Wayang: Béda antarané révisi

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Konten dihapus Konten ditambahkan
c owahan
Escarbot (dopokan | kontrib)
c wikidata interwiki
Baris 200: Baris 200:
[[Category:Budaya]] [[Category:Seni]] [[Category:Kesenian]] [[category:Kesenian Jawa]] [[Category:Kesenian Banyumasan]] [[category:Wayang]]
[[Category:Budaya]] [[Category:Seni]] [[Category:Kesenian]] [[category:Kesenian Jawa]] [[Category:Kesenian Banyumasan]] [[category:Wayang]]



[[de:Wayang]]

[[en:Wayang]]

[[eo:Vajango]]

[[fr:Wayang kulit]]

[[id:Wayang]]

[[ja:ワヤン・クリ]]

[[jv:Wayang]]

[[ms:Wayang kulit]]

[[nl:Wajang]]
-->
-->



Revisi per 16 Maret 2018 09.17

Wayang Baworan
Wayang Baworan

Wasing iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewasingané lan dilakokaké déning dalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wasing kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wasing saka suket, lan kerdhus, ananging wasing jikis ngéné iki ora pati akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wasing kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wasing kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.

dhalang lan wayangé ing Australia
Barkas:Ismayaewayang.jpg
e-wayang kang tinatah lan sinungging mawa media digital

Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wasing kang ngéné iki diarani Wasing Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.

Ing pagelaran iku wasing ditanjepké ing debog ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.

Wasing iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wasing wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.[1]

Sajarah

Para ahli durung ana kang bisa mesthèkaké kapan wasing wiwit ana ing Indonésia. Nanging yèn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wasing kira-kira wis ana sadurungé agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon wasing durung nganggo crita-crita kang dijupuk seka India. Pagelaran iki dienggo srana nyembah marang roh leluhur.

Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh kang nulis perkara sajarah wasing. Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lan tinggalan sajarah kang wis ana.

Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hsing kanthi lakon Bimma Sang Kumara."

Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara gawé crita wasing béda karo asliné. Crita Ramayana lan Mahabharata wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), akèh crita seka India kang mlebu lan digawé gagrag jawané. Wasing wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara.

Crita-crita kang asliné seka India iku pungkasané wis geseh karo mauné. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan.

Jaman Islam mlebu, Walisanga uga nganggo wasing ing panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram anyar. Walanda kang digdaya gawé kraton Surakarta ngracik akèh crita wasing kanggo nglelipur ati.

Indonésia merdika uga nyumbang gagrag wasing kang manéka warna. Manéka warna wasing mau ana kang tetep digelar ana kang mung urip ing jamané dhéwé. Wasing kang paling akèh dienggo yaiku wasing kulit purwa.

Wayang Bali

Sebutan Wayang

Yèn dijupuk seka ukarané, wasing kuwi seka wewasingan, amarga pagelarané ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi manèh. Wasing dadi ora mligi bonéka kang ana wewasingané. Wasing golèk kang digawé seka kayu ora ngandhelaké wewasingan. Ukara wayang wis dadi pagelaran bonéka kang digelar déning dhalang.

Umumé, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wasing iki digawé seka tatahan kulit kèwan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana.

Manéka Warna Wayang

Wayang ing tanah Jawa

Wayang ing tlatah liya

Lakon Wayang

Gagrag ing Tanah Jawa

Pagelaran wasing kang sumrambah ing tanah Jawa agawé variasi kang manéka warna. variasi utawa jikis iku kang asring sinebut gagrag. Gagrag wasing ing tanah Jawa antarané:

Delengen uga

Referensi

  1. Indonesian Wayang Inscribed in 2003 on the Representative List of the Intangible Cultural Heritage of Humanity
  • Pratiwimba Adhiluhung, S Haryanto, 1988
  • Kalangwan, P.J. Zoetmulder, 1983
  • Wasing, asal-usul filsafat lan masa depannya, Ir Sri Mulyono, 1975

Wacan

  • Mudjanattistomo (1976) Pedhalangan Ngayogyakarta. Yogyakarta
  • Brandon, James (1970) On Thrones of Gold - Three Javanese Shadow Plays. Harvard University Press
  • Clara van Groenendael, Victoria (1985) The Dalang Behind the Wayang. Dordrecht, Foris
  • Keeler, Ward (1987) Javanese Shadow Plays, Javanese Selves. Princeton University Press
  • Keeler, Ward (1992) Javanese Shadow Puppets. OUP
  • Long, Roger (1982) Javanese shadow theatre: Movement and characterization in Ngayogyakarta wayang kulit. Umi Research Press
  • Mellema, R.L. (1988) Wayang Puppets: Carving, Colouring, Symbolism. Amsterdam, Royal Tropical Institute, Bulletin 315.
  • Soedarsono (1984) Wayang Wong. Yogyakarta, Gadjah Mada University Press

Pranala Njaba