Kinjeng

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Mlumpat maring: navigasi, goleti
?Semprang
Kinjeng tentara
Kinjeng tentara
Klasifikasi ilmiah
Kerajaan: Animalia
Filum: Arthropoda
Kelas: Insecta
Ordo: Odonata
Upaordo: Epiprocta
Infraordo: Anisoptera
Selys, 1854
Suku

Aeshnidae
Austropetaliidae
Cordulegastridae
Corduliidae
Gomphidae
Libellulidae
Macromiidae
Neopetaliidae
Petaluridae


Kinjeng (utawa semprang, coblang) (Basa Indonesia:capung, Basa Inggris:dragonfly[1]) kuwe klompok srangga sing kagolong nang bangsa Odonata. Srangga kiye arang ana nang papan sing adoh karo banyu, papané kanggo ngendhog lan ngentèkaké wektu pra-diwasa anak-anaké. Jenengé nang basa Sundha yakuwe papatong.

Kinjeng (subordo Anisoptera) rélatif gampang dibédakna sekang kinjeng dom (subordo Zygoptera). Kinjeng umumé awaké rélatif gedhé lan mencok kanthi swiwi kabukak utawa mbentang kiwa tengen. Éwadéné semprang dom umumé awaké cilik (senadyan ana sapérangan jinis rada gedhé), nduwèni abdomen sing kuru ramping mèmper dom, lan mencol kanthi swiwi katutup, jejeg dadi siji nang gegeré.

Kinjeng kuwe salah sijine wujud kewan kang dadi mbajak nang angkasa.[1] Kewan kiye dadi kewan sing unik yakuwe pas mangsa kawin nang angkasa.[1] Uripe kinjeng kiye ora suwe bisa dietung nganggo dina.[1] Amarga yen wayah esuk dadi mangsane manuk Sikatan dene wayah sore dadi mangsane manuk alap-alap, walèt sapi, kirk-kirk, lan cabak maling.[1] Kinjeng kuwe bisa mabur kurang luwih 30 detik kang ajeg dhuwure.[2] Rahasiane yakuwe lar aerodinamise kinjeng kuwe pancen supertipis, ora rata, lan ana lekukan kang ora bisa nekuk (melengkung).[2] Para Ilmuan akeh sing wis nliti yen ta kinjeng kuwe nduweni daya angkat kang luwih gedhe nalika miber nglayang.[2] Kinjeng kiye kira-kira wis ana awit 300 yuta taun kapungkur.[3] Jinise kurang luwih ana 5.000 jinis kanthi dawane 2 - 12,5 centimeter.[3] Kewan sing kagolong serangga kiye saliyane lare kang alus, uga duwe cangkem kang kuat, mata kang amba lan tajem banget kaanggo ngeti mangsane.[3] Kijeng kiye bisa gawe titenan yen ta alame isih resik, dheweke bakal teka lan ana.[3] Ananging ye rak ana wis dadi pratanda nek alame wis rusak lan tercemar.[3]

Kawine Kinjeng

Kawine Kinjeng[sunting | sunting sumber]

Yen ta mangsane kawin kinjeng wedok ora bakal kawin maneh bar dibuahi dening kinjeng lanang.[4]

  1. Kinjeng lanang nyekel gulune kinjeng wedok.[4]
  2. Kinjeng wedok ngubetake sikile nang pinggir buntute kinjen lanang, kanthi ana sambungan kang khas nang buntute.[4]
  3. Kinjeng lanang banjur nglebokake banyu lanange nuju rongga kinjeng wadon.[4] Kadadeyan kiye mlelokake wektu kang suwe jam-jaman.[4] Mula kekarone miber kanthi posisi kang mepet-mepetan.[4]
  4. Kinjeng ninggalake endhog gedhene nang waduk utawa kolam.[4]
  5. Sarampunge endhog kinjeng mau netes, bajur anakane kinjeng mau urip nang jero banyu kurang luwih telu nganti petang taun.[4] mangsane iwak, bisa renang kanthi banter, lan nduweni jepit kang cukup kuwat.[4]
  6. Kijeng mau bisa ganti kulit nganti amabal kaping papat.[4] nang amabalan kang pungkasan dheweke munggah ana watu utawa wit kang dhuwur.[4] Kanthi rewangan sikil kang nang pucuke ana jepitane dheweke munggah.[4] Sepisan wae kepleset ndadekake dheweke bisa mati.[4]
  7. Geger kepompong kabukak.[4] metune kinjeng kanthi bening lan nduweni sifat kang lentur sempurna saka kanugrahane Gusti Kang murbegdumadi.[4]

Kinjeng kiye bisa dadi pamangsane alami kewan wereng[5] lan uler wulu[6] sing agawe susahe manungsa.

Referensi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ 1,0 1,1 1,2 1,3 1,4 (Indonesia) Intisari April 2000, Kaca:81 -88
  2. ^ 2,0 2,1 2,2 (Indonesia)suaramerdeka.com(Kaundhuh tanggal 26 April 2011)
  3. ^ 3,0 3,1 3,2 3,3 3,4 (Indonesia)m.suaramerdeka.com(Kaundhuh tanggal 26 April 2011)
  4. ^ 4,00 4,01 4,02 4,03 4,04 4,05 4,06 4,07 4,08 4,09 4,10 4,11 4,12 4,13 4,14 (Indonesia)forum.kompas.com(Kaundhuh tanggal 26 April 2011)
  5. ^ (Indonesia)www.metrotvnews.com(Kaundhuh tanggal 26 April 2011)
  6. ^ (Indonesia)metrotvnews.com(Kaundhuh tanggal 26 April 2011)