Bawor

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Bawor kuwe salah sijining sosok Punakawan nang pewayangan model Banyumasan, sing identifikasine padha karo Bagong nang wayang gaya Surakarta utawa Yogyakarta. Bagong kuwe anak bontote Semar nang epos Mahabharata sementara Bawor ialah anak sulung Semar nang pewayangan gagrak Banyumasan.

Bawor kawit gemiyen cocog kanggo nggambarna wateke wong Banyumasan utawa simbule wong Banyumasan.

Watek Bawor[sunting | besut sumber]

Cablaka/Blakasuta, glogok soar, mbelani sing bener, jujur, ora clamitan lan sipat-sipat ksatria liyane, kuwe wateke Bawor. Pancen Bawor dudu satria kaya Werkudara, mung rakyat jlantah, blekethir utawa gedibal pitulikur, ningen nduweni sipat-sipat sing apik, senajana sok doyan penjorangan.

Bawor seneng meng peseduluran, ora tau slimpat-slimpet, angger nembung mesthi cablaka, angger diprentah mesthi dilakoni kelayan bener.

Lawan wateke Bawor: watek ningrat, priyayi, ora gelem ajur ajer karo rakyat, utawa nek wis njagong nggolete berkat, butuh dhuwit senenge nyikat, karo sepadha-padha ora mupakat.

Deneng Bawor?[sunting | besut sumber]

Deneng Sifat Bawor / Gambar wayang anake semar kue identik karo wong banyumasan?, kenangapa dadi Bawor sing di pilih padahal tokoh sing cemplang cemlpong nek ngomong?.

Bawor kue nek ngomong sekarepe wudele dewek banyumasane asal jeplak ning bener. Lah sifat dasare nek kon matur maju kali ndoro (Bendoro biasane Tokoh Pendawa) biasane Ngomonge "mangga panjenengan mawon ingkang matur kula nderek mawon teng wingking". Nek nang buri petentengan omongane, nek kon maju kulo nderek mawon. Nek ana sing nang ngarep Bawor nyalah-nyalahna ngomonge karo nyolek-nyolek sing nang ngarep utawa nyangkling kang mburi "mboten ngaten ndoro niku klentu sing leres ngaten", tapi nek kon nerusi mundur malih karo ngomong "monggo njenengan mawon...." persibas banyumas ugA ***LASKAR BAWOR***

Deleng uga[sunting | besut sumber]