Majapahit

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Bendera Majapahit

Majapahit kuwe salah sijiné kerajaan nang Indonesia sing tau ngadeg antarané taun 1293 nganti 1500 M. Kerajaan iki nemoni puncak kejayaanné lan dadi Kemaharajaan raya sing nguasai wilayah sing jembar nang jamané kekuasaan raja Hayam Wuruk, sing berkuasa sekang taun 1350 nganti 1389.

Surya Majapahit

Kerajaan Majapahit kuwe kerajaan Hindu-Buddha paling kéri sing nguasai Nusantara lan dianggep dadi salah sijine negara paling gedhe nang sejarah Indonesia.[1] Kekuasaanné nyebar nang Jawa, Sumatra, Semenanjung Malaya, Kalimantan, nganti Indonesia timur, senajan wilayah kekuasaanné ésih diperdebatna.[2]

Historiografi[sunting | besut sumber]

Bukti fisik peninggalané Majapahit mung ana setithik,[3] lan sejarahé ora jelas.[4] Sumber utama sing digunakna nang para sejarawan kuwe Pararaton ('Kitab Raja-raja') nang bahasa Kawi lan Nagarakretagama nang bahasa Jawa Kuno.[5] Pararaton utamané nyeritakna Ken Arok (sing ndirikna Kerajaan Singhasari) tapi uga nulisna setithik perkara kebentuké Majapahit. Lha nék Nagarakertagama kuwe puisi Jawa Kuno sing ditulis pas jaman jaya-jayané Majapahit nang ngisore pemerentahan Hayam Wuruk. Seuwise jaman kuwe, kedadian seterusé wis ora genah.[6] Seliyané kuwe, ana prasasti nganggo bahasa Jawa Kuno uga catatan sejarah sekang Tiongkok lan negara-negara sejen.[6]

Keakuratan kabeh naskah basa Jawa kuwe esih dipertentangna. ora teyeng disangkal nék sumber-sumber iku isiné unsur non-historis lan mitos. Sarjana kaya C.C. Berg nganggep nék kabeh naskah kuwe dudu catetan jaman gemiyen, tapi nduweni arti supernatural sing teyeng weruh masa depan.[7] Nanging esih akeh sarjana sing nganggep nék garis besaré sumber-sumber kuwe mau esih teyeng diterima jalaran pada karo catatan sejarah sekang Tiongkok, khususé daftar penguasa lan kahanan kerajaan sing keton cukup jelas.[4]

Sejarah[sunting | besut sumber]

Ngadegé Majapahit[sunting | besut sumber]

Arca Harihara, dewa gabungan Siwa lan Wisnu sing dadi penggambaran Kertarajasa. Panggonané mauné ana nang Candi Simping, Blitar, saiki wis dadi koleksiné Museum Nasional Republik Indonesia.

Sedurung ngadegé Majapahit, Singhasari wis dadi paling kuat nang Jawa. Perkara iki dadi perhatian Kubilai Khan, penguasané Dinasti Yuan nang Tiongkok. Deweke banjur ngirim utusan sing jenengé Meng Chi[8] maring Singhasari kanggo njaluk upeti. Kertanagara, penguasa kerajaan Singhasari sing paling kéri ora gelem mbayar upeti malah ngrusak rainé lan ngethok kupingé utusan kuwe.[8][9] Kublai Khan kesuh banjur ngirim ekspedisi gedhe maring ke Jawa taun 1293.

Waktu semono, Jayakatwang, adipati Kediri, uwis maténi Kertanagara. Amarga sarané Aria Wiraraja, Jayakatwang banjur ngaweh ampunan maring Raden Wijaya, mantuné Kertanegara, sing teka nyerahna awake dhewek. Raden Wijaya terus diwenehi alas Tarik. Dheweke banjur mbuka alas kuwe lan mbangun desa anyar. Desané dijenengi Majapahit, sing jenengé dijikot sekang buah maja, lan rasané sing "pahit" kuwe. Dong pasukané Mongol teka, Wijaya ngrewangi pasukan Mongol kanggo perang nglawan Jayakatwang. Tapi Raden Wijaya mbalik nyerang kanca Mongolnya dadine bangsa mongol kuwe kepaksa narik bali maning pasukané.[10][11] Waktu kuwe uga kesempatan terakhiré bangsa mongol nggunakna angin muson ben teyeng bali, néek ora mereka kudu ngenteni enem wulan maning tembéké teyeng berlayar.

Tanggal pasti sing dienggo dadi tanggal lairé kerajaan Majapahit kuwe dina penobatané Raden Wijaya dadi raja, yaiku tanggal 15 wulan Kartika taun 1215 saka sing padha karo tanggal 10 November 1293. Raden Wijaya dinobatna nganggo jeneng resmi Kertarajasa Jayawardhana. Kerajaan iki ngadepi masalah. Wong-wong kepercayaané Kertarajasa, termasuk Ranggalawe, Sora, lan Nambi mberontak nglawan dheweke, senajan pemberontakan kuwe gagal. Slamet Muljana ngira-ira nek mahapatih Halayudha sing nglakokna konspirasi kanggo nibaknakabeh wong kepercayaané raja, ben dheweke teyeng olih posisi paling dhuwur nang pemerentahan. Tapi seuwise kematian pemberontak sing keri dhewek yaiku (Kuti), Halayudha dicekel lan dipenjara, terus diukum mati.[11] Wijaya seda taun 1309.

