Menyang kontèn

Ronggeng Dukuh Paruk

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Ronggeng Dukuh Paruk kuwé novèl sing ditulis déning Ahmad Tohari, panganggit Indonesia asal Kabupaten Banyumas, lan diterbitna kaping pisan ing taun 1982. Novèl iki ngandhani critanè trèsna antaranè Srintil (penari ronggèng) karo Rasus, kancanè Srintil kawit cilik sing dadi tentara. Ronggeng Dukuh Paruk njukut latar Dukuh Paruk, dèsa cilik sing nduwéni kemlaratan, kengelihan, lan kabodhoan. Wektu sing dadi latar ing novèl iki ya taun 1960-an sing agi rame karo gejolak politik. Ing penerbitan kaping pisan, novèl iki dumadi saka telu buku (trilogi), yaiku Catatan Buat Emak, Lintang Kemukus Dini Hari, lan Jantera Bianglala. Novèl iki wis dadi film Darah lan Mahkota Ronggeng (1983) lan Sang Penari (2011). Nang taun 2014, Ronggeng Dukuh Paruk diterbitna maning tapi wujudé audio nganggo swaranè Butet Kartaredjasa.[1]

Sejarahé Penerbitan

[sunting | besut sumber]

Novèl Ronggeng Dukuh Paruk sepisanan diterbitna taun 1982 wujud trilogi, yaiku Catatan Buat Emak, Lintang Kemukus Dini Hari, lan Jantera Bianglala. Taun ngarepè, novèl iki diadaptasi dadi film Darah lan Mahkota karo sutradara Yazman Yazid lan perani Ray Sahetapy karo Enny Beatrice. Nang taun 2003, Gramedia Pustaka Utama nerbitna trilogi iki mau dadi siji novèl sing judulé Ronggeng Dukuh Paruk. Penerbitan ulang iki dilengkapi karo bagian-bagian sing mbiyén kena sènsor. Nganti taun 2012, vèrsi anyar novèl iki wis dicetak maning ping sanga.[2] Taun 2011, Ronggeng Dukuh Paruk diadaptasi maning dadi film sing judulé Sang Penari. Adaptasi kaping loro iki disutradarai Ifa Isfansyah karo pemeran utama Prisia Nasution lan Oka Antara. Film kaping loro iki suksès olih sepuluh nominasi Festival Film Indonesia 2011 lan menang papat Piala Citra.

Taun 2014, novèl Ronggeng Dukuh Paruk diprodhuksi déning Digital Archipelago nganggo wujud audio karo Butet Kartaredjasa sing dadi pengisi swaranè.[1] Proyèk iki tetep nganggo format trilogi lan butuh wektu sak taun, yaiku taun 2012-2013.[3] Novèl kesiji, Catatan Buat Emak, rekamanè kira-kira 6 jam, novèl keloro, Jantera Bianglala, kira-kira 8 jam, lan novèl ketelu, Lintang Kemukus Dini Hari, kira-kira 6 jam. Nganti siki, Ronggeng Dukuh Paruk wis diterbitna nang limang basa, yaiku basa Indonesia, basa Jepang, basa Jérman, basa Belanda, lan basa Inggris.

Deleng Uga

[sunting | besut sumber]
  1. 1,0 1,1 https://www.tempo.co/gaya-hidup/kisah-ronggeng-dukuh-paruk-dibuat-versi-audio-1541591
  2. Tohari, Ahmad. 2003. Ronggeng Dukuh Paruk. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama.
  3. https://www.antaranews.com/berita/422852/ronggeng-dukuh-paruk-dikonversi-ke-buku-audio

Pranala Jaba

[sunting | besut sumber]