramane,Biyunge,Kakine, Ninine, esih kemutan mbok, nek nang jonjangan kiye ana tembangan" TUNGGU CIRI< CIRINE PECAH< UYAEH WUTAH" tembangan kiye nggo bocah sing masang, tapi ra wani nggoleti bocahan sing lagi umpetan, mukur nang njero bunderan tok karo ngideki gacone mau, mbok pas ditinggal nggoleti bocah sing umpetan, sekang mburi ana bocah sing nendang tumpukan tepese mau si? kecing lah, rawani playon, bocah kaya kuwe ya dikapokna bae biasane, carane sing pertama, bocahan sing umpetan pada metu bareng-bareng regudug, dadi bocah sing masang bingung tur ora sempet nyebutna jeneng-jenenge, biasane merga bingung bocah sing masang ngomong HONG SEKABEHANE, tapi hong sekabehane sih apa? ra payu nang jonjangan kiye, ra sah, he he he he, sing keloro, biasane pada ijol-ijolan klambi, dadi bocah sing masang, salah nyebutna jeneng, duh jaman ndipit pada gudigen je lah, ya gudige nular nang bocah se RT? wkwkwkwkwk. lah kiye sing paling ngenes sedulur, bocah sing lagi masang tapi tunggu ciri, kiye gelem malah ditinggal balik nang bocahan sing pada umpetan mau, ya nek ditinggal balik meng umaeh dewek-dewek, kadang-kadang malah ditinggal jonjangan nang nggon lianae maning, ngenes mbok, ditungguni nemen-nemen, malah lagi pada jonjangan dewek? ngenes mbok lah? kuwe sing jenenge bocah sing masang mau, DIKAPOKNA!!! dikapoknan mergane bocahe mukur tunggu ciri sih? TUNGU CIRI CIRINE PECAH UYAEH WUTAH

Ya kuwe sedulur, jonjangan tradisional sing marakna awak sehat merga playon, ro nglatih mental, wani didu mlayu siji lawan siji, utawane nek keclongan, ya kudu legowo nrima kalah maning, soale kurang teliti ngematna nggon umpetane bocahan utawane, strategine kurang jos, nek aku mah biasane nek keduman masang, aku melu umpetan nang nggon sing kira-kira edek sekang gacone mau, dadi nek ana bocah arep nendang, tek dori, Hong KASRUN!!! kasrun ra ngerti aku umpetan, ndarani aku lagi nggoleti bocahan liyane sing lagi umpetan. yuh pada jonjangan hong-hongan maning lah, , , men rame ndesane dewek nang bocah jonjangan, ora ramenen pas badan thok!

Sumpil[besut sumber]

Sapa lah wong Banyumas sing ra ngerti pangana kiye? pokoke panganan wajib nek pas badan lah, dipangane karo jangan kering tempe, ya wis lah, nylekamin pisan, ndluhim lah. sumpil digawe sekang beras biasa, udu beras ketan, pancen ketone keket banget kaya sekang ketan, tapi kekete merga madet,meh kaya kupat, tapi kiye dibungkuse karo godong pring.wujude segitelu, dadi amben pojokane lancip kaya kukusan.

Bahan-bahan nggo gawe sumpil kiye alami kabeh, ra ana pewarna apamaning pengawete,sing genah beras lah ya, godong pring, trus giting. wis werna telu tok kuwe, . lan kabehane kuwe ya genah ana nang nggone dewek, nek umahe rika mburutane kebon pring ya malah gari nganjaki tok mbok gole ngepet godong pring, giting ya anu saben umah duwe wit krambil, bebeh menek ya gari nyeseti klari nang pedangan. dibelek dadi loro gitinge nek kegeden, tugeli lancip-lancip, kira-kira telung sentian lah, ya wis dadi giting lah, penak mbok?

Cara nggawene, sing genah ya berase dipususi gisit, dibuangi watu karo gabaeh, men rasik, masa nyakot sumpil ulieh watu? ya ra sida mangan? bar dipususi, berase diangin-angina utawane ditirisna, men berase ra patia teles, dadi kepenak gole madahine. godong pring sing arep nggo mbungkus sumpil sedurunge dikethoki gisit bongkot ro pucuke, men rapih tur ya men bongkote ra nyowek godong pringe, dadi sumpile ora bolong. pertama-tama godong pring sing pucuk digawe congthongan, kaya chontong kacang lah, tapi sing pucuke thok, terus conthongane diisi beras secukupe, aja ngasi keluberen, men bar digodog ngko sekang pojokan sumpile ra metu sumpile, bar kuwe g esih dawa mau an godong pringe esih luwih dawa, digubed-gubedna meng aben sisi conthong segitiga mau, ngurut pokoke, sampe godongesarep entek, nah nek wis meh pol, bongkot godong pringe dislesepna aring lempitan godong pring sing wis digubed-gubedna mau, bar kuwe gari ditunyuk karo giting, men sumpile ra mubyar. dadi gunane giting go ngunci lah, men ra mubyar sumpile.

Nek wis dibungkus kabeh, bar kuwe gari digodog, gole nggodog ngenteni banyune umeb, men sumpile ora kemlirun, ketone mateng, tapi anu rung mateng lah, kuwe jenenge kemlirun. tanda-tandane mateng biasane nek godong pringe wis ganti warna dadi ijo lumut tua,utawane sumpile wis njembluk, ya mergane genah beras kan melar, dadi sumpile matenge njembluk.

Rasane sumpil kuwe anyeb,beda karo kupat, sing mandan ana rasa janure, nek sumpil ora, mergane godong pring pancen garing tur tipis, dadi ra patia ngandung zat godong. ya merga kuwe juga, sumpil dadi tahan sampe 2 dina ora mambu, mergane sumpil kuwe ora benyek kaya kupat. nek kupat sekang janur kan mandan mandan benyek yah, trus ya krasa janure? nek sumpil ora, tur warnane ya tetep putih, kaya sega biasa, ya aya kupat bungkus plastik, tapi ya tetep enak sumpil bae, mandan kenyal-kenyil juga sih. tapi mbuh nek siki wis ana sumpil rasa keju, apa barbeqiu, ya ora ngerti, tapi rung pernah menangi si, ket jaman niniku sampe biyungku, sampe siki ya sumpil rasane esih pada, pokoke lawuh mangan sumpil sing pas banget ya jangan kering tempe, wis lah, ra ketulungan pokoke, kelalen kabehane.