Menyang kontèn

Ciu Bekonang

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Ciu Bekonang kuwé arak tradisional sing asalè saka Desa Bekonang, Kecamatan Mojolaban, Kabupaten Sukoharjo, Jawa Tengah. Arak kié digawé saka nyuling sisa-sisa cairan ètanol sing dicampur karo tètès tebu. Prosès penyulinganè dilakokna bolak-balik, dicampur karo bahan liyané sak urungé diendhepna tekan pitung dina. Kadar alkohol nang njeroné ciu bekonang kuwé antarané 20 persèn tekan 90 persèn, tergantung saka ping pira prosès distilasinè.[1]

Sejarahé Ciu Bekonang

[sunting | besut sumber]

Saka crita sejarahé, ciu kuwé mau wis ana wiwit abad 17 masèhi. Nang jaman penjajahan Walanda, ciu wis dikenal dadi miras tradisional. Saka taun 1966, pengrajin-pengrajin ciu terus nambah, bareng karo mundhakè perajin ètanol nganti 200 persèn. Munculè ciu bekonang kuwé gegandhèngan karo ngadegé Pabrik Gula Tasikmadu nang Karangayar, sing gemiyén kuwé dadi salah sijiné asèt wigati duwèkè Pura Mangkunegaran.[2]

Kontrovèrsi

[sunting | besut sumber]

Sanajan ciu Bekonang nduwé sejarah dawa lan mandan kondhang nang kalangan wong sing seneng ngombé alkohol, Pamrèntah Kabupatèn Sukoharjo wis nglarang produksi ciu lèwat Perda Nomor 7 Tahun 2012. Ananè aturan kuwé mau ora ndadèkna para pengrajin ciu Bekonang nutup usahané. Siki, umumè warga Bekonang èsih nglakoni produksi ciu, nanging nganggo skala omahan. Yèn ana wong njaba teka menyang Desa Bekonang kanggo tuku ciu, ora gambang nemokna ciu amarga ora didol sacara terang-terangan. Wong njaba luwih becik dikancani karo pemandhu lokal, ben isa nyedhaki produk ciu utawa mung kepèngin mandheng prosès distilasinè.[3]

  1. https://solopos.espos.id/beda-ciu-bekonang-dan-banyumas-apa-saja-1109851
  2. https://www.merdeka.com/peristiwa/ciu-cemceman-anak-tikus-dari-sukoharjo-yang-melegenda.html
  3. https://www.vice.com/id/article/dua-wajah-bekonang-menelusuri-tanah-kelahiran-ciu-legendaris/