Keju

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Mlumpat maring: navigasi, goleti
Kéju tipe Gouda sekang negari Walandi.

Kèju sekang basa Portugis: queijo kuwe panganan sing digawe sekang susu.[1] Wondéné susu sing kanggé asringipun inggih susu sapi. Sabèntenipun saged ugi nganggé susu méndha, keledhe, kapal kaliyan unta.[2]

Kèju anggènipun ndamel sekang susu, dipunicali kandhutan toyanipun kaliyan dipunsukani obat supados saged fermentasi saha mboten bosok.[2] Kèju nggadahi sedaya kadungan wonten susu inggih kadosta :protein, vitamin, mineral, kalsium, vitamin B12, zink, lan fosfor ningen uga lemak lan kolesterol sing saged damel penyebab masalah kesehatan saumpami dipun konsumsi kekathahen.[3] Pakanan iki dikenal ing sakupenging dunya, ningen keju dugaane asale sekang Timur Tengah.[1] Senajan ora ana kapesthen sekang ngendi keju kui, ningen miturut legenda keju ditemokake sepisanan pangembara sekang arab.[2]

Sejarah[sunting | sunting sumber]

Asal-usul[sunting | sunting sumber]

Keju wis digawe awit jaman prasejarah senajan ora ana bukti trep kapan keju pertama digawe[4]. Masyarakat prasejarah mulai ninggalake gaya hidup nomaden lan malih dadi peternak wedhus, domba utawa sapi[4]. Amarga kurang karesikan lan asring kena sinar srengenge langsung mulane susu sing ing bejana dadi kenthel, jebul bareng dipangan rasane enak[4]. Kawiwitan sekang kuwi manungsa nemokake keju krim asam (sour cream cheese)[4]. Salah sawijining legenda nyaritakake yen ana pemburu sing mateni sapi, banjur mbukak wetenge lan nemokake saperangan warna putih sing enak[4]. Anane enzim rennet ing jero weteng sapi nyebabake susu dadi kenthel, saengga dadi apa sing kasebut keju saiki[4]. Carita liyane nyebutake yen keju kuwi asale sekang Timur Tengah dening pengembara sekang arab[4]. Pengembara kuwi numpak jaran lan gawa susu ing pelanane[4]. Sawetara suwe susu kuwi wis malih dadi banyusing pucet lan gumpalan-gumpalan putih[4]. Amarga pelana sing kanggo nyimpen susu digawe sekang weteng kewan (sapi, domba,lan wedhus) sing ngandung rennet, dadi campuran sekang rennet, cuaca sing panas lan obah-obahing jaran nalika mlaku bisa ngubah susu dadi keju lan sekang kuwi wong-wong mulai nggunakake enzim sekang weteng kewan kanggo gawe keju[4].

Yunani lan Romawi kuno[sunting | sunting sumber]

Mitologi Yunani Kuno nyebutake yen Aristaeus kuwi panemu keju[5].Odyssey tulisan Homer (800 SM) nyebatake yen Cyclops gawe keju sekang susu domba lan wedhus[5] . Keju sekang susu wedhus kuwi komoditas sing cukup penting ing Yunani, lan masyarakat Yunani percaya yen keju bisa nggawe perwira luwih kuat lan bisa ngrangsang nepsu birahi[5] . Hippocrates nggunakake keju gawe ngobati radang lan keju uga digawe sesaji kanggo dewa-dewa[5] . Kebudayaan Romawi kuwi sing banjur ndadekake keju akeh jinise kaya saiki[6]. Bangsa Romawi kuwi kikenal bangsa sepisanan kang mangerteni bab proses gawe lan nyimpene keju, bangsa Romawi mangerteni akibat teknik gawe kang beda kuwi nyebabake rasa lan karakter keju uga dadi beda[6]. Bangsa Romawi nggawa keju lan seni gawene nalika ngalahake Gaul, bangsa Perancis lan Inggris, sing banjur disambut apik[6].

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ 1,0 1,1 Asal Mula Keju
  2. ^ 2,0 2,1 2,2 Halalguide.info
  3. ^ (Inggris) Ryan, Nancy Ross (2007). Cheese. Microsoft ® Student 2008 [DVD]. Redmond, WA: Microsoft Corporation. 
  4. ^ 4,0 4,1 4,2 4,3 4,4 4,5 4,6 4,7 4,8 4,9 www.koleksiweb.com
  5. ^ 5,0 5,1 5,2 5,3 (Inggris) Iburg, Anne (2004). Dumont's Lexicon of Cheese. Rebo International b.v., Lisse, The Netherlands.. ISBN 978-90-366-1689-8. 
  6. ^ 6,0 6,1 6,2 cheesehut.tripod.com

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Wiki letter w.svg

Artikel kiyé ésih tulisan rintisan. Mangga mélu ngembangna dadi tulisan sing wutuh.