Anak lan penerusé Wijaya, Jayanegara, Pararaton nyebuté Kala Gemet, sing artiné "penjahat lemah". Kira-kira pas jamane pemerentahan Jayanegara, ana pendeta Italia, Odorico da Pordenone sing teka maring keraton Majapahit nang Jawa. Taun 1328, Jayanegara dipateni nang tabibé sing jenengé Tanca. Ibu tiriné yaiku Gayatri Rajapatni kuduné nggantikna dadi ratu, tapi Rajapatni malah milih mundur sekang istana lan dadi bhiksuni. Rajapatni banjur nunjuk anak wedhoné Tribhuwana Wijayatunggadewi kanggo dadi ratu Majapahit. Tahun 1336, Tribhuwana nunjuk Gajah Mada dadi Mahapatih. Dong lagi dilantik Gajah Mada ngucapna Sumpah Palapa sing ngumumna rencanané kanggo nggedhekna kekuasaan Majapahit lan mbangun kemaharajaan. Neng jamane kekuasaan Tribhuwana, kerajaan Majapahit berkembang dadi lewih gedhe lan kondang nang kepulauan Nusantara. Tribhuwana berkuasa nang Majapahit nganti sedanén ibuné taun 1350. Dheweke digantikna nang putrané, Hayam Wuruk.

Kejayaan Majapahit[sunting | besut sumber]

Bidadari Majapahit sing anggun, ukiran emas apsara (bidadari surgawi) gaya khas Majapahit nggambarna jaman kerajaan Majapahit dadi "jaman keemasan" nang kepulauan nusantara.
Terakota wajah sing dipercaya sebagai potret Gajah Mada.

Hayam Wuruk, uga disebut Rajasanagara, mrentah Majapahit sekang taun 1350 nganti 1389. Neng jaman iki Majapahit nemonipuncak kejayaané direwangi dening mahapatihnya, Gajah Mada. Jamané dicekel Gajah Mada (1313-1364), Majapahit nguasai wilayah lewih akeh.

Miturut Kakawin Nagarakretagama pupuh XIII-XV, daerah kekuasaan Majapahit kuwe gutul Sumatra, semenanjung Malaya, Kalimantan, Sulawesi, kepulauan Nusa Tenggara, Maluku, Papua, lan sebagian kepulauan Filipina[12]. Sumber iki nidhokna batas paling jembar sekaligus puncak kejayaan Kemaharajaan Majapahit.

Tapi, batasan alam lan ekonomi nidhokna nek daerah-daerah kekuasaan kuwe kethoné ora ana nang ngisore kekuasaan Majapahit, tapi ana hubung siji karo liyane amarga perdagangan sing mungkin dimonopoli nang raja[13]. Majapahit uga nduweni hubungan karo Campa, Kamboja, Siam, Birma bagian selatan, lan Vietnam, malah tau ngirim duta-dutané maring Tiongkok.[13][1]


Raja-raja Majapahit[sunting | besut sumber]

Silsilah wangsa Rajasa, keluarga penguasa Singhasari lan Majapahit. Penguasa ditandai nang jerone gambar iki.[14]

Para penguasa Majapahit kuwe penerus sekang keluarga kerajaan Singhasari, sing dirintis nang Sri Ranggah Rajasa, pendiri Wangsa Rajasa jaman kéri-kériné abad ke-13. Kiye catétan daftar penguasa Majapahit. Nek digathekna ana periode sing kosong antarané pemerintahan Rajasawardhana (penguasa ke-8) lan Girishawardhana sing mungkin diakibatna sekang krisis suksesi sing mecahna keluarga kerajaan Majapahit dadi loro kelompok[6].

Jeneng Raja Gelar Taun
Raden Wijaya Kertarajasa Jayawardhana 1293 - 1309
Kalagamet Sri Jayanagara 1309 - 1328
Sri Gitarja Tribhuwana Wijayatunggadewi 1328 - 1350
Hayam Wuruk Sri Rajasanagara 1350 - 1389
Wikramawardhana 1389 - 1429
Suhita 1429 - 1447
Kertawijaya Brawijaya I 1447 - 1451
Rajasawardhana Brawijaya II 1451 - 1453
Purwawisesa atawa Girishawardhana Brawijaya III 1456 - 1466
Bhre Pandansalas, atawa Suraprabhawa Brawijaya IV 1466 - 1468
Bhre Kertabumi Brawijaya V 1468 - 1478
Girindrawardhana Brawijaya VI 1478 - 1498
Hudhara Brawijaya VII 1498-1518[15]

Warisan sejarah[sunting | besut sumber]

Arca pertapa Hindu sekang jaman Majapahit akhir. Koleksi Museum für Indische Kunst, Berlin-Dahlem, Jerman.

