Menyang kontèn

Museum Kailasa

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Gapura Museum Kailasa Dieng

Museum Kailasa kuwi sawijining museum sing ana neng Dataran Tinggi Dieng, Jawa Tengah. Museum iki nduwèni papat bangunan utama lan isiné ana koleksi arkeologis, barang-barang cagar budaya, artefak, flora-fauna, lan uga film ngenani Dieng. [1] Koleksi sing isa didelok neng museum iki antarané nyritakaké sejarahé letusan Gunung Prahu Tua, asal-usulé watu andesit sing dienggo mbangun candi, lan sistem kapercayané wong Dieng.

Museum iki dumunung neng kompleks Gedung Arca sing kagungané Balai Pelestarian Peninggalan Purbakala Jawa Tengah. Panggonané ana ngarepé Candi Gatotkaca, Jalan Kawah Sikidang, Dieng, Kecamatan Batur, Kabupaten Banjarnegara, Jawa Tengah.[2]

Museum iki mapan neng kompleks Gedung Arca duwéké Balai Pelestarian Peninggalan Purbakala Jawa Tengah. Panggonané ana neng ngarepé Candi Gatotkaca, Jalan Kawah Sikidang, Dieng, Kecamatan Batur, Kabupaten Banjarnegara, Jawa Tengah.[3]

Koleksi lan Isiné Pameran

[sunting | besut sumber]
Pengunjung Museum Kailasa lagi sinau sejarah.

Museum Kailasa nduwèni rong bangunan utama. Bangunan sing kapisan nampilaké koleksi arkeologis kaya arca-arca Hindu saka abad kaping wolu nganti sangang Masehi, kaya arca Ganesha, Siwa Mahadewa, Agastya, lan uga sawetara fragmen bangunan candi. Ana uga sawetara prasasti, kalebu Prasasti Mangulihi, sing dipamerké kanggo nuduhaké konteks sejarah ing wilayah kuwi.[4]

Bangunan sing kapindho nduwé fungsi dadi pusat informasi budaya lan alam Dieng. Neng njero ana informasi ngenani geologi, ekosistem pegunungan, flora-fauna lokal, lan uga potret uripé masyarakat, kaya sistem tetanen, kapercayan lokal, lan tradisi anak gembel sing dadi bagéan wigati saka identitas budaya Dieng.[3]

Dalan lan Fasilitas

[sunting | besut sumber]

Museum Kailasa mapan cedhak kompleks Candi Arjuna lan gampang digayuh, nganggo kendaraan pribadi utawa angkutan umum. Jam operasionalé saben dina diwiwiti jam pitu esuk nganti jam papat sore (07.00–16.00 WIB). Museum iki nyediyakké pirang-pirang fasilitas kanggo ndhukung kenyamanan pengunjung, kaya ruang pameran, ruang audio visual, taman, lan panggonan kanggo ngaso. Kanggo mlebu area museum, pengunjung kéné diwajibaké mbayar tiket Rp5.000 saben wong. [5]

Refrensi

[sunting | besut sumber]
  1. Nurlaili, Aulia Putri (2021-09-29). "15 Tempat Wisata di Banjarnegara Jawa Tengah, Nomor 6 Konon Bisa Bikin Awet Muda" https://jateng.inews.id/berita/15-tempat-wisata-di-banjarnegara-jawa-tengah/2 iNews.ID. Diakses tanggal 2025-10-10.
  2. "Museum Kailasa "https://diengplateau.com/obyek-wisata/museum-kailasa/.Diengplateau.com. Diakses 10 Oktober 2025
  3. 3,0 3,1 "Museum Kailasa, Situs Purbakala". https://web.archive.org/web/20110907030551/http://www.diengplateau.com/2010/06/museum-kailasa-situs-purbakala.html. Diakses 10 Oktober 2025.
  4. WICAKSONO, WILIBRORDUS MEGANDIKA (2024-02-18). "Dua Arca dan Satu Prasasti di Museum Kailasa Dieng Direkomendasikan Jadi Cagar Budaya".https://www.kompas.id/artikel/dua-arca-dan-satu-prasasti-di-museum-kailasa-dieng-direkomendasikan-jadi-cagar-budaya kompas.id. Diakses tanggal 2025-10-10.
  5. "Mengenal Dieng di Museum Kailasa" https://indonesiakaya.com/pustaka-indonesia/mengenal-dieng-di-museum-kailasa/ IndonesiaKaya.com - Diakses 10 Oktober 2025.