Kenthongan

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Kenthong

Kenthongan kuwe salah siji kesenian pertunjukan massal sing perangkat utamane kenthong. Kenthong digawe sekang tugelan pring sing dibolongi sedawa ros nang pinggire. Jaman gemiyen, kentong kuwe fungsine akeh nang masyarakat. Fungsi utamane nggo alat woro-woro. Contone dinggo nyebarena tanda peringatan dini bahaya bencana banjir, kebakaran, utawa kemalingan. makna komunikasine ana nang ritme swara tabuhane karo kombinasi sekang swarane. Makna monine kuwe diatur sesuai kesepakatan nang masyarakat. misale nabuhe tuk sepisan-sepisan kuwe nek kemalingan, ping loro-loro, nek kebakaran, lan lian-liane, pokoke sesuai karo kesepakatane masyarakat kono.

Kenthong ra mukur digawe sekang pring, bisa bae seknang kayu,kadang malah ana kenthong sing wujude kaya lombok, apa bebek lan bentuk liyane, sekarepe sing gawe, suarane juga beda beda, dai wujud ro suarane bisa disesuekna karo kekarepane sing gawe. nek pengin ndeleng kenthong sekang kayu, biasane nang langgar, apa mesjid nang ndesa kiye nan kenthong sekang kayu, biasane nang sanding bedug, gunane ya goaweh kabar nek wis mlebu wktu sholat aring masyarakat sekitar kono.

Jaman siki, alat kiye umume fungsine mung go hiasan nang omah-omah, gunane kenthong wis kalah karo peralatan komunikasi elektronik sing modern, kaya hape, tivi, internet, lan lian-liane. padahal jaman ndisit ra mukur cemantel nang pos ronda utaane nang pinggir umah, tapi biasane nek masyarakat nang desa lagi pada ronda, kuwe pada kenthongsn, muter turut dalan desa, nggugah masyarakat kon pada tangi, dadi kenthonge ra mukur siji, ditabuh selang seling sampe dadi irama musik sing enak dirungokna, ya kaya klothekan lah, tapi karo kenthong.

Nang perkembangane, merga kenthong bisa ngasilna irama musik, nang daerah Banyumas, kenthong dadi kesenian Kenthongan, mulai rame nang taun sangangpuluhan sampe rongewuan. men bisa ngasilna melodi ditambah alat musik liane ya kuwe Angklung, karo Calung nggo ryteme nek nang musik modern, biasane ya ketambahan suling, men luwih merdu dolanan kenthongane, nggo bas, biasane nganggo tong sing nduwure di tutup nganggo bekas ban njero, meh pada karo bas drum lah. lah nggo perkusi men tambah rame biasane nganggo kompang utawa terbang dikombinasi karo ketipung, ditambahi simbal, men ana suara trebele, nek ora,perkusi biasane nganggo drum mini.

Jumlah pemain kenthongan biasane sekitar wong rong puluhan, biasane paling akeh nang kenthongane, soale wong siji nutuk kenthong siji irama sing ajeg sedawane lagu, dadi amben kenthong kuwe nduwe variasi nutuk sing beda-beda, misale kenthong siji, nutuke si perpapat, telu perpapat lan lian-liane, mulane butuh wong akeh, men bisa ngasilna moni kenthongan sing akeh variasine. Kenthongan biasane dipimpin nang siji utawa loro Mayoret, kaya nang Drumband,mukur nek nang kenthongan klambine ya sing tradisional, men tambah rame terus ra mboseni dideleng, nang kelompok kenthongan biasane ana sing nari, biasane ya tarian khas Banyumasan.

Kesenian kenthongan paling cocok nggo ngiringi lagu-lagu sing banter, kaya dangdut lan liane, soale genah klothekan, nek ra banter ya ra rame, tapi ya ora nutup kemungkinan ngkone kenthongan dadi tetep kepenak dirungokna go ngiringi lagi sing londog utwa basa landane slow. siki kesenian Kenthongan nang daerah Banyumas anu akehe pol, malahan miturut Dinas Pariwisatadan Kebudayaan Kabupaten Banyumas nyebutnan nek nang tahun 2004 perkumpulan Kenthongan cache ana 368 grup, kuwe nang kecamatan Banyumas tok, urung nang daerah liane? kaya Purbalingga, Cilacap, BanjarNegara lan lian liane. Kentongan biasane dianakna nggo hiburan pas ana hajatan, lan upacara-upacara liane, malahan siki sering banget ana Festival resmi Kenhongan, mulane tambah akeh kelompol-kelompok kenthongan sing eksis siki.

Paling sering kesenian Kenthongan kiye ditampilna nang daerah obyek wisata Baturaden, Purwokerto. Selain nggo nyambut pengunjung karo ngramekna tempat wisata Baturaden, kiye juga dimaksudna go njaga lannglestarikna kebudayaan lokal, sing siki mulai ilang kalah nang budaya modern.