Wijayakusuma

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.

Crita Kembang Wijayakusuma yakuwe salah siji crita rakyat sekang dhaerah Banyumasan. Crita rakyat kembang Wijayakusuma kiye akeh versine. Nang crita pewayangan, kembang Wijayakusuma kuwe azimat utawa senjata ampuh Sri Bathara Kresna putra panengah Prabu Basudewa sekang kerajaan Mandura. Kresna kuwe raja sing bijaksana sekang negara Dwarawati. Kembang Wijayakusuma kuwe mung dienggo kanggo ngewangi para putra Pandawa angger agi kedesak.

Makna Wijayakusuma[sunting | besut sumber]

Tembung Wijayakusuma dhewek kuwe jane asale sekang rong tembung, yakuwe Wijaya artine menang, Kusuma kuwe artine kembang, dadi Wijayakusuma kuwe artine "kembang kemenangan".

Mitos Wijayakusuma[sunting | besut sumber]

Pulo Majeti lan Pulo Bandung[sunting | besut sumber]

Nang crita rakyat, Sri Bhatara Kresna sing nang donya wayang dianggep titisan Sang Hyang Wisnu, kuwe muksa (mati ngilang). Dheweke mbalangna kembang Wijayakusuma nang segara kidul utawa samudera Indonesia pedhek karo Pulo Nusakambangan siki.

Kembang kuwe dibalangna bareng karo kendaga utawa wadahe. Tutup kendaga sing wujude bunder kuwe njelma dadi Pulo Majeti, terus wadah bagian ngisore dadi Pulo Bandung. Loro pulau kuwe anane pedhek karo pulo Nusakambangan. Konon jere wong, nang Pulo Bandung kuwe anane kembang Wijayakusuma.

Prabu Aji Pramosa[sunting | besut sumber]

Jere, dong jaman gemiyen banget nang dhaerah Jawa Timur (Kediri) ana maharaja sing nyandhang gelar Prabu Aji Pramosa. Raja kuwe nduwe watek atos, dheweke wegah tunduk maring sapa baen. Raja kuwe ora seneng angger ana wong nang nagarane sing ketone nonjol utawa duwe pengaruh. Petugas sandi (intel) kerajaan disebar ming kabeh penjuru kerajaan tur akhire jere ana laporan nek nang kerajaan kuwe pancen ana Resi sing wis kesohor merga sekti pisan.

Resi kuwe jenenge Resi Kano, gelare Kyai Jamur. Kesekten Kyai Jamur akhire krungu nang kuping raja. Raja Prabu Aji Pramosa kesuh banget ning nek arep nangkap rakyat sing ora duwe salah kuwe kudu ana alesane. Akhire raja ngundang patih, hulubalang, senapati karo pejabat utama kerajaan maksude nggolet cara nggo ngatasi kyai sakti kuwe. Bar olih saran sekang petinggi kerajaan, raja langsung mutusna: Kanggo njaga keselametan kerajaan karo raja, Kyai Jamur kudu diusir sekang kerajaan utawa dipateni sisan, kaya kuwe titah sang raja. Berita rencana raja kiye jebule cepet kesebar, akhire uga krungu neng Kyai Jamur. Dheweke mutusna sedurung utusan kerajaan teka, dheweke kudu ndisiti ninggalna negeri kiye.

Krungu nek Kyai Jamur wis ora nang panggonane, sang Aji Pramosa tambah nesu banget. Raja kuwe trus mrentahna kabeh punggawa kerajaan ngoyok lan nangkep Resi Jamur, Resi kudu dikunjara. Nggo gawe alasan Raja, Resi dianggep salah merga lunga kora njaluk pamit karo Raja. Sang Resi mlaku terus sedawane pantai laut kidul sing akhire tekan panggonan sing jenengi Cilacap, Resi ngrasa nek Cilacap kayane daerah sing aman kanggo umpetan kang pengawasane Raja.

Raja ora tahu mandeg nggoleti lan mburoni Sang Resi pokoke kudu ketangkep. Sewise digoleti nang ngendi ora akhire Raja nemokna panggonane Resi. Aji Pramosa karo punggawane teka pas Resi agi tapa, ngerti Resi agi tapa kesempatan kiye ora disaik-siakna, Sang Resi langsung di tangkep terus dipateni. Tapi wong Sang Resi dasare wong sekti mandraguna mayide ngilang (moksa). Raja dadi gumun karo keweden. Urung ilang wedine raja digawe kaget maning suara sing kemrungsung karo angin ribut kang tengah laut.

Deleng Uga[sunting | besut sumber]