Menyang kontèn

Pabrik Gula Tasikmadu

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Pabrik Gula Tasikmadu kuwé salah sijiné pabrik gula sing nduwéni sejarah saka jaman Hindia Walanda sing isih aktif tekan siki. Pabrik Gula Tasikmadu ana ing Desa Ngijo, Kecamatan Tasikmadu, Kabupaten Karanganyar, Provinsi Jawa Tengah. Jarakè kira-kira 12 kilomèter nang sisih wètan Kota Surakarta. Yèn arep menyang Pabrik Gula Tasikmadu saka Kota Surakarta, isa nganggo transportasi umum kaya bis utawa angkutan kota sing arahè menyang Karanganyar. Pabrik iki siki dikelola déning PT Perkebunan Nusantara IX (PTPN IX), sawijining perusahaan negara nang bidang perkebunan lan industri olahan hasil perkebunan.

Pabrik Gula Tasikmadu diadegna taun 1871 déning Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (K.G.P.A.A.) Mangkunegara IV (1811–1881), sing mbiyén dadi pimpinan Praja Mangkunegaran. Tasikmadu kuwé pabrik gula kapindho sing diadegna nang wilayah kuwé, sawisè Pabrik Gula Colomadu (1861). Loro-loronè diadegna adhedhasar inisiatif lan kebijakanè Mangkunegara IV minangka bagéan saka ngembangna sèktor ekonomi lan industri nang lingkungan Mangkunegaran.[1]

Nang pèriode taun 1830 nganti 1870, Pulo Jawa dilakokna sistem cultuurstelsel utawa tanam paksa sing dipasang déning pemerintah kolonial Hindia Walanda. Sistem kié meksa warga pribumi ben gelem nandur komoditas èkspor, misalè tebu lan kopi, kanggo kapentingan pamrèntah kolonial. Perkebunan lan industri olahan hasil tani jaman kuwé dikuwasani pihak kolonial, lan izin nggo ngadegna pabrik ora diwènèhna kanthi bebas, utamanè kanggo pengusaha lokal utawa petani pribumi.[2] Nanging merga panggonané minangka penguasa lokal sing diakoni, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (K.G.P.A.A.) Mangkunegara IV olih izin saka pamrèntah Hindia Walanda kanggo ngadegna pabrik gula. Kaistimèwaan iki ndadèkna Mangkunegara IV dadi siji-sijiné bangsawan Jawa sing nduwé lan ngatur pabrik gula nang jaman tanam paksa kuwé mau.[3]

Ananè Pabrik Gula Colomadu lan Pabrik Gula Tasikmadu dadi salah siji faktor penting sing ndorong perkembangan wilayah-wilayah sakupengè, utamanè daerah pengasil tebu lan wilayah pesisir sing nduwéni peran kanggo distribusi hasil bumi menyang pasar internasional. Pembangunan dalan sepur uga nambah kuat jaringan distribusi kuwé mau. Pas anyar-anyarè pabrik-pabrik mau kuwé dibukak, Pabrik Gula Colomadu lan Pabrik Gula Tasikmadu nampa pasokan tebu saka wilayah pertanian sakupeng nganggo pedati sing ditarik déning sapi, kebo, utawa jaran. Cara angkut tradisional kuwé nduwéni watesan bab jarak lan kecepatan distribusi, mula banjur diganti karo sistem transportasi sepur sing luwih efisièn.[4]

  1. https://kebudayaan.kemdikbud.go.id/pabrik-gula-tasikmadu/
  2. https://digilib.uns.ac.id/dokumen/81738/Pasang-Surut-Pabrik-Gula-Tasikmadu-Karanganyar-Tahun-1917-1946
  3. https://digilib.uns.ac.id/dokumen/81738/Pasang-Surut-Pabrik-Gula-Tasikmadu-Karanganyar-Tahun-1917-1946
  4. Purnomo, Muhammad Bachtiar; Nugroho, Rachmadi; Cahyono, Untung Joko; Nugroho, Purwanto Setyo (2021-07-31). "REVITALISASI KAWASAN PABRIK GULA TASIKMADU KARANGANYAR SEBAGAI KAWASAN LIVING HERITAGE". Senthong (dalam bahasa Inggris). 4 (2).