Soemarno Wiryo Di Harjo utawa Pak Singa

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.


KLAMIIT, klamiit kula bumbu lading, Pak Singa, mboten kesupen ngenjing dinten Jemuah. Dalu niki dong Gendu-gendu Rasa kalihan Pak Singa. Ndaweg pada diwiwiti, mumpung taksih sonten. Sapaan itu kurang lebih berarti sebagai berikut, "Permisi, permisi, saya Pak Singa. Tidak lupa, kan, bahwa besok hari Jumat, dan malam ini giliran saya membawakan Gendu-gendu Rasa (obrolan) bersama Pak Singa. Mari kita mulai, selagi hari belum terlalu malam."

Kuwe mau sapaan khas sekang Pak Singa sing jeneng asline Soemarno Wiryo Di Harjo (75). Dheweke salah siji penyiar senior RRI Purwakerta/Purwokerto.

Saben dina Kemis mbengi labuh tabuh 21.00, Pak Singa mesthi ngejek pamireng RRI Purwakerta padha ndopok nganggo basa Banyumasan sekitar 15 menit.

Pak Singa aktif munggawani siaran Banyumasan kawit tahun 1968 tekan tahun 1985 sing bisa dirungokna sekang meh kabeh tlatah Banyumasan klebu Banyumas dhewek, Purbalingga, Banjarnegara, Cilacap, Kebumen, Brebes, Tegal bagian kidul, palah nganti tekan Wanasaba/Wonosobo.

Dheweke ya sregep nang bidang jurnalistik tur tau dadi wartawan Harian Kedaulatan Rakyat Yogyakarta, Suara Merdeka Semarang, karo kantor berita Antara. Seliyane kuwe Pak Singa ya aktif nulis nang pirang-pirang majalah basa Jawa, kaya Panjebar Semangat, Joyoboyo, karo Terang Bulan (kabehan nang Surabaya).

Wong Klampok, Banjarnegara kiye jane cita-citane gemiyen kepengin dadi tukang dodolan karcis sepur, mulane bar tamat sekolah Holland Indische School (HIS), dheweke nglamar dadi staf Perusahaan Jawatan Kereta Api (PJKA) njuran ketrima nang bagian bengkel. Karier-e munggah alon-alon ngasi dadi Kepala Perjalanan Kereta Api. Lha pas Jepang kalah, dheweke metu sekang PJKA ganti dadi juru penilik sekolah nang Banjarnegara.

Soemarno njur akhire ndaftar dadi wartawan nang Harian Suara Merdeka, Kedaulatan Rakyat, karo Antara, dheweke nulis mbarang nggo media anak-anak, kaya bangsane Mitra karo Taman Bocah terbitane Balai Pustaka.

Dhong RRI Purwokerto diresmekna tahun 1962, Soemarno ya nglamar. Lha kawit nang kene sing arane Pak Singa mulai dikenal wong. Aran kuwe mau dijiyot sekang critane Perang Dipanegara. Pas kuwe, tlatah Banyumas sekiwa-tengene padha melu berjuang nglawan Belanda sing dipimpin nang Lurah Prajurit Ngabei Singadipa.

Pendhereke Dipanegara nganggo basa sandi nggo omong-omongan karo mbarang nengeri bala utawane mungsuh. Basa sandi kuwe salah sijine unen-unen bumbu-lading sing sering diucap Soemarno saben bukakan siaran.

Jere Soemarno, teges harfiah-e, bumbu lading asale sekang tembung bumbu (bumbu dapur) dan lading (pisau), sing karo-karone uwis nyawiji ora bisa dipisah maning. Lha pada baen karo sing jenenge penyiar, wis ora bisa dipisahna sekang para pamirenge.

"Tumrape Nyong, kuwe tegese aja ngasi Nyong ka pisah sekang para pamireng," jerene.

Tumrape Soemarno, unen-unen kuwe mau udu kur pacelathon thok. Senajan uwis pensiun kawit tahun 1985, Soemarno tetep siyaran sing suarane ya khas tur dialek Banyumasane ya aos. Keteyengane kandah mawi basa Banyumasan kuwe mbarang sing ndadekna Soemarno tetep disuwun kon dadi pengasuh acara Gendu-Gendu Rasa nang RRI Purwokerto ngasi seprene.

Senajana sibuke pol dadi wartawan karo mbarang penyiar, Soemarno egin kober nulis basa Jawa mergane bisa nguri-uri warisane mbah buyute. Ketetegane kiye nggawa kasil pirang-pirang pahargyan, umpamane nang bidang pembina budaya Jawa sekang Pusat Lembaga Budaya Jawa Surakarta tahun 1998, karo mbarang sekang Menteri Penerangan tur Bupati Banyumas nggo jasane nang siaran pedesaan.

Kiye wong sing wis nduweni putra 11 sekang garwane kinasih, Salamah Yuwani, tur wis nduweni putu cacahe 13 kiye jere prihatin nemen nek weruh prilakune bocah nom siki maring budaya tinggalane mbah buyute gemiyen. Basa Banyumasan siki labuh ditinggal, sebagian masyarakat padha isin ngomong nganggo basa kuwe mau.



mBalik maring: