Nusakambangan

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.

Langsung menyang: navigasi, golèk

Nusakambangan kuwe salah siji pulo neng Indonesia.

[sunting] Mitos

Miturut Critane, Nusakambangan jaman mbiyene prahu, dadi sewayah-wayah mbuh kapan bisa klelep laut. Jarene critane kamituwa (jaman nenek moyang), Nusakambangan klelep nek gedang (pisang) dituku nganggo duit emas, lan Nusakambangan dadi pasar sing rame. Tapi kabehan mau mung dongeng, alias adoh ngaeng.

Pulo Nusakambangan, bisa dadi bentenge Kota Clacap (wong kuna akeh sing nyebut Cilacap, karo sebutan Clacap)sekang gempuran ombak Laut Kidul (samudera Hindia).

Cilacap kuwe masyarakate akeh sing dadi nelayan neng daerah kidul cedak laut. Nang kono ana teluk sing terkenal jenenge teluk penyu. Mbiyen teluk penyu akeh penyune, jerene bapakku (jaman 70-an) neng semenjak tahun 1980-an penyu-penyu wis dadi langka sebabe dijioti nang penduduk siki wis arang banget palah ora nana.

Neng cilacap juga ana wisata bentheng pendhem peninggalan landa, jenenge bentheng pendhem uga benthenge kependhem lemah, dadi posisine neng ngisor ketutup bukit. Mbiyene neng landa nggo basis pertahanan daerah samudra hindia, ana penjara lan pos-pos neng pinggir pantai, tapi pos-pos kuwe wis pada runtuh. Isih ana bangunan landa nang pulo nusakambangan dadi daerah tujuan wisata nek pelancong teka nang nusakambangan karo prahu sing ditawakke karo jasa prahu.

Nang clacap juga ana pelabuhan alam, jenenge pelabuhan alam sebabe ora digawe-gawe wis jero uga prahu gedhe isa lewat lan mendarat nang plabuhan kuwe.

Arah timur pesisir ana wisata gunung srandil lan gunung selok, sebenere dudu gunung mung bukit nang pinggir laut. Critane mbiyen Soeharto presiden ke loro indonesia seneng semedi nang gunung srandil kuwe, jenenge critane angel dibuktikna, kiye sing ngomong ya warga-warga sekitar gunung srandil kuwe. Nang kana ana wisata gua jepang, gua sing populer dikunjungi pelancong nek dolan nang gunung selok.

Arah barat perbatasan jawa barat dibatesi karo kecamatan majenang. Kecamatan kiye populer nang sopir-sopir sing sering lewat jalur selatan arah bandung. Kecamatan majenang kuwe daerah pegunungan dan pertanian.

Arah utara cilacap dibatesi karo wilayah banyumas, penduduk wilayah utara yo awale akeh dadi tani lan kebun.

Wiki letter w.svg

Tulisan/artikel kiye egin tulisan rintisan.

Mangga melu ngembangna dadi tulisan sing utuh.

mbalik ming: Kabupaten Cilacap
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://map-bms.wikipedia.org/wiki/Nusakambangan"