Roti

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Roti tawar sing uwis diiris-iris

Roti kuwe panganan sing digawé sekang glepung trigu, banyu lan ragi.[1]Babonané adonan diuléni lan dinengna ben teyeng ngembang.[1] Nek uwis ngembang roti sing isih awujud adonan banjur dibakar nang oven.[1]

Wong Jawa jaman sekiye wis padha séneng roti. [1] Nek jaman gemiyen wong Walandi sing nggawa roti maring Tanah Jawa.[1]

Roti Tawar[sunting | besut sumber]

Roti tawar yakuwe roti sing rasané tawar utawa netral.[1] Roti tawar akéh jinisé.[1] Méh saben toko roti dodol roti tawar.[1] Roti kiye biyasané kanggo sarapan lan diwénéhi sele utawa keju, susu lan coklat. [1]Roti tawar uga kena dipangan nganggo ''margarin'' utawa mentéga.[1] Saliyané dipangan langsung, roti tawar uga kena dipanggang utawa dibakar. [1]Roti tawar uga kena dadi bahan baku jajanan kayata, resoles roti.[1]

French bread/baguette[sunting | besut sumber]

Roti kiye uga diarani roti tongkat amarga bentuké lonjong dowa mirip tongkat. [1]Roti tongkat biyasané digawé ''garlic bread'' utawa ''bruschetta'' utawa langsung dipangan nganggo sup.[1]

Plan au levain[sunting | besut sumber]

Roti kiye kalebu jinis roti Perancis. Bentuke bunder lan kulité atos. [1]Digawé saka adonan asam. [1]Biyasané dihidangké kanggo makanan pambuka. [1]Roti kiye dipangan nganggo mentega utawa dipangan nganggo sup.[1]

Frankenbrot[sunting | besut sumber]

Roti sing asalé Jerman kiye bentuke dawa kaya roti tongkat utawa baguette, ningen ora dhuwur.[1] Roti kiye digawé saka glepung rye.[1]

Health whole wheat[sunting | besut sumber]

Roti sing digawé saka glepung gandum kiye nduwéni werna coklat. [1]Roti kiye nduwéni tekstur sing ngetokaké kulit-kulit gandum.[1] Roti Healt whole wheat kalebu roti sing nyéhataké awét nduwéni serat sing dhuwur.[1]

White bread[sunting | besut sumber]

Roti kiye yaiku roti tawar kaya sing biyasané didol ing toko-toko, ningen isih arupa bentuk sing gedhé durung dikethok-kethok utawa diiris-iris.[1]

Toast bread[sunting | besut sumber]

Roti tawar sing akéh didol ing toko-toko.[1] Roti kiye wis diiris-iris lan akeh didol ing supermarket.[1] Roti kiye bisa dipangan langsung lan bisa uga dipanggang.[1]

Roti sehat/roti gandum[sunting | besut sumber]

Roti jinis kiye pada kaya whole wheat bread, ningen wis diiris-iris.[1] Diarani roti sehat amarga digawé saka glepung gandum.[1] Rasané rada kasar amarga seraté dhuwur.[1]

Roti Gandum[sunting | besut sumber]

Roti gandum uga kalebu roti sing akeh sing golék.[2] Roti gandum bisa ningkataké kaséhatan. [2]Saliyané iku roti gandum nduwéni serat luwih akéh tinimbang roti putih biyasa. [2]Mangan roti gandum bisa gawé wareg nganti suwé.[2]

Roti gandum digawé saka gandum yaiku sing diarani whole wheat flour utawa whole wheat coarse tegesé glepung gandum wutuh sing nalika digiling mung dibuwang kulit sing njabané.[2]

Ing pasaran ora kabéh roti gandum padha. [2]Ana sing nganggo whole wheat flour namung sithik lan diwénéhi werna karamél supaya katon mirip roti gandum asli.[2] Roti gandum sing kualitasé apik nduwéni ciri-ciri.[2]

  • Pori ''remah'' sing wernané peteng lan nduwéni butiran-butiran coklat sing asalé saka kulit ari gandum.[2]
  • Kulit roti (crust) luwih peteng lan luwih kasar. [2]Roti sing biyasa kulité kuning emas lan rata.[2]
  • Ana tulisan 100% whole wheat flour ing bungkusé.[2]

Roti gandum luwih séhat amarga ngandhut serat sing luwih akeh tinimbang roti putih. [2]Serat pangan apik kanggo saluran pencernaan, ngurangi resiko diabétes, lan kanker kolon.[2]

