Srangga
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
| ?Srangga Rentang fosil: Karbonifer - Saiki |
||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Kinjeng abang sekang Indonésia
|
||||||||
| Klasifikasi ilmiah | ||||||||
|
||||||||
| Ordo | ||||||||
|
Pirsani teks |
Srangga utawa Insecta kuwe klompok utama sekang kéwan mawa ros-ros (Arthropoda) sing sikilé enem. Mulane kuwe, srangga uga disebut Hexapoda. Srangga ditemokna nang mèh kabèh lingkungan kejaba nang segara. Èlmu sing nyinaoni ngenani kauripan srangga disebut entomologi.
Luwih sekang 800.000 spesies insekta wis ditemokna. Ana 5.000 spesies bangsa semprang (Odonata), 20.000 spesies bangsa walang (Orthoptera), 170.000 spesies bangsa kupu lan ngengat (Lepidoptera), 120.000 bangsa laler lan kerabaté (Diptera), 82.000 spesies bangsa kepik (Hemiptera), 360.000 spesies bangsa kumbang (Coleoptera), lan 110.000 spesies bangsa semut lan tawon (Hymenoptera).