Awu vulkanik

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Awu vulkanik guwe awu sing asale sekang gunung api. Awu vulkanik bisa metu nek gunung api guwe njeblug, kaya sing urung suwe njeblug, tepate ganu pas tanggal 26 Oktober 2010 yakuwe Gunung Merapi, sing misahna Propinsi Jawa Tengah karo DIY. Dampak sekang njebluge gunung yakuwe anane awu vulkanik sing kegawa angin. Awu sing kegawa angin guwe bisa mbahayakna warga nang sekitare, utamane aring kesehatan. Awu vulkanik sering diarani pasir vulkanik, utawa ana sing diarani piroklastik.

Piroklastik[sunting | besut sumber]

Piroklastik guwe bahan material vulkanik sing metu kang gunung disemburna aring udara nalika gunung guwe njeblug.

Sekang ahli kesehatan paru sekang Rumah Sakit Omni Alam Sutera Tangerang, dr. Thahri Iskandar, SpP., nang prinsipse nalika gunung njeblug, jenis watu-watuan ditokna. “Kandungan yang terdapat dalam abu vulkanik sangat variatif” jere dokter lulusan Fakultas Kedokteran Universitas Brawijaya. Thahri ngandhakna, nek dibagi-bagi, kandungan sing ana nang awu vulkanik guwe terdiri sekang pasir karo watu, produk liyane kaya belerang, awan panas sing biasa disebut "wedhus gembel". Nah kabeh mau ya nduwe peran aring proses ngrusake kesehatan, khususe paru-paru.

Nek posisine dhewek perek karo gunung api, ya ora nutup kemungkinan nek dhewek ya bakalan perek karo awu vulkanik, awu guwe kemungkinan gedhe mlebu aring pernapasan. Sing bisa marakna saluran pernapasan dadi abuh utawa nek cara basa kedokterane mah ana pembengkakan mergane efek sekang udara sing panas. Sing marakna sesak napas, utawa bisa ngancem jiwa menungsa.

Nek awan guwe mau munggah aring angkasa sing bar guwe mbentuk awan panas, bisa marakna udan asam sing mbahayakna kesehatan utawa lingkungan. Kandungan racun sing ana nang awan panas mau bisa ngelongi kesuburan lemah karo matikna kewan. “Tapi, nek wong guwe ana nang posisi sing adoh, otomatis dampak nang kesehatan ya ora akeh, gejalane ya mung ringan”, ujare dokter mau.

Masalah nang paru-paru[sunting | besut sumber]

Beda maning nek wong guwe duwe masalah nang paru-paru, kaya penderita asma misale. Umume wong sing duwe riwayat asma, asmane bisa kumat. “awu vulkanik salah siji pencetus sing marakna serangan asma”. Seliyane asma, uga bisa marakna penyakit paru obstruktif kronik (PPOK) utawa penyakit sing disebabna nang gas utawa asap beracun lan bahaya.

Diomongna nang spesialis paru sekang Rumah Sakit Persahabatan, Dr Agus Dwi Susanto SpP, abu vulkanik bener-bener ngganggu kesehatan utamane nang paru, mata, lan kulit. Umume efek awu vulkanik nang paru-paru marakna iritasi soale sifat awu sing asam. Masyarakat ya diimbau kon nglindungi sekang bahaya, salah sijine nggunakna masker. Ya pancen masker ora bisa nglindungi 100% sih tapi ya mendingan.

Tips ngindari awu vulkanik[sunting | besut sumber]

Masker.

Tips nggo njaga kesehatan bab ngadepi bledug awu vulkanik:

  • Sing pertama, nek memungkinkan apike dhewek ngindari daerah-daerah sing kena zona awu
  • Nutup irung utawa nggunakna masker standar kesehatan soale bledug awu vulkanik tergolong mbahayani.
  • Nganggo kacamata men ora ngrusak slaput mata guwe awune
  • Nglindungi kulit sekang iritasi nganggo lotion utawa handbody
  • Ngresiki payon umah sekang awu secepete soale nek awu numpuk ya marakna ngambrolna gendheng
  • Ati-ati holih nyambut gawe nang nduwur bangunan umah
  • Nek sing arep lelungan, mending diurungna bae. Awu vulkanik isa ngrusak mesin motor soale.
  • Nek sing duwe riwayat penyakit paru-paru, mending ngindari kontak langsung kambi awu vulkanik
  • Sementara nang umah disit kambi ngenteni bleduge ngurangi.
  • Ngindari daerah-daerah sing rawan utamane komposisi awu sing akeh.
  • Aja wani-wani merek aring gunung mletus
  • Nek awan panas utawa wedhus gembel metu kang gunung kudu pada tanggap ngindhar, soale wedhus gembel bias ngobong wit-witan. Trus ya awu vulkanik sing metu ngandung zat bahaya.
  • Masyarakat kudu melu mantau informasi tentang gunung api sekang media cetak utawa elektronik.