Majapahit uwis dadi sumber inspirasi kejayaan jaman gemiyen kanggo bangsa-bangsa Nusantara neng abad-abad seterusé.


Arsitektur[sunting | besut sumber]

Sepasang patung penjaga gerbang abad ke-14 dari kuil Majapahit nang Jawa Timur (Museum of Asian Art, San Francisco)

Majapahit nduweni pengaruh sing nyata lan berkelanjutan bab arsitektur nang Indonesia. Penggambaran bentuk paviliun (pendopo) macem-macem bangunan nang ibukota Majapahit nang jerone kitab Negarakretagama uwis dadi inspirasi kanggo arsitektur macem-macem bangunan keraton nang Jawa uga Pura lan kompleks perumahan masyarakat nang Bali jaman saiki.


Senjata[sunting | besut sumber]

Neng jaman Majapahit ana perkembangan, pelestarian, lan penyebaran teknik nggawe keris kambi fungsi sosial lan ritualé. Teknik nggawe keris dadi lewih alus lan pemilihan bahané dadi tambah selektif. Keris sedurungé jaman Majapahit terkenal abot nanging sejegé masa iki lan seterusé, bilah keris sing entheng tapi kuat dadi petunjuk kualitasé keris. Pangganggone keris nggo tanda kebesaran kalangan aristokrat uga berkembang nang masa iki lan tambah luas maring sakabehé penjuru Nusantara, utamané nang bagian kulon.

Seliané keris, teknik nggawe lan nganggo tombak uga melu berkembang.


Referensi[sunting | besut sumber]

  1. 1,0 1,1 Ricklefs (1991), halaman 19
  2. Prapantja, Rakawi, trans. by Theodore Gauthier Pigeaud, Java in the 14th Century, A Study in Cultural History: The Negara-Kertagama by Pakawi Parakanca of Majapahit, 1365 AD (The Hague, Martinus Nijhoff, 1962), vol. 4, p. 29. 34; G.J. Resink, Indonesia’s History Between the Myths: Essays in Legal History and Historical Theory (The Hague: W. van Hoeve, 1968), hal. 21.
  3. Taylor, Jean Gelman (10 Maret 2003). Indonesia: Peoples and Histories. New Haven and London: Yale University Press. hlm. pp.29. ISBN 0-300-10518-5. 
  4. 4,0 4,1 Ricklefs (1991), page 18
  5. Johns, A.H. (1964). "The Role of Structural Organisation and Myth in Javanese Historiography". The Journal of Asian Studies 24 (1): 91–99. http://links.jstor.org/sici?sici=0021-9118%28196411%2924%3A1%3C91%3ATROSOA%3E2.0.CO%3B2-Z. 
  6. 6,0 6,1 6,2 M.C. Ricklefs, Sejarah Indonesia Modern 1200-2004, Edisi ke-3. Diterjemahkan oleh S. Wahono dkk. Jakarta: Serambi, 2005, hal. 55. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "Ricklefs_55" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  7. C. C. Berg. Het rijk van de vijfvoudige Buddha (Verhandelingen der Koninklijke Nederlandse Akademie van Wetenschappen, Afd. Letterkunde, vol. 69, no. 1) Ansterdam: N.V. Noord-Hollandsche Uitgevers Maatschappij, 1962; cited in M.C. Ricklefs, A History of Modern Indonesia Since c. 1300, 2nd ed. Stanford: Stanford University Press, 1993, pages 18 and 311
  8. 8,0 8,1 Setiono, Benny. "Remuk lan Tangine Martabat/ Jati Diri Etnis Tionghoa nang Indonesia (bagian 1)". http://www.indonesiamedia.com/lipsus/lipsus-2003-martabattionghoa2.htm. Diakses pada 16 Juni 2024. 
  9. David Bor - Khubilai khan and Beautiful princesses of Tumapel 2006
  10. Groeneveldt, W.P. Historical Notes on Indonesia and Malaya: Compiled from Chinese Sources. Djakarta: Bhratara, 1960.
  11. 11,0 11,1 Slamet Muljana. Menuju Puncak Kemegahan (LKIS, 2005)
  12. Poesponegoro, M.D., Notosusanto, N. (editor utama). Sejarah Nasional Indonesia. Edisi ke-4. Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka, 1990, hal. 436.
  13. 13,0 13,1 Ricklefs (1991), halaman 56
  14. Bullough, Nigel (10 Maret 1995). Historic East Java: Remains in Stone. Jakarta: ADLine Communications. hlm. 116–117. 
  15. Februana, Ngarto (2007). "Sepak Terjang Para Pendekar". Tempo. http://www.ruangbaca.com/ruangbaca/?doky=MjAwNw==&dokm=MTE=&dokd=Mjc=&dig=YXJjaGl2ZXM=&on=Q1JT&uniq=NTg5. Diakses pada 16 Juni 2024. 

Pranala luar[sunting | besut sumber]