Padha kaya roti putih, roti gandum bisa awet nganti 3-5 dina ing suhu ruang.[2] Supaya luwih awét roti gandum bisa disimpen ing kulkas.[2] Yèn kepéngin dipangan cukup diangetké ing microwave supaya empuk manéh.[2]

Energi ngluwihi Sega[sunting | besut sumber]

Roti gandum kalebu sumber enegi sing luwih apik tinimbang séga lan mie.[2] Yèn 100 gram sega ngandhut énérgi sing akéhé 178 kalori lan 100 gram mi ngandhut énérgi 86 kkal, ningen roti gandum sing cacahé 100 gram bisa ngandhut énérgi sing cacahé 248 kalori.[2] Saliyané ngandhut énérgi sing akéh, serat sing ana ing roti gandum uga luwih apik saéngga bisa nahan ngeléh luwih suwé. [2] Roti gandum lan roti putih padha-padha roti sing digawé saka gandum ningen roti putih digawé saka trigu yen roti gandum digawé saka tepung gandum.[2]

Trigu yaiku asil panggilingan wiji gandum sing palig jero utawa endosperm, yèn glepung gandum yaiku asil panggilingan wiji gandum wutuh sing mung dibuwang kulit njabané, saéngga ngandhut serat sing luwih akéh tinimbang glepung trigu putih.[2]

Roti gandum sing asli yaiku roti sing kagawé saka 100 persén glepung gandum.[2] Roti gandum sing kualitasé apik bisa dititik saka ''remah'' sing wernané peteng lan ana butiran-butiran coklat asil saka kulit ari wiji gandum.[2] Roti gandum asli uga bisa dititéni saka kulit roti utawacrust sing luwih peteng, yèn roti putih wernané kuning rada mas.[2]

Roti gandum ngandhut serta sing akéhé tikel enem saka roti putih.[2] Saliyané iku, roti gandum uga nduwé ngandhut karbohidrat lan énérgi sing luwih sithik katimbang roti putih.[2] kiye sing marakaké roti gandum bisa njaga berat badan sing idéal.[3]

Roti Buaya[sunting | besut sumber]

Roti buaya utawa roti baya yaiku roti kanggo seserahan ing upacara ngantén adat Betawi.[4] Roti baya kiye dawané kurang luwih 50 cm. [4]Roti kiye digawa ngantén lanang kanggo seserahan.[4] Roti kiye nggambaraké kasetyan pasangan ing pernikahan lan supaya bisa urip lan mati bareng tégesé tansah nyawiji.[4]

Asal mulané roti baya kiye yaiku masyarakat Betawi terinspirasi kéwan baya sing mung kawin sepisan semur-umur.[4] Masyarakat Betawi percaya mitos kiye turun temurun.[4]

Miturut masyarakat Betawi roti nglambangaké ékonomi sing mapan. [4]Tégesé saliyané nduwéni kasektén, pasangan uga tansah mapan uripé, mulya lan suksés.[4]

Roti Daging[sunting | besut sumber]

Roti daging yaiku roti sing isiné olahan daging.[5] Daging sing dianggo isi bisa daging ayam, sapi, lan kebo. [5] Ana uga sing diarani roti daging asap[5]


Galeri Roti[sunting | besut sumber]

Chatetan suku[sunting | besut sumber]

  1. 1,00 1,01 1,02 1,03 1,04 1,05 1,06 1,07 1,08 1,09 1,10 1,11 1,12 1,13 1,14 1,15 1,16 1,17 1,18 1,19 1,20 1,21 1,22 1,23 1,24 1,25 1,26 1,27 1,28 1,29 (Indonesia)Kompas.com(dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
  2. 2,00 2,01 2,02 2,03 2,04 2,05 2,06 2,07 2,08 2,09 2,10 2,11 2,12 2,13 2,14 2,15 2,16 2,17 2,18 2,19 2,20 2,21 2,22 2,23 2,24 2,25 2,26 (Indonesia)Femina Online(dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
  3. (Indonesia)Kompas - Roti Gandum(dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
  4. 4,0 4,1 4,2 4,3 4,4 4,5 4,6 4,7 (Indonesia)Kompas Megapolitan(dipunundhuh tanggal 2 Mei 2011)
  5. 5,0 5,1 5,2 (Indonesia)Tabloid Nova(dipunundhuh tanggal 2 Mei 2011)